Chester A. Arthur
|
Chester Alan Arthur
|
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 19 September 1881 – 4 Maret 1885 |
|
| Pejabat sadurungé | James A. Garfield |
| Pengganti | Grover Cleveland |
|
|
|
| Mangsa jabatan 4 Maret 1881 – 19 September 1881 |
|
| Pejabat sadurungé | William A. Wheeler |
| Pengganti | Thomas A. Hendricks |
|
|
|
| Lair | 5 Oktober 1829 Fairfield, Vermont |
| Tilar donya | 18 November 1886 (umur 57) New York, New York |
| Kabangsan | Amerika |
| Partai pulitik | Républik |
| Pasangan | Ellen Lewis Herndon Arthur, ponakan Matthew Fontaine Maury |
| Almamater | Union College |
| Pegawéyan | Pengacara Pegawai negri Pendidik |
| Agama | Episkopal |
| Tapak asma | |
Chester Alan Arthur (lair ing Fairfield, Vermont, 5 Oktober 1829 – tilar donya ing New York, New York, 18 November 1886 kanthi yuswa 57 taun) yaiku wong pulitikus Amérika kang dadi Présidhèn Amérika Sarékat kang ka-21, yaiku wiwit taun 1881 nganti tekan taun 1885.[1] Sadurungé dadi Présidhèn Amérika Sarékat, dhèwèké dadi Wakil Présidhèn ing ngisoré Présidhèn James Garfield.[1] Dhèwèké diangkat dadi présidhèn tanggal 19 September 1881, nalika James Garfield mati dina kuwi, amarga ditémbak. Dhèwèké uga dadi anggota Partai Républik.[1]
Chester Arthur lair tanggal 5 Oktober 1830.[1] Sadurungé dadi Présidhèn, dhèwèké tau dadi guru, pengacara kang suksès, panegak Partai Républik ing New York, mbentuk tentara rakyat ing negara New York (ing awal mulané Perang Sadulur Amérika), Kepala Bagéyan Piranti (pengurus piranti tentara kanggo médhan peperangan), lan Kepala Jawatan Béa Cukai ing New York (ngurusi panarikan telu-perpapaté saka kabèh dhuwit cukai ing New York kang ditampa déning Pamaréntah Federal) lan dadi wakil présidhèn ing ngisoré Présidhèn James Garfield.[1]
Mangsa dadi présidhènan [sunting]
Sadurungé dadi Présidhèn Chester Arthur bener-bener nglakokaké pulitik, nanging dadi Présidhèn, dhèwèké ora nganggo pulitik, lan dhèwèké uga ngorbanaké kauntungan pulitik kanggo nglakokaké tugasé.[2] Masalah iki kang njalari rugi kang gedhé ing partainé, yaiku Partai Républik.[2]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d e (id)Chester A. Arthur Biography (Diaksès tanggal 29 Juni 2011)
- ^ a b (id)Chester A. Arthur (Diaksès tanggal 29 Juni 2011)