Perang Arab-Israèl 1948

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa

Perang Arab-Israèl 1948 utawi saged ugi dipunsebat "Perang Kamardikan" (Basa Ibrani: מלחמת העצמאות) utawi "Perang Pambebasan" (Basa Ibrani: מלחמת השחרור) déning tiyang Israèl, inggih punika konflik senjata ingkang kapisan saking kathah konflik Israèl lan negari-negari tangga tepalihipun (negari Arab).[1].

Nalika taun 1947, Perserikatan Bangsa-Bangsa mutusaken kangge mbagi wewengkon Mandat Britania tumrap Palèstina.[1] Ananging babagan punika boten dipunsarujuki déning negari Arab lan ugi déning negari-negari Muslim.[1] Golongan Yahudi pikantuk 55% saking sadaya wewengkon kamangka padunung Yahudi namung 30% saking sadaya padunung ing wewengkon punika.[2] Sanèsipun punika Kutha Yerusalem ingkang dipunanggep suci, boten namung tumrap tiyang Yahudi ananging ugi déning tiyang Muslim lan Kristen, badhé dipundamel kutha internasional.[1].

Israèl dipunproklamasikaken ing tanggal 14 Mei 1948 lan sadinten salajengipun lajeng langsung dipunserang déning tentara Lebanon, Suriah, Yordania, Mesir, Irak, lan negari Arab sanèsipun.[1] Ananging Israèl saged menangaken perang punika lan saged ngrebut kirang langkung 70% saking jembaripun wewengkon mandat PPB Britania Raya, Palèstina.[1] Perang punika nyababaken kathah kaum Paléstina ngungsi saking dhaérah Israèl.[1].

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g (en)[Rogan, Eugene L., ed., and Avi Shlaim, ed. The War for Palestine: Rewriting the History of 1948. 2nd ed. Cambridge: Cambridge UP, 2007 p. 99.]
  2. ^ (en)[Itzhak Galnoor (1995). The partition of Palestine: decision crossroads in the Zionist movement. SUNY Press. pp. 289–. ISBN 978-0-7914-2193-2. Retrieved 18 March 2011.]

Pranala Njawi[besut | besut sumber]