Jinising Wayang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Merge-arrow.svg Ana usul supaya artikel utawa pérangan iki digabungaké menyang artikel Wayang.   (Rembug)

Jinising Wayang[besut | besut sumber]

Wayang iku salah sijining wujud seni Pertunjukan kang lkon caritane saka:Ramayana, Mahabharata,utawa Serat Menak, sing akèh yèn ta diweruhi ana ing pulo Jawa lan Bali.[1] Seni pertunjukan wayang iki diiringi déning gamelan.[1] Wayang wis diakui dèning UNESCO ya iku karya cipta kang èndah lan nyengsèmakè saka caritanè, wayanganè, lan dadi warisan kang banget agungè. Pengesahè ing taggal 7 Novembèr 2003.[1] Ing antarane jinising wayang ya iku:

1. Wayang Purwa Wayang Purwa uga kasebut wayang kulit amarga digawè saka kulit lembu / maèsa / sapi.[2] Sumbering carita saka Ramayana lan Mahabarata kanthi basa Jawa Kuna ana ing jaman Raja Jayabaya.[2] Empu Sèdah lan Empu Panuluh sarta Empu Kanwa ya iku pujangga kang misuwur ing jaman iku.[2] Sunan Kalijaga salah satunggaling walisanga (Dèmak, abad XV) ya iku wong kang nyipta wayang saka kulit lembu.[2] Dhalang kang misuwur wayang iki antaranè:Ki Nartosabdo, Ki Mantèp Sudarsono, Ki Anom Suroto, Ki Timbul Hadiorayitno, lsp.[2]

2. Wayang Golék Wayang Golék uga akèh wong sing arani wayang tengul.[2] Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering carita kajupuk saka Sejarah kayata carita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp.[2] Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab.[2] Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék ya iku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.[2]

3. Wayang Krucil Wayang Krucil utawa wayang klitik ya iku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit.[2] Wayang iki nduweni ciri khas ya iku yèn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepatè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi.[2] Crita kang kerep ditanggapkè ya iku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.[2]

4. Wayang Bèbèrhttp://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jinising_Wayang&action=edit Wayang bèbèr ya iku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran).[2] Saben bèbèran iku nggambarakè sakadegan carita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh.[2] Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait.[2] Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul.[3] Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.[3] Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki ya iku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.[3]

5. Wayang Gedog Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an.[2] Sumbèring carita saka carita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.[2]

6. Wayang Suluh Wayang suluh iki kalebu wayang moderèn, kang digawè saka kulit nanging wujudè manungsa jaman saiki sandhangane kayata nganggo rok, clana, klambi, lsp.[2] Wayang iki nduwèni tujuwan / maksud pencerah masyarakat. Sumbering carita ya iku perjuangan rakyat Indonesia merangi penjajah.[2]

7. Wayang Titi Wayang titi ya iku wayang saka lan sumbering carita ana nagara Cina.[2] Wayang iki bisa ditingali ana tanggapan ing kampung Cina utawa klentèng.[2]

8. Wayang Madya Wayang madya diciptakè dèning K.G. Mangkunagara IV ing awal taun XVII.[2] Sumbering carita saka carita Pandawa sawisè perang Baratayuda, kayata Prabu Parikesit.[2]

9. Wayang Wahyu Wayang wahyu uga kasebut '''wayang bibel''' iki diciptakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarkè agama Kristen.[2]

10. Wayang Wong Wayang wong ya iku wayang kang diparagakè wong kang ana obahan tarinè.[2] Sumbering carita saka Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki ya iku Ngèsthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta).[2]

11. Wayang Potèhi Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik.[4] Critanè mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina.[4] Thio Tiong Giè ya iku salah sijining dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah kang manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kalurahan Purwodinatan.[5] Dhèwèkè nduwèni prinsip paribasan Cina Tiongkok kang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potèhi iki ya iku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.”[5] Yen ta wayangan dhèwèkè nggunakakè basa Indonèsia kanggo basa pengantar, bèda karo para sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa Cina.[5] Ciri khasè dhewèkè uga kerep nggunakakè tembang campursari.[5] Thio Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akèh prihatinè mikirakè kabudayanè sing mung didelok dèning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingakè karo jaman biyèn.[5] Langka banget sing kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasinè mung siji ntok wongè ya iku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn ta wayangan.[5] Para niyaganè adoh banget ya iku saka Surabaya[5] Dhèwèkè menehi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèkè bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahè digawè dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepèling-pèling kang manfaati tumrap uripè manungsa."[5]

12. Wayang Menak Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong.[4] Critanè ya iku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.[4]

13. Wayang Jemblung Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong.[4] Wayang iki sumebar ana ing daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu. Critanè babagan Cacad kaya kethoprak.[4]

14. Wayang Kancil Wayang iki uga diarai '''wayang Dupara'''.[4] Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.[4]

15. Wayang Dhongeng Wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kéwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa. Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè.

16. Wayang Doa Wayang iki klebu wayang krèasi anyar sing gawè dèning Riyono aluminè ISI Yogyakarta. Wayang iki digawè awit taun 1990. Sayatane wayang iki saka akronimè èDongèng-dongèng Anak banjur dadi Doa Sakabèhanè wayang kang dadi lakon satria iku nganggo sorban. Nganti tekan taun 1998 Riyono wis gawè wayang iki nganti sewidak wujud iji.

Galeri[besut | besut sumber]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c (id) [1] (kaundhuh tanggal 6 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z (id) Susilo, Bambang .dkk. 1995. Sèneng Wayang Cinta Budaya I (untuk pendidikan Dasar). Semarang: Media Wiyana, kaca: vi-viii
  3. ^ a b c (id) [2] (kaundhuh tanggal: 10 April 2011)
  4. ^ a b c d e f g h (jv) Tim Pangripta Basa Jawa. 2003. Kawruh Basa Jawa (KBJ). Surakarta kaca: 61-63.
  5. ^ a b c d e f g h (id) [3] (kaundhuh tanggal 8 April 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jinising_Wayang&oldid=1082251"