Washington, D.C.
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gedhung Putih dideleng saka Washington Monument Park.
Washington, District of Columbia yaiku ibukutha Amérika Sarékat. Kutha iki ora klebu negara bagéan ngendi baé, nanging minangka wilayah federal. Minangka pusat pamaréntahan negara Amerika Serikat, Kutha Washington ora banjur uga dadi kutha dagang lan ekonomi. Tata ruangé diutamaaké kanggo kantor-kantor pamaréntah lan kegiyatan para diplomat saka mancanegara.
Saliyané iku, pedhunung kutha iki nduwé hak pilih ing pemilihan umum, nanging ora duwe wakil ing kongres, parlemené Amerika Sarekat. Pedhunung kutha iki udakara 600.000 wong. Komposisi relatif pedhununge yaiku kurang luwih 65% ras kulit ireng, 30% ras kulit putih, lan 5% sing liyané.
[sunting] Pariwisata
- Capitol Hill, minangka gedhung parlemen.
- White House, minangka kantor pusat pamaréntahan lan dalemé presiden.
- Lincoln Memorial Park, minangka taman pangeling-elingé Presiden Abraham Lincoln.
- Jefferson Memorial Park, minangka taman pangeling-elingé Presiden Thomas Jefferson.
- Washington Monument, monumen kanggo ngurmati Presiden George Washington.
- Pentagon, minangka kantor Departemen Pertahanan Amérika Sarékat.
- Smithsonian Institution, komplek museum sing manggon sacedhake Gedung Putih.
[sunting] Njaban rangkah
| Temokna informasi luwih akèh ing Washington, D.C. kanthi nggolèki ing proyèk kagandhèng Wikipedia | |
|---|---|
| Dictionary definitions saka Wiktionary | |
| Textbooks saka Wikibooks | |
| Quotations saka Wikiquote | |
| Source texts saka Wikisource | |
| Images and media saka Commons | |
| News stories saka Wikinews | |
| Learning resources saka Wikiversity | |
- (en) Situs resmi
- (en) Pandhuan lelungan menyang Washington, D.C.
- (en) Sumber pepak ngenani Washington, D.C. saka USGS
|
||||||||||||||