Menyang kontèn

Bogo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bogo
Bogo, Channa gachua
saking Tamanmekar, Pangkalan, Karawang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Perciformes
Famili: Channidae
Génus: Channa
Spésies: C. gachua
Jeneng binomial
Channa gachua
(Hamilton, 1822)
Sinonim

Ophicephalus aurantiacus Hamilton, 1822
Ophicephalus marginatus Cuvier, 1829
Ophicephalus limbatus Cuvier, 1831
Ophicephalus marginatus Cuvier, 1831
Ophicephalus coramota Cuvier, 1831
Ophicephalus fuscus Cuvier, 1831
Ophicephalus montanus McClelland, 1842
Philypnoides surakartensis Bleeker, 1849
Ophiocephalus apus Canestrini, 1861
Ophiocephalus kelaartii Günther, 1861
Ophiocephalus guachua [sic] var. malaccensis Peters, 1868
Ophicephalus gachna [sic] Jordan and Seale, 1907

Bogo utawi Channa gachua punika jinising iwak kanthi toya tawar saking anggota suku Channidae (kerabat kaliyan iwak kutuk). Ulam ingkang kalebet ulam buas punika nyebar kanthi wiyar wiwit saking Pakisatan dumugi Indonesia. Ulam ingkang gadhah ukuran aawak ingkang alit ing Basa Inggris dipunwastani Dwarf snakehead, Frod snakehead, lan ugi Brown snakehead. Wonten ing basa tlatah kawéntar kanthi nama gabus (Betawi), bogo, hejo gado (Sunda) sarta bogo benguk, kutuk benguk (Jawa.) [1].

Morfologi

[besut | besut sumber]
Bogo kanthi dawa standar 60 mm

Ulam gabus ingkang ukuranipun alit, dawanipun dumugi 20 cm (7.9 in). Awak silindris ing ngajeng lan radi pipih tegak ing wingking. Dhuwuring awak punika sebanding 5,5-6,5 kalinipun kaliyan dawa awak standar tanpa buntut. Kepalanipun radi gepeng datar, rata ing sisih nginggilipun, miring rata mangajeng. Matanipun 5-8 kalinipun sebanding kaliyan dawanipun kepala. Celah lambé miring manginggil kanthi rahang ngandhap radi nonjol mangajeng [1][2].

Jari-jaru lunak (eri lunak) wonten ing sirip dorsal (punggung) 32-35, sirip anal (dubur) 21-24, sirip pektoral (dhadha) 13-16, lan sirip ventral (weteng) 6. Gurat sisih utawi linea lateralis cacahipun 41-43, mbelok mangandhap ing sawingkingipun sisik nomer 11-13. Wonten3-3½ larikan sisik ing antawisipun pangkal sirip dorsal kaliyan gurat sisih, lan 7 larikan sisik ing antawisipun gurat sisih kaliyan pangkal sirip ventral [1].

Warni ulam bogo punika radi coklat lajeng sisih nginggil warninipun langkung peteng. Larikan coretan-coretan miring ingkang samar wonten ing sisihing awak katingal langkung cetha wonten ing jinis ulam spésimèn enèm. Ing spésimèn enèm punika ugi asring wonten bintik-bintik ireng ingkang nyebar ing sadaya awak. Sirip-sirip dorsal, anal, lan buntut kanthi pinggiripun radi (radi kuning utawi abang nalika taksih urip), ingkang sanèsipun ireng radi biru. Sirip pektoral kanthi pola-pola bunderan irang ing pangkal lan putih ing pérangan njawinipun [1].

Panyebaran

[besut | besut sumber]
Sirip dhadha kalnthi pola-pola konsentrik

Ulam bogo punika nyebar kanthi wiyar wiwit saking Iran, Afghanistan, Pakistan, India, Srilanka, Bangladesh, Burma, Cina kidul, Thailand, Laos, Kamboja, Malaysia, lan Indonesia. Ing Indonesia kecathet saking Sumatera (kalebu Nias, Bangka, Belitung), Kalimantan, Jawa (kalebet Bawean), lan Madura[1]

Ekologi lan Kebiasaan

[besut | besut sumber]

Ulam bogo punika asring kapanggih wonten ing lepen utawi kali, mliginipun kali-kali alit cethèk ing wewengkon paredèn lan perbukitan, kali alit wonten ing wana, sarta tlaga lan kolam. Kajawi punika ulam bogo ugi asring kapanggih wonten ing perairan ingkang anteng, buthek, lan andhap oksigèn. Ugi kapanggih dumugi elevasi 1.500 m dpl lan saking nginggiling 3.600 m dpl.

Ulam punika aktif nalika wanci dalu (nokturnal). Ulam bogo ugi asring medal saking toya kanggé pindhah papan nglewati dharatan. Saben pamijahan, ulam bogo medalaken 20-200 butir endhog lajeng dipunbuahi déning ulam lanang. Endog lan anak-anakipun manawi sampun netes dipunpiara déning induk wonten ing tutukipun. Ulam bogo punika mangsa manéka jinis ulam alit, gegremet, berudu, urang, yuyu lan manéka kéwan alit sanèsipun ingkang medal ing wewengkonipun. Ing wewengkon Srilanka, ulam bogo punika mirib kaliyan Channa orientalis ingkang endemik ing nagari mau. Kajawi punika ing Burma, Channa harcourtbutleri ingkang wujudipun sami [3].

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e 1922. The Fishes of The Indo-Australian Archipelago IV:321-322. E.J. Brill. Leiden.
  2. 1993. Ikan air tawar Indonesia pérangan barat dan Sulawesi. Periplus Editions & Proyek EMDI KMNKLH, Jakarta. Hal 229.
  3. 1999. Channa harcourtbutleri (Annandale, 1918): a valid species of snakehead (Perciformes: Channidae) from Myanmar[pranala mati permanèn]. J. South Asian Nat. Hist., 4: 57-63.