Wong Aneuk Jamee

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Wong Aneuk Jamee inggih punika siji suku ingkang kasebar ing sepanjang pasisir kilén lan kidul Acèh wiwit saking Singkil, Acèh Selatan, Acèh Barat Daya lan Simeulue. Suku Aneuk Jamee minangka penduduk Minangkabau ingkang sami migrasi ing Acèh lan sampun kacampur kaliyan Suku Acèh, Kluet, Singkil lan Devayan. SAking segi basa, basa Aneuk Jamee taksih dipunanggep salah satunggaling dialék saking Basa Minangkabau ingkang sampun kacampur kaliyan bas-basa setempat.[1]

Nama[besut | besut sumber]

Nama "Aneuk Jamee" asalipun saking basa Acèh ingkang kanthi harfiah ateges "anak tamu".[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Konon cariyosipun, nalika Perang Paderi tembe kalangsung, para pajuang paderi wiwit kejepit déning serangan kolonial Walanda. Pesisir Minangkabau nalika iku minangka péranganing karajan Acèh ngirim bantuan balatentara. Nalika kaanan samsaya kritis rakyat kapaksa dipuneksodusaken, nalika iku wiwitanining Rakyat Minangkabau sami nyebar ing pasisir Kilen Kidul Acèh. Versi lsanes nyebataken bilih wewengkon Acèh Selatan minangka sesinggahaning Syeikh Burhanuddin Ulakan, siji Syeikh ingkang asalipun saking Ulakan Pariaman Sumatera Barat) (???-15 Shafar 1116 H 19/20 Juni 1704). Piyambakipun minangka siji ulama ingkang nyebaraken agama Islam ing Karajan Pagaruyung. Kajawi punika piyambakipun misuwur minangka pahlawan perobahan Islam nglawan penjajahan VOC. Piyambakipun asalipun saking pasisir Ulakan, Pariaman. Syekh Burhanuddin naté ngangsu kawruh ing Acèh dhumateng Syekh Abdurrauf Singkil saking Désa Singkil Acèh, ingkang naté dados murid lan penganut setia ajaran Syekh Ahmad al-Qusyasyi Madinah. Déning Syekh Ahmad kekalihipun dipunparingi wewenang saperlu nyebaraken agama Islam ing laladanipun piyambak-piyambak. Miturut cariyos, Acèh Selatan rumiyin minangka sesinggahanipun kapal-kapal saking Sumatera Barat ingkang pinuju Mekah mbekta Jamaah Haji.[2]

Wonten ing Versi sanèsipun, Aneuk Jamee ing Acèh Selatan dumunung ing wewengkon-wewengkon pasisir ingkang celak kaliyan laut. Mbok manawi jalur perpindahan nenek moyang rumiyin inggih punika saking jalur punika, rumiyin gesang saking berkebun lan dados warigaluh. Kanthi perkembanganing jaman, sesarengan kaliyan kemajemukan, gesang teras tumuwuh sapunika ingkang dados pengusaha, pedagang, pejabat, PNS, lan sanèsipun. Sedayanipun gesang ing bageyanipun piyambak-piyambak.[3]

Penyebaran[besut | besut sumber]

Suku Aneuk Jamee mliginipun dumunung ing kabupatèn Acèh Selatan (kirang langkung 50 % populasi) lan sapérangan alit ing kabupatèn Acèh Barat Daya, Acèh Barat, Acèh Singkil lan Simeulue.[4] Kawasan-kawasan ingkang dados papan dunungipun suku Aneuk Jamee:

Kabupatèn Kawasan
Acèh Selatan Kacamatan: Kluet Selatan, Labuhan Haji, Labuhan Haji Barat, Labuhan Haji Timur, Sama Dua lan Tapak Tuan[4]
Acèh Barat Daya Kacamatan: Susoh.
Acèh Barat Umumipun terkonsentrasi ing pinten-pinten désa ing Kacamatan Meureubo (kacampur kaliyan Suku Acèh) inggih punika désa Gunong Kleng, Peunaga, Meureubo, Ranto Panyang lan sakanan kiringipun. Kajawi punika, sapérangan alit ugi mapan ing Désa Padang Seurahet ingkang kalebet ing Kacamatan Johan Pahlawan. Umumipun ingkang dipunsebut pungkasan punika minangka keturunan pendatang ingkang asalipun saking Kabupatèn Acèh Selatan lan sampun mapan dangu ing Acèh Barat kanthi turun temurun.[4]
Simeulue Sinabang
Acèh Singkil Kota Singkil, kacamatan Pulo Banyak (wonten 3 désa, inggih punika: Pulo Balai, Pulo Baguk lan Teluk Nibung)[4]

Basa[besut | besut sumber]

Basa Minang tetep dipunangge kaliyan berasimilasi kaliyan basa Acèh dados basa “jamee”. boten kathah éwah-éwahan namung sakedhik konsonan lan vokal lan sakedhik dialekipun ingkang éwah. Saking segi basa, dipunprakirakaken taksih minangka dhialèk saking basa Minangkabau.Nanging, akibat prabawa prosès asimilasi kabudayan ingkang lumayan dangu, sapérangan ageng saking Wong Aneuk Jamee, mliginipun ingkang dumunung ing kawasan ingkang dipundominasi déning Suku Acèh, kados ta ing wewengkon Kabupatèn Acèh Barat, Basa Aneuk Jamee namung dipuntuturaken ing kalangan tiyang-tiyang sepuh kemawon lan sapunika limrahipun langkung asring nganggé Basa Acèh minangka basa pergaulan saben dintenipun (lingua franca).[5]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]