Carlos Filipe Ximenes Belo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Biskop Carlos Belo.

Carlos Filipe Ximenes Belo (lair 3 Fèbruari 1948; umur 76 taun) inggih punika salah satunggaling biskop Katolik Roma ingkang sesarengan kaliyan José Ramos Horta pkantuk Penghargaan Bedhamèn Nobel taun 1996, kanggé usaha "pinuju pamungkasan ingkang adil lan damai wonten ing Timor Wétan". Ing Indonésia, piyambakipun langkung asring dipunsebut Biskop Belo.

Biografi[besut | besut sumber]

Anak angka 5 saking Domingo Vaz Filipe lan Ermelinda Baptista Filipe, Carlos Filipe Ximenes Belo miyos wonten ing désa Wailakama, saket Vemasse, ing pasisir lèr Timor Timur. Bapakipun, satunggaling guru sekolah, tilar donya kalih taun candhaipun. Nalika alit dipuntelasaken wonten ing sekolah Katolik ing Baucau lan Ossu, lajeng piyambakipun pindhah dhateng seminari kecil Dare, ing njawi kutha Dili lan lulus nalika taun 1968. Wiwit taun 1969 dumugi taun 1981, kejawi saking latihan kerja (1974-1976) ing Timor Timur lan ing Makau, piyambakipun wonten ing Portugal lan Roma sabibaripun dados anggota saking Serikat Salesian. Ing mrika piyambakipun sinau filsafat lan teologi saderengipun dipunresmikaken dados pastur nalika taun 1980.[1]

Lajeng dhateng Timor Timur nalika taun 1981 piyambakipun dados guru sadangunipun 20 wulan, lajeng 2 wulan dados Direktur wonten ing Kolese Salesian ing Fatumaca. Nalika Martinho da Costa Lopes ngunduraken diri nalika taun 1983, Carlos Filipe Ximenes Belo dipuntunjuk Administratur Apostolik Diosis Dili dados pemimpin Gréja Timor Timur lan tanggel jawab kanthi langsung dhateng Paus. Nalika taun 1988 piyambakipun dipuntahbisaken minangka Biskop ing Lorium, Italia.[2]

Pastor Belo minangka pilihan Duta Besar Vatikan ing Jakarta lan pemimpin Indonésia amargi piyambakipun katingal panurut, nanging piyambakipun sanès pilihan saking pastor Timor Timur ingkang boten ngrawuhi penahbisannipun. Nanging wonten wekdal 5 wulan sabibatipun njabat, piyambakipun mrotes, wonten ing khotbahipun ing Katedral, tumrap kebrutalan pembantaian Kraras (1983) lan ngutuk penahanan kathah tiyang déning pamaréntah Indonésia. Gréja minangka satunggalipun institusi ingkang saged komunikasi kaliyan “donya luar”. Kanthi pemahaman punika Administrator Apostolik ingkang nembé kemawon nyerat kathah serat lan mbiyangun gayutan kaliyan jaban rangkah, déné pihak Indonésia ngupaya kanggé samsaya ngisolasinipun nanging donya (limrahipun) lan Gréja Katolik boten katingal gadhah minat.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]