Ramèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Bansyu-men

Ramèn ya iku masakan mie duduh Jepang kang asale saka China.[1] Wong Jepang uga ngarani ramèn minangka chuka soba utawa shina soba (soba utawa o-soba ing basa Jepang tegesé mi.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut cathetan sajarah Tokugawa Mitsukuni (Mito Komon) asring kang ngarani wong Jepang kang pisanan mangan ramèn. Masakan mi duduh ala Cina pisanan disajékaké kanggo Tokugawa Mitsukuni. Sing nggawé ya iku ilmuwan Konghucu ing pengasingan saka Dinasti Ming kang diundang supaya teka menyang Domain Mito.

Ramèn wiwit dipangan para warga nalika jaman Meiji.[2][3] Wektu semana, ramèn wis dadi menu ing warung-warung ing pemukiman keturunan China ing Kobe lan Yokohama.[2] Sawisé iku, ing jaman Taisho, wong adol mi ing Hokkaido wis ngadol ramèn kaya ramèn kang dikenal wong saiki.

Dhèk biyèn nalika nggawé mi ing China nganggo banyu asin kang ngandhut uyah mineral alami saka danau Kan ing Mongolia.[1] Ing Jepang, bahan kimia tambahan kanggo nggawé mi diarani kansui kang tegesé banyu saka Danau Kan. Ing Jepang, bahan kimia sing ditambahakée ing mi nganti tekan saiki isih diarani kansui (鹹水, sacara harafiah: banyu saka Danau Kan). Sawisé Perang Dunia II, bahan kimia tambahan kanggo mi kang mbebayani kanggo kasarasan awak akèh kang kasebar ing pasaran, ananging saiki bahan kimia tambahan wis diatur ing sajroning standar JAS. Bahan kimia tambahan kanggo mi mambuné ora énak mula akèh wong-wong kang ora seneng. Ing Jepang mi digawé migunakaké endhog minangka gantiné bahan kimia.

Ciri Khas[besut | besut sumber]

Mi Ramen iku mi kang diwadhahi mangkuk isine duduh saka pirang-pirang jinis kaldu (padatan kaldu babi).[4] Chasiu, menma, endhog godhog, janganan ijo kaya bayem, irisan unclang ditambahake ing sandhuwure mie minangka lawuh utawa panyedhep sarta nori utawa narutomaki minangka hiasan.[1]

Mi kang padatan awarna kuning digawé saka terigu kanthi kadar gluten kang akèh ditambah banyu lan bahan kimia tambahan kayata potasium karbonat, natrium karbonat lan kadhang-kadhang ditambahi asam fosfat. Bahan-bahan kimia kang asipat alkali ngowahi sipat alami gluten ing tepung terigu lan ndadekake mi dadi kenyal. Saliyane iku, ngaktifake senyawa flavonoid kang ana ing tepung terigu mulane mi awarna kuning. Ukurane banyu lan tepung terigu kira-kira 1 : 35%. Saya akèh banyune, mula mi kang diasilake saya empuk.

Duduh ramen digawé saka kaldu kang padatan digawé saka bahan-bahan kayata balung babi, balung sapi, balung pitik, katsuobushi, sababushi, niboshi, konbu, kacang kedhelé gongseng, shiitake, bawang bombay utawa unclang. Ramen uga bisa diperang miturut duduhe kayata duduh rasa kecap asin, duduh rasa tonkotsu (balung babi), rasa shio (uyah), lan rasa miso.[1]

Ramen bisa diperangake miturut jinis-jinis duduhe, ya iku:

Duduh ramen
No. Duduh ramen Katrangan
01. Duduh rasa kecap Jepang Ramen kanthi duduh rasa kecap asin (shoyu) iku jinis ramen kang paling umum ing Jepang, apa manèh ing Pulau Honshu. Duduh iki digawé saka balung pitik kang digodhog lan jejanganan. Duduhe awarna soklat amarga saus digawé saka bahan utama kecap asin kang disok ing dasar mangkok. Minangka penyedhap padatan ditambahake mrica lan rayu (minyak wijèn pedhes).
02. Duduh rasa tonkotsu (balung babi) Duduhe awarna putih rada kenthel, gurih, ana minyake amarga saka banyu godhogan balung babi. Ramen rasa tonkotsu asale saka Kyushu. Rasa duduhe ora patiya asin, lan kadhang-kadhang uga ana duduh kang awarna rada soklat. Ing Tokyo dikenal tonkotsu shoyu ramen kang duduhe digawé kanthi nyampurake saus kecap asin karo duduh balung babi kang kenthel banget.
03. Duduh rasa shio (uyah) Duduh kang dibumboni uyah warnane ameh bening, kayata ramen hakodate. Asal-usule ya iku masakan mi Cina kang dikenalake minangka ramen hokkaido ing taun 1933.
04. Duduh rasa miso Duduh kang mambune wangi asale saka duduh balung pitik ditambahi miso. Ramen rasa miso jarene diripta déning wong kang seneng dhahar kang pengen ngrasakake ramen barengan sup miso.

Ramen saka pirang-pirang laladan[besut | besut sumber]

Hokkaido[besut | besut sumber]

Rasa duduhe ora patiya mrasa, mine cilik lan lembut-lembut.
Duduh rasa kecap asin kang ngandhut duduh bawang bombay.
Mi kang wujude kriting.
Salah siji saka 3 jinis ramen kang misuwur ing Jepang. Duduhe rasa miso.
Duduh rasa shio khas Hakodate. Akeh wong kang dodol ramen ing kutha Hakodate migunakake keju bubuk minangka penyedhap.

Tohoku[besut | besut sumber]

Duduh rasa kecap asin saka duduh iwak (niboshi) lan balung pitik.
Duduhe diwenehi miso khas kutha Sendai.
Duduh rasa kecap asin kanthi mi kang digawé nganggo tangan.
Duduh rasa kecap asin.
Duduhe rasa kecap asin kang luwih kuwat tinimbang kitakata ramen utawa yonezawa ramen. Bakul mi iki, padatan mi digawé nganggo tangan.
Salah siji saka 3 jinis ramen kang rasane disenengi wong Jepang. Duduhe diwenehi banyu saka ngisor lemah.

Kanto[besut | besut sumber]

Bahan dasar duduh tokyo ramen ya iku duduh katsuobushi ditambah saus kecap asin kang dadi resep rahasia saben bakul ramen. Ing sadhuwure mi diwenehi chasiu, bayem, endhog godhog, menma, lan irisan unclang. Masakan mi kang isih sejinis kayata ogikubo ramen lan ebisu ramen isih kalebu ing sajroning tokyo ramen.
Mi godhog kanthi duduh Cina ditambah oseng-oseng janganan lan ing dhuwure diwenehi cambah. Jinis mi kaya ngene iki mulai dikenal sawise Perang Dunia II. Duduhe bisa arupa rasa shio utawa rasa shoyu. lawuhe arupa chasiu, unclang, jangan bayem, lan pirang-pirang nori.
Ciri khas mi iki ya iku duduhe kang akèh minyake.
  • Tonkotsu shoyu ramen (Tokyo)
Duduhe kenthel rasa tonkotsu (balung babi) lan rasa kecap asin kang akèh didol bakul mi ing Tokyo.
Ramen kanthi duduh kecap asin kang rada kenthel.
Duduhe rasa kecap asin kanthi irisan bawang bombay.
Duduhe rasa kecap asin saka duduh balung pitik lan ditambahi bumbu kang akeh.
Mi gawéyan tangan kanthi bumbu kang mrasa, rasa kecap asin saka duduh balung pitik.
  • Stamina ramen (Mito lan ing panggonan liya)
Mi duduhe rasa kecap asin kanthi nambahake oseng-oseng janganan.
Duduhe rasa kecap asin kanthi doubanjiang.

Shinetsu (Niigata) lan sakupenge[besut | besut sumber]

Ramen kang ing dhuwure diwenehi irisan bawang bombay
Duduhe rasa kecap asin kang ora mrasa kanthi tambahan lenga pitik supaya duduhe ora cepet adhem.
Duduhe kenthel kanthi penyedap arupa jahe seger.
  • Toyama "black" (kutha Toyama)
Duduhe kenthel rasa kecap asin kang wernane arep ireng mula asring diarani crack saka Toyama. Rasa duduhe asin lan minangka penyedap diwenehi mrica ireng.

Tokai[besut | besut sumber]

Asring diarani hida ramen kanthi duduh katsuobushi rasa kecap asin. Penduduk kana ngarani chuka soba.
Mi kanthi duduh rasa kecap asin saka duduh pitik. Masakan mi iki pisanan dikenalake déning restoran Taiwan. Ing sadhuwure mi diwenehi oseng-oseng janganan karo daging, lombok, lan bawang.
Duduhe diwenehi bawang kang akeh. Ramen jinis iki kira-kira diripta nalika Perang Vietnam, nanging betokon uga kira-kira minangka singkatan saka vietkong.

Kinki[besut | besut sumber]

Ramen kyoto nduwèni 3 jinis duduh: rasa kecap asin kang kenthel, duduhe akèh minyake, lan duduh kang kenthel banget lan akèh minyake. Ing sadhuwure mi diwenehi penyedap arupa kecambah, chasiu, lan menma.
Yen wong pesen chasiu ramen ing Kobe, mula bakule bakal menehi ramen kanthi pirang-pirang lembar chasiu ing dhuwure. Ing sadhuwuring meja asring disajekake kimchi janganan kucai lan asinan lobak.
Duduhe rasa kecap asin kanthi bumbu doubanjiang lan bawang. Ing dhuwure mi ditambahake oseng-oseng sawi putih lan kucai.
Duduhe kenthel rasa tonkotsu kanthi saus kecap asin. Ing dhuwure mi ditambahake kamaboko. Bakul mi akèh kang migunakake kecap asin amarga kutha Wakayama iku pusate industri kecap asin.
Duduhe rasa kecap asin.

Chugoku lan Shikoku[besut | besut sumber]

  • Sanuki ramen (saka kutha Mitoyo)
Laladan iki misuwur kanthi produksi udon kang digawé nganggo tangan, mula bakul ramen uga migunakake mi gawéyane dhewe. Duduhe kang ora mrasa iku mujudake campuran rasa duduh udon lan duduh ramen.
  • Okayama ramen (saka kutha Okayama)
Ing kutha Okayama akèh banget bakul ramen kang ngadol ramen kang digawé nganggo resep khas, nanging padatan migunakake duduh kecap asin.
Dusuh fukuyama ramen rasane arep kaya onomichi ramen nanging rasa duduhe ora patiya mrasa.
Duduh arep kaya bening, rasa kecap asin saka duduh panganan saka utawa balung pitik.
Duduh kecap asin lan ditambahi kecambah ing sadhuwure.
Duduh kecap asin kang rasane rada asin-pedhes arep kaya sukiyaki ala Kansai. Warga kana asring dhahar nganggo sega kanthi lawuh ramen.
  • Nabeyaki ramen (kutha Susaki)
Duduh rasa kecap asin diwadhahi ing panci enamel. Ing dhuwure mi diwuri daging pitik, unclang, chikuwa lan endhog mentah. Mi iki didhahar nganggo asinan lobak. Warga kana asring dhahar ramen nganggo sega.

Kyushu[besut | besut sumber]

Hakata ramen iku ramen kang dudure rasa tonkotsu. Ing kutha iki dikenal sistem tambah mi ing duduh lan mangkok kan padha amarga mi kang dienggo hakata ramen gampang medhok.
  • Nagahama ramen (Fukuoka)
Janjane arep padha karo hakata ramen, nanging duduhe ora patiya mrasa.
Duduhe rasa tonkotsu kang diwenenhi penyedap arupa bawang kang wis diparut, wijen, lan jahe kang isih segar.
Duduhe rasa tonkotsu kang dicampur karo duduh balung pitik. Kumamoto ramen isih sajinis karo kurume ramen.

Museum Ramen[besut | besut sumber]

Museum Ramen kang pisanan ana ing kutha Osaka, Jepang. Museum iki dibangun taun 1999 déning Nissin. Saliyane ing Osaka, Nissin uga mbangun muséum ramen ing Yokohama nalika taun 2011. Museum iki ambane 10.000 m² utawa ambane kaping telune muséum kang ana ing Osaka.[5] [6]

Galeri jinising ramen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ramèn&oldid=1075253"