Wong Acèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wong Aceh
Gunggung cacah jiwa
(kurang luwih 3,5 yuta.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Nanggroe Aceh Darussalam: 3,5 juta.
Basa
basa Acèh.
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Wong Campa lan Wong Gayo.

Wong Acèh iku jeneng suku sing manggon ing pucuk lor pulo Sumatra. Agamané Islam lan basa sing dipigunakaké ya iku basa Aceh sing isih kerabat karo basa Campa.

Riwayat jeneng Aceh[besut | besut sumber]

Ngenani jeneng aceh, ana dongèng sing dikawruhi umum kaya mangkéné:

Sawijining dina ana puti Hindustan ilang digolèki déning seduluré nganti tekan pulo Sumatra. Satekané ing Aceh saduluré banjur ketemu puteri mau. Marang para padunung dijlèntrèhaké manawa putri kasebut iku “aci”-né utawa adiné.

Amarga putri iku kinurmatan, para padunung percaya yèn panjenengané katurunan bangsawan uga. Saka mupakat para padunung, putri iki banjur diangkat dadi ratu (raja). Kanggo mènèhi jeneng negeri sing anyar iku banjur disebut waé “Aci”, dijupuk saka tembung sing wiwitan kaprungu diucapaké déning seduluré. Sabanjuré sebutan “Aci” iku owah dadi “Aceh”.

Crita liya, miturut Valentijn (1688), Aceh asalé saka tembung “Acai”, uga istilah Hindustani, sing tegesé éndah. Miturut dongèng iku istilah iki asring dipocapaké déning wong-wong India sing teka saka Hindustani nalika tekan Aceh, sawisé ndeleng kaéndahan talatah iki saka kapal. Amarga kasengsem wong-wong India mau banjur nyebut “Acai”, “Acai”. Merga saka iku negeri iki banjur diarani Acai, tanah Acai lan wusanané owah dadi tanah Aceh, tegesé tanah éndah.

Tokoh-tokoh saka suku Aceh[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]


Uga delengen[besut | besut sumber]