Menyang kontèn

Wong Talang Mamak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Suku Talang Mamak
Talang Mamak
Gunggung cacah jiwa
(6.983 jiwa)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
provinsi Riau
Basa
Basa Talang Mamak, Basa Melayu
Agama
Animisme, Islam, Kristen.
Golongan ètnik magepokan
Melayu, Minangkabau

Tiyang Talang Mamak minangka sekumpulan masarakat ingkang terasing lan gesangipun taksih kanthi cara ingkang tradhisional ing Kali Indragiri, Provinsi Riau, Indonesia.

Wonten ing kelompok masarakat punika wonten sub kelompok ingkang dipunsebut kanthi suku, lajeng kapérang malih wonten ing salebeting tobo lan unit ingkang paling alit dipunsebut kanthi hinduk utawi perut utawi dipunsebut ugi puak anak.[1]

Kelompok masarakat punika kagolong Proto Melayu (Melayu Tua) ingkang minangka suku asli Indragiri Hulu kanthi sebutan ”Suku Tuha”[2] ingkang ateges suku kapisanan ingkang rawuh lan langkung gadhah hak saking sumber daya alam ing Indragiri Hulu. Kajawi punika ugi, kalebet Melayu Tua.[2]

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Miturut Obdeyn, Asisten Residen Indragiri, Masarakat Talang Mamak asalipun saking Pagaruyung ingkang kepépét amargi konflik adat lan agama. Adhedhasar hikayat ingkang wonten ing masarakat mau, bilih nenek moyangipun mandhap saking Gunung Marapi pinuju ing Talukkuantan, nyusuri Batang Kuantan dipunpimpin déning Datuk Patih kanthi gelar Perpatih Nan Sebatang, lajeng yasa pemukiman ing daerah hilir Kali mau.[3]

Masarakat Talang Mamak wonten ing wawan guneman saben dinten migunakaken basa ingkang dipunsebut kanthi Basa Talang Mamak, éwadéné wonten ing pirembagan kaliyan pihak ing njawi komunitas, limrahipun migunakaken Basa Melayu. Wonten ing kosakata Basa Talang Mamak punika wontenpangaruh saking Basa Minang lan Basa Melayu.[4]

Pemukiman

[besut | besut sumber]

Suku Talang Mamak piyambak kasebar ing kacamatan:

  1. Batang Gansal, Indragiri Hulu, Riau
  2. Batang Cenaku, Indragiri Hulu, Riau
  3. Kelayang, Indragiri Hulu, Riau
  4. Rengat Barat, Indragiri Hulu, Riau
  5. Rakit Kulim, Indragiri Hulu, Riau
  6. Sumay, Tebo, Jambi: Dusun Semarantihan Désa Suo-suo

Dusun Tuo Datai

[besut | besut sumber]

Kasil Kebon

[besut | besut sumber]

Limrahipun wonten ing dinten tartamtu, Suku Talang Mamak badhé mandhap ing désa caketipun, Keritang utawi Siberida. Ancasipun dedagangan kasil kebun utawi kasil alas ingkang badhé dipun-ginakaken saperlu nyekapi kabetahan.

Penduduk

[besut | besut sumber]

Sapunika, total penduduk Talang Mamak saking Lubuk Tebrau dumugi Melenai cacahipun 265 jiwa. Gangsal dasa persèn jiwa antawisipun, sampun saged migunakaken swantenipun ing pemilihan Présidhèn lan pemilihan Bupati.

Sapérangan ageng masarakat Talang Mamak mitadosi kekiyatan-kekiyatan gaib ing benda-benda ingkang wonten ing sakitaripun (animisme). SAperangan kepala kulawarga mlebet Islam. Piyambakipun ngakuni bilih Islam minangka agamanipun, nanging kanggé ngibadah namung lésan kemawon.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Benjamin, G., Chou, C., (2002), Tribal Communities in the Malay World: Historical, Cultural and Social Perspectives, Institute of Southeast Asian Studies, ISBN 981-230-166-6.
  2. a b Talang Mamak diakses padha 14 Januari 2013
  3. Syamsudin, B.M., Cerita Rakyat dari Riau, Grasindo, ISBN 979-553-256-1.
  4. Martono, S. H., (1990)Sistem morfologi verba basa Kluet, Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.