Harry S. Truman
| Harry S. Truman | |
|
Presiden Amerika Serikat ke-33
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 12 April 1945 – 20 Januari 1953 |
|
| Wakil Presiden | Tidak Ada (1945-1949)[1], Alben W. Barkley (1949-1953) |
| Sadurungé | Franklin D. Roosevelt |
| Pengganti | Dwight D. Eisenhower |
|
|
|
| Masa jabatan 20 Januari 1945 – 12 April 1945 |
|
| Presiden | Franklin D. Roosevelt |
| Sadurungé | Henry A. Wallace |
| Pengganti | Alben W. Barkley |
|
|
|
| Mangsa jabatan 3 Januari 1935 – 17 Januari 1945 |
|
| Sadurungé | Roscoe C. Patterson |
| Pengganti | Frank P. Briggs |
|
|
|
| Lahir | 8 Mei 1884 Lamar, Missouri |
| Meninggal | 26 Desember 1972 (umur 88) Kansas City, Missouri |
| Kebangsaan | Amerika |
| Partai politik | Demokrat |
| Suami/Istri | Bess Wallace Truman |
| Anak | Mary Margaret Truman |
| Pekerjaan | Pengusaha kecil Petani |
| Agama | Gereja Baptis |
| Tanda tangan | |
Harry S. Truman (lair ing Lamar, Missouri 8 Mei 1884, lan tilar donya ing Kansas City, Missouri tanggal 26 Desember 1972) inggih menika Presiden Amerika Serikat kaping-33 (taun 1945 ngantos dumugi taun 1953).[2] Saderengipun Truman nggadhahi jabatan minangka Wakil Presiden Amerika Serikat Amerika Serikat.[2] Panjenenganipun nggantosaken Franklin D. Roosevelt amargi tilar donya.[2]
Nalika panjenenganipun njabat presiden ingkang kaping kalihipun, Truman nggadhahi wakil presiden Alben W. Barkley. Truman menika asalipun saking Parte Demokrat Amerika Serikat.[2]
Wekdal Harry S. Truman njabat dados presiden wonten prastawa ingkang awrat kados:
- Pungkasanipun Perang Dunia II
- Wiwitanipun proses dekolonisasi
- Madhegipun PBB
- Wiwitanipun Perang Dingin
- Wiwitanipun Perang Korea
Bab lan Paragraf |
[sunting] Wekdal alitipun
Harry S. Truman dipunlairaken ing negeri bagian Missouri ing tanggal 8 Mei 1884. Panjenenganipun ageng ing kutha Independence, Missouri.
[sunting] Wiwitan karieripun
Nalika Perang Dunia I Truman tindak dhateng Perancis minangka tamtama ingkang nggadhahi jabatan kapten. Sasampunipun wangsul inggih nalika taun 1919, panjenenganipun "nandhur artanipun" wonten ing salah satunggalipun toko parusahaan pakaian, ananging usahanipun boten kasil. Wekdal mudhanipun, Truman sengkut banget kaliyan Parte Demokrat.
Harry S. Truman mangun bale wisma kaliyan Bess Wallace nalika tanggal 28 Juni 1919, lan pikantuk setunggal putri. Nalika semanten panjenenganipun kalebet tiyang tani ingkang makmur sadangunipun kalih welas taun. Taun 1922 Truman kapilih minangka jaksa dhaerah, sanajan panjenenganipun sanes ahli ing bab ukum. Kagem ngicali kekiranganipun menika, Truman ndherek kuliah dalu wonten ing salah setunggalipun Sekolah Ageng Hukum sadangunipun kalih taun.
Nalika Perang Dunia II, panjenenganipun dados Ketua Panitia Penyelidik Perang ing Senat, ingkang nalisir pamborososan arta kagunganipun negari lan korupsi. Kinten-kinten nalika Truman njabat jabatan menika, panjenenganipun sampun nylemetaken arta negara kathahipun 15 milyar dollar.
[sunting] Masa kepresidenan
Taun 1944, Harry Truman dados wakil presidenipun Franklin Roosevelt. [3] Nalika Presiden Roosevelt tilar donya tanggal 12 April 1945, lajeng Harry s. Truman dipundadosaken presiden.[3] Minangka presiden, Harry S. Truman sampun nate mendhet sawetawis kaputusan ingkang awrat tumrap sajarah. Sasampunipun Jerman saged dipuntelukaken wonten ing Perang Dunia II, Amerika Serikat saged mendesak Jepang supados nyerah, ananging Jepang boten kersa nyerah.[3] Sasampunipun musyawarah kaliyan sedaya penasihatipun, Presiden Truman paring dhawuh supados kutha-kutha ing Jepang ingkang nggadhahi usaha perang dipunserang kemawon, kados kutha Hiroshima lan Nagasaki. Sasampunipun kutha-kutha dipunbom kanthi bom atom lajeng Jepang nembe kalah.[3]
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ Until the adoption of the Twenty-fifth Amendment to the United States Constitution in 1965, there was no provision for filling a mid-term vacancy in the office of Vice President. Find Law for Legal Professionals - U.S. Constitution: Twenty-Fifth Amendment - Annotations
- ↑ a b c d (id)[1] dipunundhuh tanggal 30 Juni 2011)
- ↑ a b c d (id)Harry S. Truman dipunundhuh tanggal 30 Juni 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
|
|||||||
[sunting] Pranala Njawi
(en) Harry S. Truman