Salat id

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Shalat Ied)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam
Salat id ing Taiwan.

Salat id iku salat kang diayahi nalika mahargya dina riyaya Islam Idul Fitri lan Idul Adha. Salat id iku hukumé sunat, tegesé olèh pahala yèn ditindakaké nanging ora dosa yèn ditinggalaké. Salat iki sanadyan sunat nanging kaprayogakaké banget saéngga kaprayogakaké supaya diayahi lan ora ditinggalaké. Malah ana sawatara kang nganggep wajib tumrap wong lanang lan wadon kanthi dhasar hadis saka Ummu ‘Athiyah, panjenengané ngendika: أَمَرَنَا – تَعْنِى النَّبِىَّ-صلى الله عليه وسلم-– أَنْ نُخْرِجَ فِى الْعِيدَيْنِ الْعَوَاتِقَ وَذَوَاتِ الْخُدُورِ وَأَمَرَ الْحُيَّضَ أَنْ يَعْتَزِلْنَ مُصَلَّى الْمُسْلِمِينَ. “Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam mrintahaké marang kita nalika salat id (Idul Fithri lan Idul Adha) supaya ngetokaké para wanita (kang nembé ngancik diwasa) lan wanita kang dipingit, semono uga wanita kang pinuju haidh. Nanging panjenengané mrintahaké wanita kang pinuju haidh supaya ngadohi papan salat.[1]

Alesan wajibé salat id diandaraké déning Shidiq Hasan Khon (murid Asy Syaukani).

  • Pisanan: Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam terus-terusan nglakoni.
  • Kaloro: Nabi mrintahaké marang kaum muslimin supaya metu saka omah kanggo ngayahi salat id. Préntah metu saka omah iki nuduhaké préntah supaya ngayahi salat id tumrap kang ora pinuju udzur. Bab iki dianggep wajib metu saka omah amarga metu saka omah wujud wasilah (dalan) tumuju salat. Yèn wasilahé waé diwajibaké, mula tujuané (yaiku salat) otomatis uga wajib.
  • Katelu: Ana préntah sajeroning Al Qur’an kang nuduhaké wajibé salat id yaiku firman Allah Ta’ala,

Adegaké salat lan anakakéqurban (an nahr). (QS. Al Kautsar: Maksud ayat iki yaiku préntah supaya ngayahi salat id.

  • Kapapat: Salat jum’at dadi palastra tumrap wong kang wis ngayahi salat id yèn kaloro salat mau ketemu ing dina id. Kamangka sawijining tumindak kang wajig mung bisa diguguraké déning kang uga wajib. Yèn salat jum’at iku wajib, semono uga salat id.[2]

Salat Idul Fitri[besut | besut sumber]

Wong-wong muslim Indhi shalat Id ing Lapangan Shalat Id, Sujapur, Benggala Kulon

Salat Idul Fitri lumrahé dianakaké ing lapangan. Déné ukum Salat Idul Fitri yaiku sunat mu'akkad. Sadurungé salat, kaum muslimin ngumandhangaké takbir.

Takbir dikumandangaké sawisé teka sasi Syawal. Saliyané ngayahi Salat Sunat Idul Fitri, kaum muslimin uga diwajibaké bayar jakat pitrah[3][4] kang akèhé saben wong 2,7 kilogram bahan panganan pokok. Tujuan sakai jakat pitrah iki kanggo andum kabegjan marang para fakir miskin. Sawisé salat disunnahaké midhangetaken kutbah kang diterusaké maca donga. Sawisé rampung, kaum muslimin banjur padha salaman silih apura siji lan sijiné. Kadhangkala ana kang diterusaké ngayahi ziarah kubur.[5]

Tradhisi kang biyasa dilakoni ing Indonésia saben ngadhepi dina dina Iedul Fitri yaiku wujud silaturahmi marang wong tuwa lan sanak kadang liyané. Kanggo kaperluan silaturahmi lan njaluk ngapura marang wong tuwa iki banjur akèh wong kang mulih menyang kampung asalé kang kerep ingaran acara mudik. Tradhisi mudik iki njalari dalan-dalan banjur dadi macet. Tradhisi liya kang lumrah yaiku mangan kanthi menu utama wujud kupat kang lumrahé nganggo lawuh opor utawa jangan lodhèh.

Tata cara salat Idul Fitri[besut | besut sumber]

Salat Iedul Fitri diayahi rong rakangat. Ing rokaat pisanan sawisé takbiratul ihram ditambah takbir kaping pitu, lan ing rakangat kapindho takbir kaping lima. Ing antarané takbir mau kaprayogakaké maca hamdallah, muji Allah lan shalawat marang Muhammad S.A.W. Sawisé takbir tambahan, imam salat maca ta’awudz, surat Al Fatihah banjur maca surat Kuran kanthi kombinasi:

Tatacara sabanjuré padha karo ing salat-salat liyané. Sawisé rampung salat Idul Fitri kaprayogakaké ngrungokaké kutbah.

Adab Salat Id[besut | besut sumber]

Adab-adab salat Idul Fitri:

  • Adus sadurungé mangkat salat (H.R.Imam malik).
  • Nganggo wangi-parfum, untuk laki-laki, lan bersiwak (sikat gigi).
  • Nganggo sandhangan kang paling apik (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Salat shubuh dhisik sadurungé mangkat (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Mangan dhisik sadurungé mangkat (H.R.Bukhari). Mangan sacukupé waé. Béda karo salat idul adha kang kudu ora mangan dhisik.
  • Disunnahaké lumaku tumuju lokasi, yèn bisa (H.R.ibnu majah).
  • Lokasi salat ing lapangan (H.R.Bukhari, Muslim)
  • Takbir kanthi swara (ora mung sajeroning ati) nalika tumuju lokasi salat (Qs.Al-baqarah: 185).
  • Ora salat sunat sadurungé lan sawisé salat Id yèn ora ing jero masjid.
  • Ora ana adan lan iqamah (H.R.Muslim).
  • Wanita tumuju lokasi kanthi nutup aurat-nganggo jilbab lan tanpa wangèn-wangèn.
  • Silih ngucapaké salam. Niru lelaku sahabat Rasulullah SAW. Saka Jubair bin Nufair, panjenengané ngendika: "sahabat rasulullah SAW yèn ketemu ing dina id, silih ngucapaké-taqabballahu minna wa minkum (muga-muga Allah nampa amal kita lan amal panjenengan sami)" (H.R.Bukhari).

Wacan takbir yakuwi:

Arab Latin Pertalan
الله أكبر الله أكبر الله أكبر Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar Allah Maha Agung, Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
لا إله إلا ال la ilaha illa Allah Ora ana Gusti kajaba Allah
الله أكبر الله أكبر Allahu akbar, Allahu akbar Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
ولله الحمد wa li-illahi al-hamd Kabèh puji mung marang Allah

Salat Idul Adha[besut | besut sumber]

Salat Idul Adha iku salat sunat rong rokaat ing dina riyaya Idul Adha utawa Idul Qurban. Tatacarané amèh padha karo salat Idul Fitri, amung ana sawatara prabédan yaiku nalika mangkat tumuju papan shlat Iedul Fitri disunnataké mangan dhisik déné yèn arep mangkat salat Iedul Adha ora mangan dhisik.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Panduan salat Idul Fitri dan Idul Adha
  2. Panduan salat Ied
  3. Weigers, Gerard."Ibadat". Encyclopedia of Islam and the Muslim world, kaca. 327
  4. Gaffney, Patrick D. "Khutba." Encyclopedia of Islam and the Muslim World. kaca. 394.
  5. Wiegers, Gerard. "Ritual". Encyclopedia of Islam and the Muslim world, hal. 600
  6. [ http://konsultasisyariah.com/shalat-idul-fitri-tata-cara Konsultasi Syariah: Tata cara salat Idul Fitri]