Menyang kontèn

Cendrawasih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Manuk cendrawasih)
Manuk Cendrawasih
Jantan diwasa Cendrawasih Kuning-cilik,
Paradisaea minor
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Paradisaeidae
Genera

13, pirsani pratélan ing ngisor

cendrawasih

Cendrawasih (cenderawasih) uga diarani Bird of Paradise.[1] Manuk iki kalebu manuk kas saka Papua.[1] Saka 43 spésies kang kalebu manuk kang duwé elar éndah, 35 spesiés tinemu ing Papua.[1]

Wulu kang apik mligi tinemu ing cendrawasih lanang.[2] Wuluné cerah banget lan ana kombinasi warna ireng, coklat rada abang, oranye, kuning, putih, biru, ijo lan ungu.[1] Spesiés cendrawasih kang paling ditepungi ya iku Paradisaea apoda, Paradisaea minor, Cicinnurus regius, lan Seleucidis melanoleuca.[1]

Cendrawasih lumrahé urip ing alas kang akèh wit-witané lan ing dhataran asor.[1] Cendrawasih lumrahé wiwit ngocèh lan dolanan nalika srengéngé njedhul ing wayah ésuk.[1] Cendrawsih lanang duwé wulu kang apik lan éndah ing guluné.[1] Tujuwané wulu kang éndah iki supaya bisa narik kawigatèn kanggo cendrawasih wadon.[1] Jogètan cendrawasih lanang élok banget.[1] Karo nyanyi ing ndhuwur wit, cendrawasih lanang lumrahé karo goyang-goyang malah nganti malik gemantung ing pang.[1] Nanging saben spésies cendrawasih duwé jogètan kang kas dhéwé-dhéwé.[1]

Rata-rata satwa ing Papua duwé kaunikan kang kas.[1] Cendrawasih kalebu salah siji manuk kang duwé jeneng èlmiah kang tegesé swarga, agung, éndah lan apik.[1] Robby Sawaki, salah sawijiné seniman tradhisional Papua, nerangaké yèn cendrawasih kaya widadari kang ora nduwé sikil utawa diarani Apoda.[1] Ing basa Latin manuk iki kena diarani paradisaea apoda.[1] Manuk kang éndah lan ora nduwé sikil dipercaya asalé ora saka donya awit manuk iki lumaku lan mangkring ing wit.[1]

Ana telung puluh jinis cendrawasih ing Indonésia, 28 saka iku tinemu ing Papua kang dadi habitat saka cendrawasih paradigalla carunculata, cendrawasih kang buntuté dawa diarani astrapia nigra, cendrawasih paratia parotia sefilata, cendrawasih Wilson cicinnurus respublica, lan cendrawasih abang paradiasea rubra.[1]

Jinis-jinis saka Parasaeidae

[besut | besut sumber]

Genus Lycocorax

Genus Manucodia

Genus Paradigalla

Genus Astrapia

Genus Parotia

Genus Pteridophora

Genus Lophorina

Genus Ptiloris

Genus Epimachus

  • Epimachus fastuosus
  • Epimachus meyeri
  • Epimachus albertisi
  • Epimachus bruijnii

Genus Cicinnurus

  • Cicinnurus magnificus
  • Cicinnurus respublica
  • Cicinnurus regius

Genus Semioptera

  • Semioptera wallacii

Genus Seleucidis

  • Seleucidis melanoleuca

Genus Paradisaea

  • Paradisaea minor
  • Paradisaea apoda
  • Paradisaea raggiana
  • Paradisaea decora
  • Paradisaea rubra
  • Paradisaea guilielmi
  • Paradisaea rudolphi

"Melampitta" Gedhé

Sadurungé diklompokaké ing kéné

Manuk cendrawsih diarani manuk swarga.[1] Biyèn manuk iki duwé populasi kang akèh banget ing Papua, nanging amarga terus diburu saéngga populasiné suda akèh.[1] Saliyané iku, alas kang kanggo urip cendrawasih uga sangsaya kurang amarga alas kang ditegori.[1] Saéngga habitaté cendrawasih saya kurang.[1] Andreas Lameki, Kepala Dinas Kahutanan Biak Numfor nerangaké yèn paburon cendrawasih sabeneré wis dilarang kanthi anané surat kaputusan Mantri Kahutanan, nanging amarga regané larang banget ing pasar saéngga manuk iki terus dicekel.[1]

Habitat

[besut | besut sumber]

Cendrawasih akèh tinemu ing Papua, Papua Nugini nganti tekan Australia Wétan.[3] Cendrawasih ratu, cendrawasih botak, cendrawasih abang, toowa, lan cendrawasih cilik buntut kuning, kalebu kéwan kang kacathet ing dhaftar satwa kang direksa miturut UU No 5 Taun 1990 lan PP RI No 7 Taun 1999.[1]

Ing pasar-pasar manuk ing Jakarta, akèh cendrawasih padha didol kanthi ilégal.[1] Saben sakmanuk didol kanthi rega 1,2 yuta.[1] Para kolèktor uga wani tuku cendrawasih lan diawètké.[1] Saliyané iku cendrawasih kang wis diawètake uga didol kanthi rega 750 éwu nganti sayuta rupiah.[1]

Status cendrawasih saiki kalebu kéwan kang langka.[4] Cendrawasih direksa kanthi UU No 5 Taun 1990 lan Peraturan Pamaréntah RI No 7 Taun 1999.[4] Iku tegesé, cendrawasih ratu, cendrawasih botak, cendrawasih abang, toowa, lan cendrawasih cilik buntut kuning ora éntuk diburu lan didol.[4] Wiwit jaman Walanda, kolonialis Walanda wis nglarang paburon cendrawasih ing Pulo Yos Sudarso.[4] Sawisé kawin, manuk cedrawasih wadon mung ngasilaké endhog kang cacahé siji nganti telu glundhung.[4] Kaanan iki kang ndadèkaké cendrawasih sangsaya sithik cacahé, apa manèh padha diburu kanggo didol.[4]

Wulu ing pérangan dhadhané cendrawasih lanang bisa malih.[5] Manuk rajawali kang bisa nglakoni iki ya iku saka spesiés Parotia lawesii, salah sawijiné cendrawasih kang habitaté ing Papua Nugini.[5]

Kanyatan iki diungkap ing asil panalitèn Daniel Osorio, professor èlmu saraf saka Universitas Sussex, karo kancané kang dipublikasikaké ing jurnal Proceeding of the Royal Society B.[5]

Werna wulu kang malèh iki sabeneré mung apusan mata.[5] Saka ngarep wulu ing pérangan dhadha kétok rada kuning oranyé. Yèn didelok saka iringan warna cendrawasih bakal kétok rada ijo campur biru.[5] Pangamatan mikroskop cahya lan èlèktron ndungkap yèn warna wulu kang bisa malih ing cendrawasih lanang iku disebabaké amarga struktur mikro kang diarani barbules, utawa bisa diarani pérangan wulu kang paling cilik saka struktur wulu.[5]

Èlmuwan nerangaké, struktur barbules ora silindris kaya pang wit kang paling cilik, nanging dhapuré kaya bumerang, tegesé struktur iku ora bisa dadi kaya telung kaca ing ruwang ganti ing toko klambi.[5] Kayadené kaca kang tengah bisa mantulaké warna kuning oranyé.[5] Déné kaca liyané mantulaké warna ijo rada biru.[5] Kadadéan iki njalari warna kang malih kanthi rikat.[5]

Wulu dhadha kang kaya-kaya bisa malih wernané miturut para èlmuwan kadadéan saka prosès evolusioner kanggo mbantu cendrawasih lanang supaya bisa narik kawigatèn cendrawasih wadon.[5] Sadurungé kawin cendrawasih lanang ngresiki awaké ing suket lan ing tuwuhan kang nganggu nganggu cucuké.[5] Sawisé iku cendrawasih lanang banjur dansa lan ngetokaké swara. Sawisé iku, manuk iki kaya-kaya ngadeg jejeg lan ngembangaké elaré kanthi amba saéngga katon kaya bocah cilik lagi nganggo rok.[5] Tujuwané kanggo narik kawigatèn cendrawasih wadon.[5]

Mitos Manuk Cendrawasih

[besut | besut sumber]

Sawetara wong Papua percaya yen manuk cendrawasih awale saka bocah lanang sing jenenge Kweiya. Wiwitan ana wong wadon lan asune sing keluwen ing alas lan nemu woh. Amarga keluwen, asu iku mau mangan wohe, dumadakan wetenge asu saya gedhe lan nglairake anak. Semono uga karo wong wadon sing duwe asu. Banjur anake wong wadon iku mau dijenengi Kweiya.[6]

Nalika anak iki mau wis gedhe, ibuke nikah karo duda sing wis duwe anak. Singkat cerita Kweiya dilarani karo kakange, amarga kelaran lan ngersula Kweiya milih dadi manuk, kanthi gawe swiwi saka godhong lan buntut saka sepete klapa. Kanthi cara gaib Kweiya malih dadi manuk lan nyarang ing wit. Sedulur loro sing nglarani dheweke dikutuk lan malih dadi manuk ireng. Jenenge sedulur loro sing nglarani dheweke yaiku Pohak lan Nggein. Manuk ireng loro mau ngakoni kesalahane lan arep njaluk ngapura marang Kweiya.[6]

Nanging, nalika nggoleki Kweiya ing alas Bomberay, ditemokake manuk buntut kuning (Kweiya) wis dicekel dening pemburu. Manuk loro ireng banjur nyerang pamburu lan bisa ngeculake Kweiya. Mula, kakange kang cacah loro mau banjur diapura, minangka ganjaran kanggo nylametake nyawane Kweiya. Lan ajaib, sawetara warna cerah saka Kweiya ilang lan pindhah menyang rong manuk ireng. Dadi manuk telu mau warnane beda. Mula nganti saiki dipercaya manuk cendrawasih asale saka Kweiya. Crita iki crita saka Fakfak.[6]

Chatetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab burung.org Archived 2014-08-21 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  2. burungkicauan.net[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  3. artikelhot.com Archived 2011-05-17 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  4. a b c d e f bataviase.co.id[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 22 Mèi 2011]
  5. a b c d e f g h i j k l m n forum.vivanews.com Archived 2011-03-06 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 22 Mèi 2011)
  6. a b c "Mulyadi" (2019). Etnografi Pembangunan Papua. Yogyakarta: Deepublish. ISBN 9786232098985.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]