Menyang kontèn

Walisanga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wali songo)

Walisanga utawi Walisongo tinepang minangka panyebar agama Islam ing tlatah Jawi nalika abad kaping 17. Walisanga manggén wonten ing tigang wewengkon wigati pasisir lèr Pulo Jawa, inggih punika Surabaya-Gresik-Lamongan ing Jawa Wétan, Demak-Kudus-Muria ing Jawa Tengah, lan Cirebon ing Jawa Kulon. Walisanga kang mligi tegesipun wali ingkang cacahipun sanga anggotanipun inggih punika Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Drajat, Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Sunan Muria, lan Sunan Gunung Jati.[1] Para Wali kala wau boten gesang sesarengan ing sajaman, nanging antawisipun satunggal kaliyan sanèsé gadhah sesambetan paseduluran lan sesambetan antawisipun guru saha murid.[1] Sunan Gresik utawi Maulana Malik Ibrahim, bapak saking Sunan Ampel utawi Radèn Rahmat minangka ingkang paling sepuh.[2] Sunan Giri (Radèn Paku tinepang ugi kanthi asma Ainul Yaqin) kaponakan saking Sunan Maulana Malik Ibrahim, sepupuné Sunan Ampel.[2] Sunan Bonang (Radèn Makhdum Ibrahim) kaliyan Sunan Drajat (Radèn Qasim) punika putranipun Sunan Ampel.[2] Sunan Kalijaga (Radèn Said) punika kanca ugi muridipun Sunan Bonang.[2] Sunan Muria (Radèn Umar Said) putranipun Sunan Kalijaga.[2] Sunan Kudus muridipun Sunan Kalijaga.[2]Sunan Gunung Jati (Syarif Hidayatullah) punika kanca saking sadaya sunan, kajawi Sunan Maulana Malik Ibrahim amargi sampun kapundhut.[2] Jaman Walisanga inggih punika dipuntandhani kanthi jaman pungkasanipun dhominasi Hindhu-Buda wonten ing budaya Nusantara lan sasampunipun dipun-gantos ngangge kabudayan Islam. Walisanga minangka simbul panyebaran Islam wonten ing Indonésia, utamanipun wonten tlatah Jawa. Sanajan kathah tokoh sanès ingkang gadhah peran ugi, ananging peranan Walisanga ingkang ageng sanget wonten ing sajeroning ngadegaken karajan Islam ing tanah Jawa, ugi prabawané dhumateng kabudayan masarakat.

Arti Walisanga

[besut | besut sumber]
Masjid Agung Demak, dipitaya déning masarakat Jawi minangka salah satunggaling papan pakumpulanipun para wali ingkang paling kawitan

Wonten kathah pamanggih ngenani babagan menapa sajatosipun teges tembung Walisanga punika. Ingkang sepisanan, tegesé wali ingkang cacahé sanga. Pamanggih sanèsé malih nyebataken malih yèn tembung songo/sanga asalipun saking tembung tsana ingkang manawi wonten basa Arab tegesipun mulya. Pamanggih sanès nyebataken tembung sanga asalipun saking basa Jawa, ingkang ateges papan panggènan. Pamanggih sanès wonten ingkang nerangaken manawi Walisanga inggih menika dewan ingkang dipunwentuk déning Radèn Rahmat (Sunan Ampel) ing taun 1474. Nalika samanten dewan Walisanga anggotanipun inggih menika Radèn Hasan (Pangeran Bintara); Makhdum Ibrahim (Sunan Bonang, putra kang kapisan saka Sunan Ampel); Qasim (Sunan Drajad, putra kapindhone Sunan Ampel); Usman Haji (Pangeran Ngudung, bapak saka Sunan Kudus); Radèn Ainul Yaqin (Sunan Giri, putrane Maulana Ishaq); Syekh Suta Maharaja; Radèn Hamzah (Pangeran Tumapel), lan Radèn Mahmud.

Para Walisanga punika sajatosipun intelektual ingkang dados pambaharu masarakat ing jaman samanten. Prabawanipun saged dipunraosaken wonten ing saben wujud manifstasi peradaban Jawa anyaran wiwit saking kasarasan, Ndur-tinandur, Adol tinuku, kabudayan, kesenian, kemasyarakatan, ngantos papréntahan. Pamanggih sanès nuturaken manawi Walisanga punika majlis dakwah ingkang dipundamel Sunan Gresik (Maulana Malik Ibrahim) ing warsa 1404 Masèhi (808 Hijriyah).[1] Nalika samanten punika majlis dakwah Walisanga anggotanipun Maulana Malik Ibrahim, Maulana Ishaq (Sunan Wali Lanang) rayinipun Sunan Gresik piyambak, Maulana Ahmad Jumadil Kubro (Sunan Kubrawi), Maulana Muhammad Al-Maghrabi (Sunan Maghribi), Maulana Malik Isra'il (saking Cempa), Maulana Muhammad Ali Akbar, Maulana Hasanuddin, Maulana 'Aliyuddin, lan Syekh Subakir.[1]

Sajarah Walisanga

[besut | besut sumber]

Walisanga mapan wonten ing pasisir Ler Pulo Jawa wiwit saking partengahan abad kaping 13 ngantos partengahan abad kaping 16 dumunung ing tigang panggènan wewengkon ingkang béda ing Pulo Jawa.[3] Inggih punika ing Surabaya-Gresik-Lamongan (Jawa Wétan), Demak-Kudus-Muria (Jawa Tengah) lan Cirebon (Jawa Kulon).[3] Para wali punika musataken Pesantrèn lan dakwahipun wonten ing pasisir lèr Jawa, nanging para murid lan penerusipun sampun mbakta ajaran Islam dhumateng sadaya wewengkon Nusantara.[3] Walisanga gadhah prabawa ageng wonten ing babagan kailmuan kados ta:ngèlmu mèdis, tetanèn, perniagaan, kabudayan, kesenian, kamasyrakatan ugi babagan ngèlmu papréntahan.[3] Pesantrèn Sunan Ampèl lan Sunan Giri, institusi pandhidhikan ingkang paling utama ing masané.[4]

Saking pesantrèn ingkang dipunampu déning Sunan Giri, agama Islam saged nyebar dhateng wewengkon wétan Nusantara.[4] Sunan Giri lan Sunan Gunung Jati boten namung ulama, nanging ugi pemimpin papréntahan.[4] Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Kalijaga, saha Sunan Kudus punika kreator karya kagunan ingkang prabawaipun taksih kraos ngantos sapunika,[4] kados ta kabudayan Jawa.[5]

Déné Sunan Muria punika pandamping sejatinipun tiyang boten gadhah.[4] Jaman Walisanga punika minangka pungkasan saking kabudayan ingkang didominasi agami Hindhu-Buda ing nusantara ingkang dipun-gantos kabudayan Islam.[4] Walisanga dados simbul panyebar agama Islam ing Indonésia utamanipun Jawa.[4]

Asma-asmané Walisanga

[besut | besut sumber]

Sanajan wonten béntenipun antawis satunggal panemu kaliyan sanèsipun ngenani sinten kemawon ingkang kalebet Walisanga, limrahipun wonten sangang asma ingkang dipunsebat minangka anggotanipun Walisanga ingkang paling misuwur, inggih punika:

|}

Para Walisanga boten gesang ing wayah kang sajaman. Nanging antawis satunggal kaliyan sanèsipun gadhah sesambetan ingkang raket sanget. Sesambetan punika kados ta sesambetan trah menapa sesambetan jejodoan utawi sesambetan antawis guru kaliyan murid.

Maulana Malik Ibrahim

[besut | besut sumber]

Maulana Malik Ibrahim punika keturunan kaping 11 saking Husain bin Ali. Panjenenganipun tinepang ugi kanthi asma Sunan Gresik, Syekh Maghribi, utawi Makhdum Ibrahim As-Samarqandy. Panjenenganipun diprakiraaken mijil wonten ing Samarkand ing Asia Tengah, nalika paruh kawitan abad 14. Babad Tanah Jawi versi Meinsma maringi sebatan kanggé Maulana Malik Ibrahim kanthi sebatan Asmarakandi, pangocapané kadherekaken saking ilate tiyang Jawi dhumateng As-Samarqandy.[6] Wonten ing sajeroning carita rakyat, wonten ugi ingkang njenengi kanthi jejuluk Kakek Bantal.

Malik Ibrahim limrahipun dipunanggep minangka wali kapisan ingkang ndakwahaken Islam ing Jawa. Panjenenganipun mucalaken cara-cara énggal kanggé nandur lan kathah ngrangkul tiyang alit awit kawigatosanipun dhumateng golongan masarakat Jawi ingkang kasingkir nalika akir jaman Majapahit. Malik Ibrahim nyobi narik kawigatosanipun masarakat Jawi ingkang rikala samanten saweg dilandha krisis ékonomi lan perang sedèrèk. Panjenenganipun yasa pondokan kanggé sinau agami wonten ing Leran, Gresik. Ing warsa 1419 Malik Ibrahim séda. Makamipun mapan ing désa Gapura Wétan, Gresik, Jawa Wétan.

Sunan Ampel

[besut | besut sumber]

Sunan Ampel punika sajatosipun gadhah asma Radèn Rahmat, keturunan kaping 12 saking Husain bin Ali, miturut riwayat, Sunan Ampel punika putra saka Maulana Malik Ibrahim lan sawijining putri Champa. Panjenengane disebataken taksih gadhah sesambetan kekerabatan karo salah sijiné istri utawa selir saka Brawijaya ratu Majapahit. Sunan Ampel lumrahé dianggep sesepuh déning para wali liyané. Pesantrene kang mapan ing Ampel Denta, Surabaya, lan iku digunakaké minangka salah sijining punjer panyebaran agama Islam tuwa dhéwé ing Jawa. Sunan Ampel krama kaliyan Nyai Ageng Manila, putri adipati Tuban inggih punika Arya Teja. Sunan Bonang lan Sunan Kudus punika putranipun sadaya, manawi Sunan Drajat punika semahipun. Makam Sunan Ampel wonten ing caketipun Masjid Ampel, Surabaya.

Sunan Bonang

[besut | besut sumber]

Sunan Bonang utawi sinebat Radèn Makdum Ibrahim (Ampèl Denta, Surabaya 1465-Tuban 1525 inggih punika putra Sunan Ampèl saking garwa Dwi Candrawati.[7][8] Sunan Bonang (Maulana Ibrahim) inggih punika sepupunipun saking Sunan Kalijaga kang tinepang karan sebatan kang ngréka gending kang kapisan[7]. Sadèrèngipun ing babagan dakwah, Sunan Bonang asring nuntut ngèlmu (sinau) ana ing Pasai, lajeng sabanjuré saka Pasai [8]. Sunan Bonang ngadegaken pondhok pesantren ing tlatah Tuban[7][8]. Santri kang sinau ing pesantren Maulana Makdum Ibrahim (Sunan Bonang), asalipun saking tlatah iNusantara [9]. Ing sajeroning dakwahipun Maulana Makhdum Ibramim (Sunan Bonang) gadhah ciri, inggih punika kanthi ngéwahi asma-asma Dèwa kanthi asma-asma malaékat kang tinepang ing sajeroning ajaram Islam [9]. Sajeroning pesantrèn ngupaya supados saged ngetutaken ajarang agama Hindhu lan Buda kang tinepang sampun dianut sadèrèngipun [7][8]

Sunan Drajat

[besut | besut sumber]

Sunan Drajat utawi ingkang asring kasebat Radèn Kosim lan Syaripuddin (Ampèl Denta, Surabaya, 1470-Sedayu, Gresik, tengah abad 16)[7]. Ing sajeroning masarakat saubengipun Sunan Drajat asring tinepang kanthi sebatan Sunan Sedayu, parapan Sunan Sedayu inggih punika amarga disareaké (dimakamake) ing caketipun kutha Sedayu (kirang langkung 30 km saking Sedayu)[7]. Radèn Kosim (Sunan Drajat) inggih punika putranipun Sunan Ampèl saking garwa kaping kalih (2) inggih punika Dwi Candrawati.[8]. Radèn Kosim (Sunan Drajat) gadhah sadulur kandung(se-bapak lan se-ibu) kang cacahipun 6, ya ikui Siti Syareat (istri R.Usman Haji) lan Radèn Maulana Makdum Ibrahim (Sunan Bonang) saha duwé sadulur sekandung lan béda ibu, ya iku [[Dewi Murtasiyah (istri R.Fatah) lan Dewi Murtasimah (istri R.Paku utawa Sunan Giri)[8].Saha istri Sunan Drajat ya iku Dewi Sifiyah putri Sunan Gunung Jati[10].

Sunan Kudus

[besut | besut sumber]

Sunan Kudus dilairaken kanthi asma Jaffar Shadiq, putra saking pasangan Sunan Ngudung, (panglima perang Kasultanan Demak Bintoro), lan Syarifah, adik saka Sunan Bonang. Sunan Kudus séda udakara taun 1550. Sunan Kudus naté njabat minangka panglima perang ing Kasultanan Demak, lan ing ing ing ing sajeroning mangsa papréntahan Sunan Prawoto, dados penasihatipun Arya Penangsang. Sanèsipun minangka panglima perang Kasultanan Demak, Sunan Kudus ugi njabat minangka hakim pangadilan Kasultanan Demak. Sajeroning ngayahi dakwah panyebaran Islam ing Kudus, Sunan Kudus migunakaké sapi minangka sarana penarik masarakat supados rawuh lan mirengaken dakwahipun. Sunan Kudus ugi yasa Menara Kudus ingkang dados gabungan kabudayan Islam lan Hindhu kang ugi wonten mesjidipun kanthi aran Masjid Menara Kudus. Kanggé ngelancaraken syiar Islam, Sunan Kudus ngripta Tembang Sinom kaliyan Tembang Kinanthi.

Sunan Giri

[besut | besut sumber]

Sunan Giri iku salah sawijining Walisanga lan pangadeg kraton Giri Kedaton, kang dunungé ing tlatah Gresik, Jawa Wétan. Sunan Giri lair ing Blambangan taun 1442[8]. Sunan Giri duwé sawatara dasanama, ya iku Radèn Paku, Prabu Satmata, Sultan Abdul Faqih, Radèn 'Ainul Yaqin lan Jaka Samodra. Sunan Giri disarèkaké ing désa Giri, Kebomas, Gresik.[7][8]

Sunan Kalijaga

[besut | besut sumber]

Sunan Kalijaga ingkang gesang ing jamanipun kraton Islam Demak (watawis abad kaping 15) gadhah asma asli Radèn Said, inggih punika putranipun Adipati Tuban inggih punika Tumenggung Wilatikta utawi Radèn Sahur. Radèn Sahur taksih keturunanipun Ranggalawé ingkang ngrasuk agami Hindhu. Sunan Kalijaga dipuntepangaken kaliyan agami Islam saking guru agami ing Kadipaten Tuban wiwit panjenenganipun taksih alit. Sunan Kalijaga putranipun adipati Tuban ingkang asmanipun Tumenggung Wilatikta utawa Radèn Sahur. Sunan Kallijaga punika murid saking Sunan Bonang, kanggé nyebar agama Islam, piyambakipun andamel wayang kulit kaliyan tembang suluk, tembang suluk punika kaya ta ilir-ilir, Gundul-Gundhul Pacul. Wonten kisah ingkang nyebataken manawa Sunan Kalijaga bebrayan kalih Dewi Saroh binti Maulana Ishaq.

Sunan Muria

[besut | besut sumber]

Sunan Muria gadhah asma miyos inggih punika Radèn Umar Said utawa Radèn Said.[11] Radèn Said punika putra saking Sunan Kalijaga kaliyan Dewi Sarah.[11] Piyambakipun dhaup kaliyan Dewi Soejinah, putri Sunan Ngudung, ugi mbakyu saking Sunan Kudus.[11] Radèn Said dipunjuluki Sunan Muria amargi wewengkon syiaripun inggih punika (Gunung Muria)[11], ingkang dumunung ing sisih lor kitha Kudus, Jawa Tengah, panggènan Sunan Muria dipunsarèkakén.

Sunan Gunung Jati

[besut | besut sumber]

Sunan Gunung Jati utawi asring kasebat kanthi asma Syarif Hidayatullah utawa Fatahillah.[11] Sunan Gunung jati punika salah satunggaling walisanga ingkang gadhah peran ingkang kathah wonten ing syiar agama Islam ing pulo jawa saubengé, kususé ana ing pérangan Jawa Kulon.[11] Syarif Hidayatullah utawi Sunan Gunung Jati asring tinepang ing kalangan ulama ing Jawa kulon saubengé dados tokoh kang yasa Kasultanan Cirebon lan Banten.

Miturut Hoesein Djajadiningrat ing bukuné kanthi sesirah Sadjarah Banten, ngandharaken manawa asma Fadillah saha Nurullah inggih menika asma salahsatunggaling tiyang[12]. asmanipun inggih menika Nurullah, banjur kaloka karan asmanipun Syekh Ibnu Maulana [11]. Wonten ing carita tiyang Portugis asring kaloka karan jeneng Falatehan utawa Tagaril [12].Nurul kang misuwur karan jeneng Sunan Gunung jati asalé saka Pasai lan panguasa portugis ing Malaka taun 1511 lan akhiré ing tau 1521 ngawe Nurullah (Sunan Gunung Jati) ora bisa tinggal ana ing Pasai [11].




Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Walisanga Archived 2011-11-14 at the Wayback Machine.(08 Juni 2011)
  2. a b c d e f g Walisanga Archived 2011-11-14 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  3. a b c d sajarah parjuangan Walisanga Archived 2010-01-23 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  4. a b c d e f g Riwayat Walisanga Sembilan Wali Archived 2011-04-28 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  5. Walisanga Misionaris Muslim dipununduh tanggal 8 Juni 2011
  6. Meinsma, J.J., 1903. Serat Babad Tanah Jawi, Wiwit Saking Nabi Adam Dumugi ing Tahun 1647. S'Gravenhage.
  7. a b c d e f g Bolland, BJ.1985.Pergumulan Islam di Indonésia.Jakarta:Grafiti Press.(halaman 123) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  8. a b c d e f g h A.Aziz Salim Basyarahil.2005.Hikmah dalam Humor Kisah dan Pepatah, Gema Insani, Cet.VII,.Jakarta.(halaman 64) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  9. a b . A.Jamil, dkk, Sajarah Kebudayaan Islam, CV. Toha Putra.Semarang.hal 27.1998.
  10. Acmadi Wahid, dkk.Sajarah Kebudayaan Islam, Pustaka Insan madani, Sléman.hal 152.2006.
  11. a b c d e f g h Purwadi.2007.Sajarah Sastra Jawa.Yogyakarta:Panji Pustaka Yogyakarta (hal125) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  12. a b Taufiq dan Sharon Siddque, dkk.Sajarah Umat Islam Indonésia, Jakarta, Majelis Ulama Indonesi.hal 157. 1991.