James Monroe
|
James Monroe
|
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 4 Maret 1817 – 4 Maret 1825 |
|
| Pejabat sadurungé | James Madison |
|---|---|
| Pengganti | John Quincy Adams |
|
|
|
| Lair | 28 April 1758 Westmoreland County, Virginia |
| Tilar donya | 4 Juli 1831 (umur 73) New York, New York |
| Kabangsan | Amérika |
| Partai pulitik | Republiken-Demokrat |
| Pasangan | Elizabeth Kortright Monroe |
| Pegawéyan | Petani |
| Agama | nominal Episkopal [1] |
| Tapak asma | |
James Monroe (lair ing Westmoreland County, Virginia, 28 April 1758 – tilar donya ing New York, New York, 4 Juli 1831 kanthi yuswa 73 taun) yaiku sawijining Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping lima lan njabat kaping loro période kaprésidhènan yaiku antarané taun 1817 nganti tekan 1825.[1] Jeneng Monroe dadi misuwur amarga doktriné kang dijenengi Doktrin Monroe, yaiku Monroe nyatakaké yèn bawana Amérika ora olèh dijajah menèh déning negara-negara saka Éropah. Nalika jaman Présidhèn Monroe, kamakmuran ana ing negara iki, yaiku période perdamaian ing hubungan manca negara.[2] Monroe ngetokaké pesen présidhèn nalika taun 1823, Amérika Sarékat metu saka masalah Éropah lan kawicaksanan ing Amérika lan Éropah nuduhaké yèn penutupan bisa mangaruhi.[3]
Mangsa kaprésidhènan [sunting]
James Monroe kapilih dadi présidhèn nalika taun 1817. Monroe mèlu dadi anggota ana ing Parte Demokratik-Republikan[4]. Nalika njabat présidhèn wakilé yaiku Daniel D. Tompkins.[4]
Monroe miwiti pamaréntahané kanthi mbentuk salah siji kabinèt paling kuwat ing sajarah A.S.[4] Dhèwèké nyingkiraké rasa kadhaérahan nalika milih anggota-anggota ing kabinèté.[4] Kasil paling gedhé saka pamaréntahan James Monroe yaiku ana ing urusan manca negara.[4] Wiwit pisanan dhèwèké duwé rasa simpati marang gerakan kamardikan ing negara bagéyan jajahan Spanyol ing bawana Amérika lan péngin sacepeté awèh pangakonan marang negara - negara anyar mau, nanging perkara mau katundha, merga nalika kuwi Amérika Sarékat lagi nglakokaké perundhingan karo Spanyol ngenani wilayah Florida lan dhèwèké péngin yèn perundhingan iki gagal.[4]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Presiden-Presiden Amerika Serikat. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.19
- ^ www.historycentral.com
- ^ Doktrin.net - Siapa James Monroe?
- ^ a b c d e f http://millercenter.org