Joseph Rotblat
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 777 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Józef (or Joseph) Rotblat KCMG CBE FRS | |
|---|---|
ID badge photo from Los Alamos National Laboratory, 1944.
|
|
| Miyos | 4 November 1908 Warsaw, Poland |
| Tilar donya | 31 Agustus 2005 (umur 96) London, United Kingdom |
| Dalem | Poland until 1938, United Kingdom afterwards |
| Kabangsan | Polish |
| Bidhang | Physics |
| Lembaga | Scientific Society of Warsaw 1933-1937 Free University of Poland 1937-1939 University of Liverpool 1939-1949 St Bartholomew's Hospital 1949-1976 |
| Lulusan saking | Free University of Poland University of Warsaw University of Liverpool |
| Kaahlian | Medical physics Campaigning for the peaceful use of nuclear technology |
| Notable awards | Albert Einstein Peace Prize 1992 Nobel Peace Prize 1995 |
| Agama | Humanist Humanitarianist |
Joseph Rotblat, miyos wonten ing Warsawa nalika taun 1908 minangka Józef Rotblat, inggih punika fisikawan Polandia-Inggris ingkang misuwur minangka tokoh perdamaian.[1]
Piyambakipun pikantuk gelar S2 saking Universitas Bebas Polandia nalika taun 1932 lan gelar doktor bidang fisika saking Universitas Warsawa ing pundi nalika taun 1937 piyambakipun dados direktur pembantu ing Lembaga Fisika Atom. Nalika taun 1939, piyambakipun wiwit makarya wonten ing Universitas Liverpool nalika kamungkinan bom atom kaliyan James Chadwick, ingkang sesarengan kaliyan piyambakipun ndherek dhateng Los Alamos saperlu mendhet bageyan wonten ing Proyek Manhattan. Nalika November 1944, nalika dipuntengenaken bilih Jerman Nazi boten badhe damel bom, Rotblat langsung dhateng Inggris, satunggalling ilmuwan ingkang medal saking Manhattan Project saderengipun dumugi pungkasan ingkang ngleburaken.[2]
Nalika taun 1946, piyambakipun dados salah satungaling pendiri Asosiasi Ilmuwan Atom lan nalika taun 1947, piyambakipun ngantur "Atom Train," pameran ageng ingkang pisanan kangge panganggonan damai lan nentang penerapan energi nuklir dening pihak militer. Rotblat pikantuk gelar Ph.D. saking University of Liverpool nalika taun 1950 lan D.Sc. saking Universitas London nalika taun 1953; antawising taun 1945-1949 piyambakipun minangka direktur riset bidang fisika nuklir ing Liverpool University. Sadangunipun taun-taun punika, karyanipun babagan emulsi fotosensitif nyumbang penemuan pi meson. Lajeng piyambakipun pindhah dhateng penerapan fisika nuklir ing bidang biologi lan kadhokteran lan antawising taun 1950-1976 piyambakipunminangka profesor fisika – sakmenika profesor emeritus - ing University of London, wonten ing St. Bartholomew's Hospital Medical College, lan fisikawan kepala ing griya sakit punika. [3]
Nalika taun 1955, Rotblat minangka salah satunggal saking 11 penandatangan Manifesto Russell-Einstein ingkang dipunluncuraken dening Bertrand Russell lan Albert Einstein, nyuwun dhateng para ilmuwan saking saben negara saperlu kapanggih kangge ngrantam cara ngindhari perang nuklir. Nalika taun 1957, Rotblat ndhirikaken Pugwash Conference on Science and World Affairs, saking satunggaling desa ing Kanada ing pundi pertemuan ingkang angka pisan dipunadani. Konferensi punika dados forum tumrap para panliti ingkang kepengin nyirnakaken senjata nuklir lan manggihaken solusi damai kangge konflik internasional. Joseph Rotblat dados sekretaris jenderal ingkang angka pisan ing organisasi punika. Ing sangandhaping kapimpinanipun ingkang kirang langkung antawis 40 taun, Konferensi Pugwash babagan Urusan Ilmiah lan Dunia sampun mimpin panentangan tumrap senjata nuklir lan dados salah satunggaling panganjur paling ngajeng babagan pelucutan senjata.
Piyambakipun minangka pengarang langkung saking 300 publikasi – kalebet 20 buku – babagan fisika nuklir lan kedokteran, biologi radiasi, pengendalian senjata nuklir, perlucutan senjata, gerakan Pugwash lan tanggel jawab sosial ilmuwan. Wonten ing taun 1995, 50 taun sabibaripun pengeboman Hiroshima lan Nagasaki, Joseph Rotblat lan Pugwash Conferences dipunanugrahi Hadhiah Nobel Perdamaian.
Joseph Rotblat tilar donya nalika taun 2005.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ http://www.wagingpeace.org/articles/2005/09/01_krieger_sir-joseph-rotblat.htm
- ^ http://www.nuclearfiles.org/menu/library/biographies/bio_rotblat-joseph.htm Nuclear Files: Library: Biographies: Joseph Rotblat
- ^ http://www.amazon.com/Free-Vanunu-campaign-campaign-whistleblower-Mordechai/dp/B00093RVTQ
|
|||||||||||||||||