Menyang kontèn

Pethèt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cithakan:TaxoboxLamtoro

Leucaena leucocephala

Pethèt uga diarani lamtoro, mandingan/kemlandingan utawa petai cina.[1] Pethet duwé jeneng latin Leucaena leucocephala.[1] Déné pethèt iki kalebu famili Mimesaceae.[1] Ing Indonésia tuwuhan pethèt kalebu akèh cacahé.[2] Godhong tuwuhan pethet kerep kanggo ramban pakan kéwan, déné wijiné kang isih ijo lumrahé kanggo masakan upamané campuran buntil utawa bothok. Pupus godhonge uga kena kanggo campuran pecel.[2] Kajaba iku kayu pethèt kang atos uga kena kanggo kayu obong utawa kanggo olah-olah ing pawon.[2] Ing laladan tartamtu ana kang ngunakaké godhong pethèt kang isih nom (pupuse) dadi tamba tatu anyaran.[2]

Dhèskripsi

[besut | besut sumber]

Pethèt kalebu tuwuhan kang duwé kayu kang atos, sanajan ukurané ora pati gedhé.[1] Pethet duwé godhong majemuk kang manggon ing tangkai kang duwé bilah ganda. Kembangé kaya jambul, wernané putih.[1] Kembang pethèt diarani cengkaruk.[1]Woh pethèt amèh padha kaya woh peté kang jeneng latiné Parkia speciosa, nanging ukurané luwih cilik.[1] Pethet uga duwé woh kang kulité luwih tipis tinimbang peté.[1] Pohon utawa perdu, dhuwure nganti 20m; sanadyan akèh-akèhé mung kira-kira 10m. "Percabangan" sithik, akèh, kanthi pepagan kecoklatan utawa rada klawu, "berbintil-bintil" lan "berlentisel". Ranting-ranting bulat torak, dengan ujung yang berambut rapat.[3]

Daun majemuk menyirip rangkap, sirip 3—10 pasang, kebanyakan dengan klanjer pada poros daun tepat sebelum pangkal sirip terbawah; daun penumpu kecil, segitiga. Anak daun tiap sirip 5—20 pasang, berhadapan, wujud garis memanjang, 6—16(—21) mm × 1—2(—5) mm, dengan ujung runcing dan pangkal miring (tidak sama), permukaannya berambut alus dan tepinya berjumbai.[3][4]

Bunga majemuk berupa bongkol bertangkai panjang yang berkumpul dalam malai berisi 2-6 bongkol; tiap-tiap bongkol tersusun dari 100-180 kuntum bunga, membentuk bola berwarna putih atau kekuningan berdiameter 12–21 mm, di atas tangkai sepanjang 2—5 cm.[5] Bunga kecil-kecil, berbilangan—5; tabung kelopak wujud lonceng bergigi pendek, lk 3 mm; makutha wujud solet, lk. 5 mm, lepas-lepas. Benangsari 10 helai, lk 1 cm, lepas-lepas.[4]

Buah polong wujud pita lurus, pipih dan tipis, 14–26 cm × 1.5–2 cm, dengan sekat-sekat di antara biji, hijau dan akhirnya coklat kering jika masak, memecah sendiri sepanjang kampuhnya. Berisi 15—30 biji yang terletak melintang dalam polongan, bundar telur terbalik, coklat tuwa mengkilap, 6–10 mm × 3—4.5 mm.[3][4]

Pethèt kalebu tuwuhan polong kang duwé isi cilik-cilik kang cacahé lumayan akèh.[1] Pethèt kerep didadèkaké pager tumrap para wong tani kang manggon ing padésan.[1] Carané tuwuhan pethèt ditandur ngubengi sawah utawa tegalan.[1] Pethèt uga kena kanggo rabuk.[1]

Habitat

[besut | besut sumber]
Kembang, woh lan godhong lamtoro. India.
Woh lamtoro kang wis garing

Pethèt cocog urip ing dhataran cendhèk nganti panggonan kang dhuwuré 1500 mèter ing sandhuwuré lumahing sagara.[6] Ing Indonésia pethèt mèh waé cures sawisé kaserang ama wereng.[1]

Nengkaraké

[besut | besut sumber]

Pethèt bisa ditangkaraké nganggo wiji kang wis tuwa lan garing.[1] Cara liyané kanggo nangkaraké ya iku kanthi stèk pang.[1] Kajaba iku pethèt uga kena ditangkaraké kanthi turus utawa kayu pethèt kang dicublekaké ing lemah.[1]

Dasanama

[besut | besut sumber]

Jeneng Lokal: Petai cina (Indonésia), Mandingan, Kemlandingan, Lamtoro (Jawa); Palanding, Peuteuy selong (Sunda), Kalandingan (Madura).[1]

Jeneng liyané pethèt ya iku Leucaena glauca, Benth.[1]

Khasiat

[besut | besut sumber]

Pethèt bisa nambani warna-warna lelara.[7] Contoné ya iku Diabétes melitus, Cacingen, ngundhakaké Gairah seks, tatu anyaran, aboh, Tluseben utawa kasura.[7]

Saben 100 gram wiji polong pethèt utawa Leucaena leucocephala kang wis tuwa ngandhut zat kimia kang akèh jinisé.[8]

Déné godhong pethèt ngandhut zat aktif kang diarani alkaloid, saponin, flavonoid, lan tanin.[2]

Asal-usul, anak jinis dan persebaran

[besut | besut sumber]

Tuwuhan iki asli saka Meksiko lan Amérika Tengah, lan sabanjuré wong-wong Spanyol nggawa winihe menyang jajahane Filipina ing akir abad XVI lan saka papan iki lamtoro banjur sumebar kanngo eyub-eyub, kayu bakar lan pakan ingon-ingon.[9]

Lamtoro gampang tuwuhé lan banjur ndrebala ing nagara-nagara tropis ing Asia lan Afrika; kalebu Indonésia. Tuwuhan iki duwé 3 subspésies, ya iku:[5]

  • Leucaena leucocephala ssp. leucocephala; ya iku jinis kang disebarake déning wong Spanyol. ing Jawa dikenal mandingan, lamtoro' utwa petai cina ‘lokal’, dhuwur wite watara 5 m lan mung cilik sarta galihe atos.
  • ssp. glabrata (Rose) S. Zárate. Dikenal lamtoro gung, kang luwih gedhé ing samubarange (wit, godhong, kembang, woh) saka lamtor biyasa, mula mau gung. Sarta,
  • ssp. ixtahuacana C. E. Hughes; kang sumebar ing Meksiko lan Guatemala.

Tuwuhan iki ora duwé ama kang akèh, nanging mung ama kutu loncat (Heteropsylla cubana) kang tau ndadèkaké tuwuhan mandingan/lamtoro (dudu lamtoro gung) cures ing pira-pira panggon ing Indonésia akhit taun 1980-an.[9]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r http://www.iptek.net.id Archived 2011-09-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  2. a b c d e http://www.uny.ac.id Archived 2011-05-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  3. a b c E-Prosea Detail: Leucaena leucocephala (Lamk.) de Wit Archived 2016-03-06 at the Wayback Machine.
  4. a b c Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonésia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 216 (sebagai Leucàena glàuca Bth.).
  5. a b Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng icraf_1069
  6. http://pusatpanduan.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  7. a b http://medical-dictionary.thefreedictionary.com(dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  8. http://naturindonesia.com Archived 2011-05-21 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  9. a b FACT Sheet: Leucaena leucocephala - a versatile nitrogen fixing tree Archived 2008-08-28 at the Wayback Machine.. FACT 97-06, September 1997.