Menyang kontèn

Wong Gayo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Suku GAYO
Pengantin Pria Gayo Jaman dulu
Gunggung cacah jiwa
(kurang lebih 85.000.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Bener Meriah, Acèh Tengah, Gayo Lues
Basa
Basa Gayo
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Acèh, Alas,,Mandailing, Batak dan Karo.

Suku Gayo inggih punika salah sawijining suku bangsa ingkang dumunung ing pagunungan tengah Acèh ingkang cacahipun populasi kirang langkung antawis 85.000 jiwa. Suku Gayo kathahipun dumunung ing Kabupatèn Acèh Tengah (25%), Bener Meriah (25%), Gayo Lues (25%). Suku Gayo sapérangan ageng gadhah agama Islam lan kaloka tangat dhumateng agamanipun. Suku Gayo migunakaken basa ingkang dipunwastani basa Gayo.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Nalika abad ke-11, Karajan Linge dipundirikaken déning tiyang-tiyang Gayo nalika jaman papréntahan Sultan Makhdum Johan Berdaulat Mahmud Syah saking Kesultanan Perlak. Informasi punika dipunmangertosi saking katrangan Raja Uyem lan putranipun Raja Ranta inggih punika Raja Cik Bebesan lan saking Zainuddin inggih punika saking ratu-ratu Kejurun Bukit ingnkang kekalihipun naté nguwaosi minangka dados ratu ing jaman kolonial Walanda.[2]

Raja Linge I, dipunsebutaken gadhah 4 putra. Ingkang paling sepuh wanita ingkang nama Empu Beru utawi Datu Beru, ingkang sanèsipun Sebayak Lingga (Ali Syah), Meurah Johan (Johan Syah) lan Meurah Lingga (Malamsyah).[2]

Sebayak Lingga lajeng ngranto ing tanah Karo lan ndamel sawijining nagari ing mrika, piyambakipun kaloka minangka Raja Lingga Sibayak. Meurah Johan ngembara ing Acèh Besar lan ugi yasa krajanipun ingkang nama Lam Krak utawi Lam Oeii utawi ingkang kaloka kanthi nama Lamuri utawi Kesultanan Lamuri. Punika ateges Kesultanan Lamuri ing nginggil dipunyasa déning Meurah Johan déné Meurah Lingga dumunung ing Linge, Gayo, ingkang salajengipun dados ratu Linge turun termurun. Meurah Silu migrasi ing laladan Pasai lan dados punggawa Kesultanan Daya ing Pasai. Meurah Mege piyambak kasarékaken ing Wih ni Rayang ing Lereng Keramil Paluh ing laladan Linge, Acèh Tengah. Dumugi sapunika taksih kajagi lan dipunhurmati déning masarakat.[3]

Panyebab migrasi boten dipunmangertosi. Nanging miturut riwayat dipuncariyosaken bilih Raja Linge langkung remen kaliyan putra ragilipun Meurah Mege. Saéngga damel putra-putranipun ingkang sanès langkung milih ngembara.[4]

Dinasti Lingga

[besut | besut sumber]
  1. Adi Genali Raja Linge I ing Gayo
    1. Raja Sebayak Lingga ing Tanah Karo. Dados Raja Karo
    2. Raja Meurah Johan (pendiri Kesultanan Lamuri)
    3. Meurah Silu putra saking Meurah Sinabung (pendiri Kesultanan Samudera Pasai), lan
  2. Raja Linge II alias Marah Lingga ing Gayo
  3. Raja Lingga III-XII ing Gayo
  4. Raja Lingga XIII dados Amir al-Harb Kesultanan Acèh. Nalika taun 1533 kadhapur Karajan Johor énggal ing Malaysia ingkang dipunpimpin déning Sultan Alauddin Mansyur Syah. Raja Lingga XIII dipunangkat dados kabinèt ing kraton engga mau. Keturunanipun yasa Kesultanan Lingga ing kapuloan Riau, pulo Lingga, ingkang kedaulatanipun nglingkupi Riau (Indonésia), Temasek (Singapura) lan sakedhik wewengkon Malaysia.[5]

Raja-ratu ing Sebayak Lingga Karo boten kadokumentasikaken. Nalika jaman Walanda, dipunangkat malih ratu-rajanipun nanging namung kalih jaman

  1. Raja Sendi Sibayak Lingga (pilihan Walanda)
  2. Raja Kalilong Sibayak Lingga

Seni lan Jogèd

[besut | besut sumber]

Tetedhan Khas

[besut | besut sumber]
  • Masam Jaeng
  • Gutel
  • Lepat
  • Pulut Bekuah
  • Cecah
  • Pengat
  • Gegaloh

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1]
  2. a b [2][pranala mati permanèn]
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2014-09-27. Dibukak ing 2013-01-04.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. M. Junus Djamil. 1959. Gajah Putih. Lembaga Kebudayaan Atjeh. Kutaraja
  5. "Archive copy" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-12-25. Dibukak ing 2016-02-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

Bahan Waosan

[besut | besut sumber]
  • Bowen, John Richard, 1991,"Sumatran Politics and Poetics: Gayo History, 1900-1989", New Haven: Yale University Press.
  • Bowen, John Richard, 1993,"Return to Sender: A Muslim Discourse of Sorcery in a Relatively Egalitarian Society, the Gayo of Nothern Sumatra", in C. W. Watson and Roy Ellen (Eds.), Understanding Witchcraft and Sorcery in Southeast Asia, Honolulu-Hawaii: University of Hawaii Press.
  • Bowen, John Richard, 1993, "Muslims Through Discourse: Religion and Ritual in Gayo Society", Princeton, N.J.: Princeton University Press.
  • SNOUCK HURGRONJE, C., - Het Gajoland en zijne bewoners.
  • Ibrahim, Mahmud, 2007, "Mujahid Dataran Tinggi Gayo", Yayasan Maqamammahmuda.
  • Wiradyana, Ketut dan Setiawan, Taufiqurrahman, 2011, "Gayo Merangkai Identitas", Gudang Penerbit.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Suku bangsa di Indonésia