Perang Yom Kippur

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa
Perang Yom Kippur / Perang Oktober
Bagéan saka the Konflik Arab-Israèl
Assad Tlass war 1973.jpg

Presidhèn Suriah Hafez al-Asad lan Mentri Pertahanan Mustapha SVLK, sajroning Perang Arab-Israèl taun 1973
Tanggal 6 Oktober26 Oktober 1973
Papan Ujung Sinai, Dhataran Inggil Golan, lan tlatah sakubengipun ing Timur Tengah
Asil UNSCR 338: gencatan sanjata kalajengaken Konferensi Jenewa (1973).
Casus belli Rebutan tlatah ingkang dipun rampas Israèl saking Mesir lan Suriah ing Perang Enem Dinten
Pihak sing kalibat
Flag of Israel.svg Flag of Egypt.svg,
Flag of Syria.svg,
Flag of Irak Iraq
Komandhan
Moshe Dayan,
David Elazar,
Ariel Sharon,
Shmuel Gonen,
Benjamin Peled,
Israèl Tal,
Rehavam Zeevi,
Aharon Yariv,
Yitzhak Hofi,
Rafael Eitan,
Abraham Adan,
Yanush Ben Gal
Saad El Shazly,
Ahmad Ismail Ali,
Hosni Mubarak,
Mohammed Aly Fahmy,
Anwar Sadat,
Abdel Ghani el-Gammasy,
Abdul Munim Wassel,
Abd-Al-Minaam Khaleel,
Abu Zikry,
Mustafa Tlass[1]
Kakuwatan
415,000 troops,
1,500 tank,
3,000 APC,
945 artileri unit,[2]
561 montor mabur,
84 helikopter,
38 Kapal[3]
Mesir: 800,000 troops (300,000 deployed), 2,400 tank, 2,400 APC, 1,120 artileri unit,[2] 690 montor mabur, 161 helikopter, 104 Kapal,
Suriah: 150,000 troops (60,000 deployed), 1,400 tank, 800–900 APC, 600 artileri unit,[2] 350 montor mabur, 36 helikopter, 21 Kapal,
Irak: 60,000 troops, 700 tank, 500 APC, 200 artileri unit,[2] 73 montor mabur,[3]
Cacahé korban
2,656 pejah
7,250 tatu
400 tank risak
600 tank risak/dipundandosi
102 montor mabur katémbak dhawah[4]
8,528* – 15,000** pejah
19,540* – 35,000** tatu
2,250 tank risak utawi dipunrampas
432 montor mabur risak[4]
* Western analysis
** Israèli analysis

Perang Yom Kippur utawi Perang Ramelan utawi Perang Oktober (Ibrani מלחמת יום הכיפורים Milkhemet Yom HaKipurim utawi מלחמת יום כיפור, Milkhemet Yom Kipur; basa Arab حرب أكتوبر; ħarb Oktober utawi حرب تشرين, ħarb Tishrin), ugi misuwur minangka Perang Arab-Israèl 1973 lan Perang Arab-Israèl Kaping Sekawan, wiwit tanggal 6 Oktober ngantos 26 Oktober 1973, antawis Israèl lan koalisi negari-negari Arab ingkang dipun pandhégani déning Mesir lan Suriah. Perang punika dipun wiwiti kanthi serangan ndadak déning Mesir lan Suriah wekdal dinten libur Yahudi Yom Kippur. Mesir lan Suriah nyebrangi garis gencatan senjata ing Ujung Sinai,Dhataran Inggil Golan, inggih punika ingkang dipun rebat déning Israèl nalika Perang Enem Dinten, ing taun 1967.[5]

Pasukan Mesir lan Suriah majeng utaminipun salami 24–48 jam ingkang sapisanan, saksampunipun punika momentum lajeng éwah. Wonten minggu kaping kalih, pasukan Suriah sampun kasurung medal saking dhataran inggil Golan. Ing Sinai, pasukan Israèl nrobos ing antawisipun pasukan Mesir lan Suriah lajeng nyebrang Terusan Suèz, lan nggunting jalur pasukan katiga Mesir wonten ing panggénan ingkang salajengipun dados papan gencatan senjata PBB (kawentar kanthi istilah Kilometer 101).


Latar[besut | besut sumber]

Panyebab perang (Casus belli)[besut | besut sumber]

Perang punika minangka bagéan saking konflik Arab-Israèl, satunggiling cecongkrahan ingkang sampun nuwuhaken perang ingkang makaping-kaping wiwit taun 1948. Salami perang Enem Dinten taun 1967, Israèl sampun ngrebat Ujung Sinai kagunganipun Mesir ngantos dugi Terusan Suez, ingkang lajeng dados garis gencatan senjata, lan kinten-kinten sepalih tlatah Dhataran Inggil Golan kagunganipun Suriah. Taun-taun salajengipun Israèl amangun garis perbèntèngan wonten ing Sinai lan Golan. Taun 1971 Israèl nelasaken biaya $500 yuta kanggé mangun perbèntèngan ageng ing Terusan Suez, kadamel saking siti lan dipun wastani Garis/bèntèng Bar Lev, mendhet nami jenderal Israèl Chaim Bar-Lev.

Kadadosan Pra Perang[besut | besut sumber]

Anwar Sadat ing taun 1972 mratelakaken manawi Mesir sampun niat perang nglawan Israèl, lan siap ngorbanaken yutan tentara Mesir. Wiwit pungkasan taun 1972, Mesir miwiti mbangun kakiatan pasukanipun, nampi MiG-21 jet tempur, sistim misil pertahanan dharat-langit arupi SA-2 Guideline, SA-3 Goa, SA-4, SA-6 lan SA-7, RPG-7, T-55 lan tank-tank T-62, lan utaminipun gaman misil anti tank AT-3 Sagger saking Uni Soviet lan ningkataken taktik militer, adhedhasar doktrin tempur Soviet. Jenderal-jenderal pulitik, ingkang sabagéan ageng nanggel waler kakawonan ing perang taun 1967, dipun gentos kaliyan ingkang langkung kompetèn.[6]

Operasi Tempur[besut | besut sumber]

Ing Sinai[besut | besut sumber]

Satuan Mesir boten majeng nglangkungi tlatah tipis amargi kuwatos kicalan lindhungan saking bateré misil SAM ingkang dipun dèlèh wonten ing sisih kilèn Kanal Suez. Ing Perang Enem Dinten, Angkatan Udhara (Bala Langit) Israèl sampun njotos pasukan Mesir. Pramila Mesir lan Siria lajeng mbèntèngi sisi garis gencatan senjata mawi bateré SAM (surface to air missiles) saking Soviet, kamangka Bala Langit Israèl boten kagungan penangkalipun. Israèl, ingkang sampun mbucal arta kathah kanggé mbangun Bala Langit ingkang kiyat, ningali manawi kakiatan wau boten wonten ginanipun ngadhepi bateré SAM Mesir.

Ing Golan[besut | besut sumber]

Ing Dhataran Inggil Golan, pasukan Suriah nyerang pertahanan Israèl nganggé kalih brigade lan sewelas bateré artileri sarta gangsal divisi lan 188 bateré. Wonten ing pertempuran punika, 180 tank Israèl kedah ngadhepi kinten-kinten 1,300 tank Suriah.[7] Saben tank Israèl ingkang dipun gelar wonten Golan langsung kontak wonten ing serangan awal. Pasukan Komando Suriah ingkang dipun terjunaken nganggé helikopter ugi gadhah peran wigati wekdal nyerang posisi Israèl ing Jabal al Shaikh (Gunung Hermon), ingkang nggadhahi werni-werni piranti pelacak.

Golan Heights campaign

Ing seganten[besut | besut sumber]

Diagram of the Battle of Latakia

Pertempuran ing Latakia, arupi pertempuran Bala Seganten antawis Suriah lan Israèl, kadadosan tanggal 7 Oktober, dinten kaping kalih perang, ngasilaken kamenangan Israèl ngkang mbuktosaken potènsi kapal misil alit ingkang dipun paringi piranti ECM (Electronic countermeasures) modèrn. Pertempuran punika minangka ingkang sapisanan ing donya antawis kapal misil ingkang dipun lengkapi misil SAM.

Gaman[besut | besut sumber]

Pasukan Arab dipun lengkapi naganggé gaman damelan Soviet, kosok wangsulipun Israèl nganggé gaman damelan negari Kilèn. Tank ingkang dipun ginakaken déning Arab T-62 dipun lengkapi piranti deleng wengi (night vision equipment), sementawis pasukan Israèl boten utawi kirang. Tank IS-3 'Stalin', dipun pasangi gaman mesin 122 mm, sayektos taksih migunani wonten ing pertempuran punika, saged maringi bantuan anti tank jarak tebih kanggé tank T55/T62 pasukan Mesir.

Tipe Pasukan Arab IDF
Tank T-34/85, IS-3, T-10, T-54, T-55, T-62, and PT-76, uga watara 100 SU-100/122 (WWII vintage) STTB Anti tank. Super Sherman, M48 Patton, M60 Patton, Centurion, AMX 13, uga watara 200 T-54, T-55 sing dirampas jroning Perang Enam Hari, lan sabanjuré ditingkataké nganggo kanon British Mriem 105 mm L7.
APC/IFV BTR-40, BTR-152, BTR-50, BTR-60 APC & BMP 1 IFV M2M3, M113
Artileri 2A18, M1937 Howitzer, BM-21 M101 howitzer, M114 howitzer, M109, M110
Montor Mabur MiG-21, MiG-19, MiG-17, Su-7B, Tu-16, Il-28, Il-18, Il-14, An-12 A-4 Skyhawk, F-4 Phantom II, Dassault Mirage III, Dassault Mystère IV, IAI Nesher, Sud Aviation Vautour
Helikopter Mi-6, Mi-8 Super Frelon, CH-53, S-58, AB-205, MD 500 Defender
AAW SA-6 Gainful, SA-3 Goa, SA-2 Guideline, ZSU-23-4 MIM-23 Hawk, MIM-72/M48 Chaparral, M163 VADS
Senapan Carl Gustav M/45, AK-47, RPK, RPD, DShK UZI, FN FAL, M16, FN MAG, M2 Browning

Gencatan Senjata[besut | besut sumber]

Tentara Katiga Mesir kajebak[besut | besut sumber]

Nalika gencatan sanjata dados èfèktif, Israèl kécalan tlatah ing sisih wétan Terusan Suez marang Mesir (abrit ing péta), nanging angsal tlatal sakilènipun terusan saha sakedhik siti ing Golan (ijem).

Déwan Keamanan PBB ngedalaken Resolusi 338[8] ingkang ngajak gencatan senjata, kanthi negosiasi kaliyan Amerika Sarikat lan Uni Sovyèt, tanggal 22 Oktober. Resolusi punika ngajak "sadaya péhak ingkang cecongkrahan " supados "ngendhegaken sadaya aktivitas militer." Résolusi punika dados efektif 12 jam sasampunipun medal, jam 18:52 wekdal Israèl

Pèngetan[besut | besut sumber]

Yom Kippur punika dinten paling minulya kanggé Umat Yahudi. Bènten saking dinten libur lan siyam, ing Israèl Yom Kippur sapunika ugi dipunpèngeti kagandhèng kaliyan Perang taun 1973 punika. Perkawis punika katingal sanget ing média massa Israèl.

Tanggal 6 Oktober punika dinten libur nasional ing Mesir lan dipunwastani "Dinten Angkatan Senjata Mesir". Ing Suriah dinten punika uga dinten libur.[9]

Kanggé mèngeti perang punika, kathah papan ing Mesir ingkang dipunsukani nami 6 Oktober utawi 10 Ramelan. Contonipun punika Kreteg 6 Oktober (basa Arab: كوبري السادس من اكتوبر ) ingkang kawentar saha Kitha 6 Oktober lan Kitha 10 Ramelan.

Referensi[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ [1]
  2. ^ a b c d The number reflects artillery units of caliber 100 mm and up
  3. ^ a b (Basa Rusia) Yom Kippur War at sem40.ru
  4. ^ a b Rabinovich, 496–497
  5. ^ name="ybookcoil2004">During the Autumn of 2003, following the declassification of key Aman documents, the newspaper Yedioth Ahronoth released a series of controversial articles [2] which revealed that key Israèli figures were aware of considerable danger that an attack was likely, including Golda Meir and Moshe Dayan, but had decided not to act. The two journalists leading the investigation, Ronen Bergman and Gil Meltzer, later went on to publish Yom Kippur War, Real Time: The Updated Edition, Yediot Ahronoth/Hemed Books, 2004. ISBN 965-511-597-6
  6. ^ Heikal, 22
  7. ^ Peter Caddick-Adams "Golan Heights, battles of" The Oxford Companion to Military History. Ed. Richard Holmes. Oxford University Press, 2001.
  8. ^ [http://daccessdds.un.org/doc/RESOLUTION/GEN/NR0/288/65/IMG/NR028865.pdf?OpenElement Resolusi DK PBB 22 Oktober 1973
  9. ^ Syria Country Commercial Guide FY 2004 (09/05/2003) Strategis.gc.ca. Accessed 2007-06-07.

Bibliografi[besut | besut sumber]

Pranala jawi[besut | besut sumber]