Menyang kontèn

Israèl

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Israel)
מדינת ישראל
(Medīnat Yishra'el)
دولة إسرائيل
(Dawlat Isrā'īl)
Gendéraning Israèl
Gendéra
Aditamènging Israèl
Aditamèng
Motto: 
Gunagita: Hatikvah
Dunungpenering Israèl
KuthagaraTel Aviv (De Facto) Yerusalem (De Jure) 1
BrehakuthaYerusalem
JawatbasaIbrani, Arab
PapréntahanSistem parlementer
Reuven Rivlin (ראובן ריבלין)
Benjamin Netanyahu (בנימין נתניהו)
Kamardikan
• Banyu (%)
~2%
Population
• Pikira-kira 2013
8.134.100 (97)
• Cacahjiwa 2003
6.780.000
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$145,15 milyar (51)
• Saben wong
US$22.077 (32)
ArtacihnaShekel Israèl anyar (ILS)
Laladan wektuUTC+2
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
TLD internèt.il
Negara Israel
Geografi

Lemah Israel · Distrik · Kota
Transportasi · Mediterania
Segara Mati · Segara Abang · Tloga Galilea
Yerusalem · Tel Aviv · Haifa

Sajarah

Sajarah Yahudi (Garis waktu)
Zionisme ·Aliyah · Herzl
Deklarasi Balfour · Mandat
Rancangan PBB 1947 · Deklarasi kemerdekaan

Konflik Arab-Israel

Perang 1948 · Gencatan senjata 1949 · Perang Suez
Perang Enam Hari · War of Attrition
Perang Yom Kippur · Perang Lebanon
Konflik Israel-Lebanon
Perjanjian perdamaian dengan: Mesir, Yordania

Konflik Israel-Palestina

Garis waktu · Proses perdamaian · Kubu perdamaian
Intifada pertama · Persetujuan Oslo · Intifada ke-2
Pemisah · Penarikan diri

Ekonomi

Agrikultur · Perusahaan · Intan
Sains dan teknologi · Pariwisata
Pembuatan anggur · Silicon Wadi

Demografi · Budaya

Agama · Arab Israel · Kibbutz
Musik · Arkeologi · Universitas
Bahasa Ibrani · Sastra · Olahraga · Tokoh Israel

Hukum · Politik

Undang-undang kepulangan · Hukum Yerusalem
Partai · Pemilu · PM · Presiden
Knesset · Mahkamah Agung · Pengadilan

Hubungan luar negeri

Perserikatan Bangsa-Bangsa · Amerika Serikat
Liga Arab · Perancis

Pasukan keamanan

Angkatan Pertahanan Israel
Komunitas Intelijen · Dewan Keamanan
Polisi · Polisi Perbatasan · Dinas Penjara

Israèl (basa Ibrani מדינת ישראל Medinat Yishra'el, Arab دولة إسرائيل Dawlat Isrā'īl) iku nagara ing Timur Tengah, kang diubengi déning Sagara Tengah, Libanon, Suriah, Yordania, Mesir lan ara-ara wedhi Sinai. Saliyané iku Israèl uga diubengi rong laladan otoritas Palèstina: Lurung Gaza lan Gisik Kulon.

Ing pangertèn Alkitab, Israèl iku arané karajan lor; karajan kidul iku Yehuda.

Kanthi populasi 7,28 yuta jiwa, Israèl minangka siji-sijiné nagara Yahudi ing donya.[1] Saliyané iku, ana uga sawatara golongan ètnis minoritas liyané, yaiku ètnis Arab kang duwé warganagara Israèl, sarta golongan-golongan kaagamaan liyané kaya Muslim, Kristen, Druze, Samaritan, lan sapanunggalané.

Madegé nagara modhèren Israèl dhedhasar konsèp Lemah Israèl (Eretz Yishra'el), sawijining konsèp pusat Yudaisme wiwit jaman kuna,[2] kang uga minangka pusat wewengkon Karajan Yehuda kuna. Sawisé Perang Donya I, Liga Bangsa-Bangsa nyetujoni Mandat Britania tumrap Palestina minangka "nagara wong Yahudi".[3] Ing taun 1947, PBB nyetujoni Pembagian Palestina dadi rong nagara, yaiku siji nagara Yahudi lan siji nagara Arab.[4] Tanggal 14 Mèi 1948, Israèl mroklamasèkaké kamardikané lan iki banjur dadi paprangan karo nagara-nagara Arab ing saubengé kang nulak rencana pembagéyan iki. Israèl sabanjuré menang perang iki lan ngukuhaké kamardikané. Saka perang iki uga, Israèl kasil njembaraké wates wewengkon nagarané ngluwihi wates wewengkon kang ditemtokaké déning Rencana Pembagian Palestina. Wiwit wektu iku, Israèl terus memungsuhan karo nagara-nagara Arab tanggané, njalari perang kang ora lèrèn-lèrèn nganti saiki.[5] Wiwit pambentukan Nagara Israèl, wates nagara Israèl lan hak Israèl kanggo madeg wis dadi pasulayan, mligi déning nagara Arab lan para pangungsi Palestina. Israèl wis nandhatangani perjanjèan damai karo Mesir lan Yordania, nanging usaha perdamaian antara Palestina lan Israèl nganti saiki durung kasil.

Israèl minangka nagara dhémokrasi kanthi sistem papréntahan parlementer lan hak pilih universal.[6][7] Nayakotama Israèl njabat dadi kepala papréntahan lan Knesset minangka badan lègislatif Israèl. Sajeroning bab prodhuk domèstik bruto, ékonomi nagara iki ana ing peringkat angka 44 ing donya.[8] Israèl duwé peringkat Indèks Pembangunan Manungsa[9], kabébasan pèrs[10], lan daya saing ékonomi[11] kang paling dhuwur dibandingaké karo nagara-nagara Arab ing saubengé. Miturut ukum nagara Israèl, kutha krajan Israèl yaiku Yerusalem, (kutha krajan sadurungé kutha Tel Aviv). Sanadyan mangkono badan PBB lan akèh nagara ing donya ora ngakoni.

Pamérangan administratif

[besut | besut sumber]
Deleng uga Distrik ing Israèl

Israèl iku dipérang dadi 6 dhistrik. Banjur saben dhistrik dipérang dadi sawatara subdhistrik manèh.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. "Israèl". Country Report. Freedom House. 2007. Dibukak ing 2007-07-15.
  2. "Judaism". Britannica Online Encyclopedia. Dibukak ing 2008-12-30.
  3. "The Palestine Mandate". The Avalon Project. Yale University. 1922-07-24. Diarsip saka sing asli ing 2016-04-21. Dibukak ing 2007-09-06.
  4. "United Nations General Assembly Resolution 181". The Avalon Project. Yale University. 1947-11-29. Diarsip saka sing asli ing 2006-10-29. Dibukak ing 2007-08-21.
  5. "Arab-Israèli wars". Britannica Online Encyclopedia. Dibukak ing 2008-07-29.
  6. Rummel 1997, kc. 257. "A current list of liberal democracies includes: Andorra, Argentina,..., Cyprus,..., Israèl,..."
  7. "Global Survey 2006: Middle East Progress Amid Global Gains in Freedom". Freedom House. 2005-12-19. Dibukak ing 2007-07-01.
  8. "Total GDP 2006" (PDF). The World Bank. 2007-07-01. Dibukak ing 2008-03-03.
  9. "Human Development Report 2006". United Nations Development Programme. Dibukak ing 2007-07-15.
  10. "Worldwide Press Freedom Index 2007". Reporters Without Borders. Diarsip saka asliné ing 2007-10-17. Dibukak ing 2008-02-29.
  11. "Global Competitiveness Report 2006-2007". World Economic Forum. 2007-02-14. Dibukak ing 2007-07-15.

Deleng uga

[besut | besut sumber]


Nagari-nagari ing Wétan Tengah
Arab Saudi | Bahrain | Irak | Iran | Israel | Kuwait | Libanon | Mesir | Oman | Qatar | Suriah | Turki | Uni Emirat Arab | Yaman | Yordania