Martti Ahtisaari
![]() Ahtisaari in Helsinki. (4 Juli 2007) |
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 1 Maret 1994 – 1 Maret 2000 |
|
| Perdhana Mentri | Esko Aho Paavo Lipponen |
|---|---|
| Pejabat sadurungé | Mauno Koivisto |
| Pengganti | Tarja Halonen |
|
|
|
| Lair | 23 Juni 1937 (umur 74) Viipuri, Finlandia (samenika Vyborg, Rusia) |
| Partai pulitik | Partai Sosial Demokratik |
| Pasangan | Eeva
Hyvärinen[1] |
| Anak | Marko Ahtisaari |
| Profèsi | Guru Diplomat |
| Agama | Luteranisme |
Martti Oiva Kalevi Ahtisaari (ungelipun
[ˈmɑrt:i ˈoivɑ ˈkɑleʋi ˈɑhtisɑ:ri]) (lair ing Viipuri, Finlandia (samenika Vyborg, Rusia), 23 Juni 1937; umur 74 taun) inggih menika Présidhèn Finlandia kaping 10 (1 Maret 1994–1 Maret 2000) lan Pikantuk kanugrahan hadiyah Nobel Perdaméan taun 2008.[2] Panjenenganipun misuwur minangka négosiator véteran ingkang nggadhahi panyurung tumrap perdaméan ing maneka warni dhaérang ing donya.[2] Panjenenganipun nggadhahi panyurung ingkang ageng tumrap perdaméan antawisipun Indonésia lan pamberontak Acèh ing taun 2005.[2] Perdaméan menika saged mungkasi konflik sadangunipun tigang dékadé ingkang sampun niwasaken 15.000 tiyang.[2] Amargi panyurungipun menika, saged ndadosaken panjenenganipun pikantuk Nobel Perdaméan ing taun 2008.[2] Sasanèsipun menika Ahtisaari ugi nggadhahi panyurung ingkang ageng tumrap kamardikanipun Namibia saking panguwaosipun Afrika Kidul.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pendidikan
Ahtisaari lulus saking Universitas Oulu Finlandia ing taun 1959 lan pikantuk gelar Doktor Kaurmatan (honoris causa) babagan Pedagogi ing taun 1989.[3] Panjenenganipun pikantuk 19 jinis doktor kaurmatan ing maneka warni bidhang ing donya.[3]
[sunting] Kanugrahan
Ahtisaari sampun kathah nampi kanugrahan, ing antawisipun inggih menika Franklin D. Roosevelt Freedom Award ing taun 2000, The Hessen Prize ing taun 2000, J. William Fulbright Award ing taun 2000.[3]
[sunting] Cathetan Suku
[sunting] Pranala Njawi
(en)[3]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
