Iwak kutuk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Iwak kutuk (gabus)
Channa stri 060627 7957 jtgno ed resize.jpg
Iwak kutuk, Channa striata
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalial
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Perciformes
Famili: Channidae
Génus: Channa
Spésies: C. striata
Jeneng binomial
Channa striata
(Bloch, 1793)

Iwak kutuk utawa gabus iku sajinis iwak galak sing urip ing banyu tawa. Iwak iki kaloka kanthi jeneng manéka warna ing saben panggonan: aruan, haruan (Mly.,Bjn), kocolan (Btw.), bogo (Su.), bayong, bogo, licingan (Bms.), kutuk (Jw.), lan sapanunggalané. Sajeroning basa Inggris uga diarani kanthi warna-warna jeneng antarané common snakehead, snakehead murrel, chevron snakehead, striped snakehead lan uga aruan. Jeneng ngèlmiahé ya iku Channa striata (Bloch, 1793).

Iwak kutuk iku jinisé iwak kang urip ing banyu kang tawa.[1] Iwak iki duwé dasanama kaya ta: aruan, haruan (Mly.,Bjn), kocolan (Btw.), bogo (Sd.), bayong, bogo, licingan (Bms.), kutuk (Jw.).[1] Ing basa Inggris iwak gabus diarani common snakehead, snakehead murrel, chevron snakehead, striped snakehead lan aruan.[1] Iwak gabus duwé jeneng èlmiah Channa striata.[1]

Iwak kutuk kalebu iwak dharat kang ukurané lumayan gedhé.[1] Iwak kutuk bisa urip nganti ukurané 1 mèter. Iwak gabus duwé ndhas kang ukurané gedhé lan rada gèpèng mèmper kaya ndhas ula, mulané iwak gabus diarani snakehead.[1] Iwak kutuk duwé sisik-sisik kang ukurané gedhé ing dhuwur ndhasé.[1] Iwak kutuk awaké gilig dawa kaya pluru. Sirip ing gegeré dawa lan sirip ing buntuté bunder ing pucuké.[1]

Pérangan ndhuwur iwak kutuk saka ndhas nganti buntut wernané peteng, wernané ireng rada soklat utawa ijo.[2] Ing pérangan ngisor awaké iwak gabus rupané putih.[2] Werna putih iki katon wiwit ing janggut memburi.[2] Pérangan kiwa tengené ana corat-corèt kandel utawa striata kang rada burem.[2] Werna iki biyasané padha karo habitat ing sekitaré.[2] Iwak gabus duwé cangkem gedhé kanthi untu kang gedhé-gedhé lan landhep.[2]

Iwak kutuk duwé habitat ing Pakistan pérangan wétan, Nepal pérangan kidul.[2] Saliyané iku iwak kutuk uga urip ing India, Bangladesh, Sri Lanka, Tiongkok pérangan kidul.[2] Iwak kutuk uga urip ing Asia Kidul-wétan kalebu Indonésia pérangan kulon.[2] Ing Indonésia spésies gabus kang urip ya iku spésies Channa.[2] Iwak kutuk iki biyasané nyebar ing sisih kulon Garis Wallace.[2] Ananging saiki iwak gabus uga urip ing pérangan wétan Indonésia.[2]

Salah siji iwak kang paling cerak karo iwak gabus ya iku iwak toman utawa Channa micropeltes.[2] Iwak iki dawané awak bisa punjul 1 mèter lan aboté punjul 5 kg.[2]

Kagunan albumin iwak kutuk[besut | besut sumber]

Wis kinawruhan yèn iwak iki sugih banget kandhutan albumin, salah siji jinis protèin wigati. Albumin diperlokaké awak manungsa saben dina, mligi sajeroning prosès mariné tatu.

Bisa kanggo tamba lara jantung lan diabétes[besut | besut sumber]

Ing pasar-pasar Kabupatèn Blora sing diliwati kali musi, akèh ditemoni para pedagang kang dodol iwak kutuk. Sanajan iwak kutuk rada jarang (langka) kadang-kadang wong sing pengaweane mancing lan nyaring akèh éntuk iwak kutuk lan di dol ning pasar. Ciri-ciri iwak kutuk : awake rada dawa, pérangan gegere mlenthu kandhi warna ijo semu ireng, déné wetenge rata kanthi werna putih utawa krem, endhase rada gepeng lan meh memper kaya ula. Sanajan daging iwak kutuk rasané gurih tur gempol, nanging akèh wong ora doyan jalaran wujudé kang memper karo ula. Sajatiné iwak kutuk mono wujudake golongan iwak tawar urip ing rawa-rawa, kali, awah, lan kalenan kang banyune miline ora sepiro banter, banyu kanthi kadhar uyah (garam) endhek lan malah uga banyu kang reged kanthi kadhar oksigen sethitik lan sipaté karnivora, pakanane lumrahé ya iku cacing, kodhok, anak-anak iwak lan urang.Satemene iwak kutuk minangka kéwan asli Indonésia, akèh tinemu perairan Jawa,Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, Bali, Lombok, Flores lan Ambon. Iwak kutuk ing pasar akèh-akèhé kiriman saka Kalimantan.Saliyané kaya lumrahé iwak kutuk kanggo lawuh, prayata iwak kutuk duwé khasiat kang banget migunani munggah kasarasaning manungsa. Iwak kutuk ngandhut protein albumin kang dhuwur banget.déné protein albumin kasebut banget mbiyantu marang prosès marasake tatu, mligine amarga operasi utawa pembedahan.Ing padésaan kulina menehake lawuh iwak kutuk marang bocah-bocah kang mentes disunat ing pangkah supaya énggal waras, sanajan mbok manawa para sadulur mau ora ngerti alasane kanthi medhis.Nanging prayata pancen tatu mau luwih rikat garing lan rikat waras.Manfaate protein albumin munggah kasarasaning manungsa :

Iwak Kutuk,saka Kali Lusi Kabupatèn Blora
  • a. Jantung

Ngandut zat allisan kang migunani kanggp ngedhunake kadar lemak darah saéngga ngurangi resiko stroke, serangan jantung, penyempitan pembuluh darah ln uga nguwatake otot-otot jantung.

  • b. Kangker

Ngandhut zat aktif allyil sulfide kang bisa ngalangi muncule hormon pemicu tuwuhe sèl kanker.

  • c. Liver

Ndandani jaringan organ ati, nagandhut asam amono lan vitamin kang piguna kanggo organ ati, ngontrol nglumpuke lemak lan regenerasi sèl ati sarta kandung empedu.

  • d. Asma

Ndandani sèl-sèl saluran pernafasan

  • e. Lupus

Ndandani otot, utek, sistem syaraf punjer lan sistem kekebalan awak.

  • f. Tatu lan tatu kobong

Ngandut cytine, kang banget piguna kanggo mulihake tatu sawisé operasi / pembedahan, tatu kobong lan ganguan kulit.

  • g Diabetes mellitus

Mniyantu ndandani jaringan sèl pankreas kang rusak saéngga organ pankreas bisa ngasilaké hormon insulin kanthi normal lan mbiyantu kadar gula supaya tetep stabil tumrape sing nandang lara hipoglikemi.

Endhas iwak kutuk

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h Channa striata fishbase.org(diundhuh tanggal 12 Juni 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n Channa striatafisc.er.usgs.gov(diundhuh tanggal 12 Juni 2011)