William McKinley
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 1066 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| William McKinley | |
|
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 4 Maret 1897 – 14 September 1901 |
|
| Wakil Presiden | Garret A. Hobart (1897-1899), Ora ana (1899-1901), Theodore Roosevelt (1901) |
| Sadurungé | Grover Cleveland |
| Pengganti | Theodore Roosevelt |
|
Gubernur Ohio ka-39
|
|
| Masa jabatan 11 Januari 1892 – 13 Januari 1896 |
|
| Wakil | Andrew Lintner Harris |
| Sadurungé | James E. Campbell |
| Pengganti | Asa S. Bushnell |
|
|
|
| Lahir | 29 Januari 1843 Niles, Ohio |
| Meninggal | 14 September 1901 (umur 58) Buffalo, New York |
| Partai politik | Republik |
| Suami/Istri | Ida Saxton McKinley |
| Pekerjaan | Pengacara |
| Agama | Methodis |
| Tanda tangan | |
William McKinley, Jr. (lair ing Niles, Ohio, 29 Januari 1843 – tilar donya ing Buffalo, New York, 14 September 1901 kanthi yuswa 58 taun) yaiku Présidhèn Amérika Sarékat ka-25, njabat ing taun 1897 tekan 1901[1].
Panjenengané dipejahi dening salah sijining anarkis. McKinley asalé saka partai Republik. Panjenengané awalé didampingi dening wakil presiden Garret A. Hobart lan salanjute Theodore Roosevelt. Ing mangsa pamerintahané, panjenengané ngembangaké imperialisme Amerika kanthi nguasani Hawaii lan Kuba.
Awal karir [sunting]
William McKinley dilairaké tanggal 29 Januari 1843 ing Niles, Ohio lan minangka anak kapitu saka sangang sedulur. Ing umur 17 taun panjenengané mlebu perguruan tinggi, ananging kapeksa ninggalaké bangku kuliah ora suwe sawiesé kuwi amarga kesehatané sing kurang apik.
Panjenengané akhiré nduwé profesi minangka guru. Nalika Perang Sedulur Amerika pecah ing taun 1861, McKinley sing umure 18 taun mlebu tentara lan berjuang ing Virginia kulon lan akhiré panjenengané diangkat dadi Letnan Loro. Sawisé Perang Sedulur rampung, William McKinley sinau hukum ing salah sijining kantor sasuwené setaun, lan nglanjutaké kuliah sasuwené pirang-pirang taun ing Sekolah Hukum.
Ing umur 24 taun panjenengané mbukak praktèk hukum. Ing umur 34 taun McKinley entuk jabatan ing Kongrès. Kapribadiané sing nyenengaké, wataké sinmg sopan, lan kapinterané nyebabaké panjenengané munggah kanthi cepet. Panjenengané tugas ing Kongrès sasuwené 14 taun lan salanjuté dadi Gubemur negara bagian Ohio sasuwené rong mangsa jabatan.
Mangsa kapresidhènan [sunting]
William McKinley dadi calon Presidhèn saka Partai Republik ing pamilihan 1896, amarga dukungan salah sijining kancané sing sugih, panjenengané menang luwih saka pitung juta suara saka jumlah suara meh 14 juta[2].
Pamarintahan Presidhèn McKinley sibuk karo kegiyatan-kegiyatan ing bidang politik luar negeri. Ing ngisor pamarintahané, Amèrika sing kapisan oleh daerah-daerah ing luar negeri, yaiku Filipina, Guam, lan Puerto Rico[3]. Iki minangka kasil Perang Satus Dina ing taun 1898 antarané Amérika Sarékat lan Spanyol[4]. Perang iki metu amarga Amerika pengen mbiyantu Kuba ngolèhaké kamardikané saka Spanyol. Ing perang satus dina kuwi, Amerika ngalahaké pasukan Spanyol ing njaba pelabuhan Santiago ing Kuba[5].
Referensi [sunting]
- ^ Suhindriyo. 1999. Biografi Singkat Presiden-Presiden Amerika Serikat. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.90.
- ^ http://americanhistory.about.com/od/williammckinley/p/pmckinley.htm
- ^ http://www.loc.gov/rr/hispanic/1898/mckinley.html
- ^ http://www.mckinley.lib.oh.us/McKinley/biography.htm
- ^ http://www.infoplease.com/ipa/A0760609.html
| Sing mengku sadurungé: James E. Campbell |
Gubernur Ohio 11 Januari 1892 - 13 Januari 1896 |
Diganti déning: Asa S. Bushnell |
| Sing mengku sadurungé: Benjamin Harrison |
Kandidat Presiden Partai Republik 1896 (menang), 1900 (menang) |
Diganti déning: Theodore Roosevelt |
| Sing mengku sadurungé: Grover Cleveland |
Présidhèn Amérika Sarékat 4 Maret 1897 – 14 September 1901 |
Diganti déning: Theodore Roosevelt |