Anwar Sadat
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Urutan | Présidhèn Mesir kaping 3 |
|---|---|
| Présidhèn wiwit | 15 Oktober 1970 – 6 Oktober 1981 |
| Sadurungé | Gamal Abdel Nasser |
| Pengganti | Hosni Mubarak |
| Wiyosan | 25 Desember 1918 Mit Abu Al-Kum, Al-Minufiyah, Mesir |
| Séda | 6 Oktober 1981 (umur 62) Kairo, Mesir |
| Partai pulitik | Persatuan Arab Sosialis (tekan taun 1977) Partai Nasional Demokratik (saka taun 1977) |
| Garwa | Jehan Sadat |
Muhammad Anwar El Sadat (Arab: محمد أنور السادات, Muḥammad Anwar as-Sādāt) (25 Desember 1918 – 6 Oktober 1981) iku Présidhèn Mesir sing kaping telu, masa bektiné saka tanggal 15 Oktober 1970 nganti dhèwèké ditémbak tanggal 6 Oktober 1981. Dhèwèké anggota senior Kelompok Opsir Bébas sing nggulingaké Dinasti Muhammad Ali mawa Révolusi Mesir ing taun 1952. Sadat iku uga sawijining wong kapercayan cedhaké Gamal Abdel Nasser, sing digantiné minangka présidhèn ing taun 1970.
Salawasé sawelas taun minangka présidhèn Mesir, Sadat ngowahi arah negara iki, lan mangkat saka prinsip-prinsip pulitik Nasserisme lan nepungaké sistém multi-partai pulitik. Kapimpinané ing Perang Oktober 1973 lan kasuksèsané ngrebut bali Sinai nggawé dhèwèké sawijining pahlawan Mesir. Nanging olèhé nekani Israel lan Prajanjèn Damai Israel-Mesir nggawé dhèwèké digething ing Dunya Arab. Yasané lan kakendelané gelem damai karo Israel nggawé dhèwèké olèh pamulyan Courage of Conscience ing 11 September 1991 sacara anumerta.
|
|||||||||||||||||