James Madison
|
James Madison
|
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 4 Maret 1809 – 4 Maret 1817 |
|
| Pejabat sadurungé | Thomas Jefferson |
|---|---|
| Pengganti | James Monroe |
|
|
|
| Lair | 16 Maret 1751 Port Conway, Virginia |
| Tilar donya | 28 Juni 1836 (umur 85) Montpelier, Virginia |
| Kabangsan | Amerika |
| Partai pulitik | Republiken-Demokrat |
| Pasangan | Dolley Todd Madison |
| Pegawéyan | Pengacara |
| Agama | Episkopal |
| Tapak asma | |
James Madison (lair ing Port Conway, Virginia, 16 Maret 1751 – tilar donya ing Montpelier, Virginia, 28 Juni 1836 kanthi yuswa 85 taun) yaiku politikus Amerika lan Presiden Amerika Serikat kaping-4 (1809–1817).[1]James yaiku sawijining Bapak Pendiri negara Amerika Serikat[1]. James Madison dilairake ing Port Conway, Virginia, tanggal 16 Maret 1751.[1] James sekolah jurusan ilmu kesusastraan, filsafat, teologi lan dasar-dasar pemerintahan ing Universitas kang saiki dikenal dadi Universitas Princeton, New Jersey[2]. Sakwise lulus saka universitas, James banjur nerusake pelajarane babagan ukum lah filsafat ana ing ngomah.[2] Sakdurunge njabat presiden, James wis duwe pangalaman kang akeh lan pengalamane uga duwe kesan, salah sijine yaiku ; ketua panitia revolusioner ing Virginia, anggota delegasi Konvensi Virginia kang ngusulake supaya dibentuk Kongres Kontinental, dadi anggota kongres kontinental lan melu gawe lan ngesahake ke-10 amandemen pisanan saka Konstitusi Amerika.[1] Amandemen iki banjur dikenal dadi Piagam Hak-Hak Azazi, kang isine kayata, njamin kebebasan pers lan kebebasan ngomong ing Amerika Serikat[3]. Merga peranane nyusun lan ngesahake Konstitusi Amerika Serikat , mula banjur James Madison dikenal dadi "Bapak Konstitusi".[1] Saksuwene Konvensi penyusunan konstitusi, saben dina James Madison gawe cathetan paling penting ngenani kegiatan - kegiatan konvensi kasebut[4].James Madison asale saka partae Democratic-Republican, nalika njabat James dikancani dening wakil presiden Elbridge Gerry.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e www.notablebiographies.com
- ^ a b americanhistory.about.com
- ^ Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Presiden-Presiden Amerika Serikat. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.15
- ^ http://www.whitehouse.gov/about/presidents/jamesmadison
|
|||||||