Henri La Fontaine
Henri-Marie La Fontaine (22 April 1854 – 14 Mèi 1943) inggih punika pangacara internasional Bèlgia lan présidhèn Biro Perdamaaian Internasional wiwit taun 1907 dumugi ing taun 1943 ingkang pikantuk Bebungah Nobel Bedhamèn nalika taun 1913.[1]
Miyos wonten ing Brusel, Henri La Fontaine aktif nidnakaken saben bab punapa kemawon ingkang dipunremeni. Satunggaling Pangacara, piyambakipun berjuang kanggé perdamaian, permukiman konflik kaliyan arbitrase, internationalisme, hak pilih universal, hak pendidikan, hak wanita utawi pengaturan buruh. Piyambakipun dipunanggep déning kanca-kancanipun minangka "pemimpin obahan rakyat kanggé perdamaian ing Éropah ingkang sajatosipun ". Henri La Fontaine yuswanipun boten langkung dangu kanggé ningali pembebasan Bèlgi, amargi piyambakipun tilar donya nalika tanggal 14 Mèi 1943 nalika yuswanipun ngancik angka 89. Nalika taun 1877, nalika yuswanipun 23 taun, Henri La Fontaine dipundhawuhi dhateng pengadilan wonten ing Pengadilan Banding Brusel. Satunggaling anggota Parté Buruh Bèlgi, piyambakipun dipunangkat minangka Senator nalika taun 1895, lan antawising taun 1919 dumugi taun 1932 gadhah kalungguhan minangka Wakil Présidhèn Senat.[2]
Saalh satunggaling anggota parlemen ingkang aktif, Henri La Fontaine inggih punika investigator sajumlah reformasi ing babagan pendidikan, perburuhan, lan urusan jaban rangkah. Piyambakipun ugi ngajara hukum internasional wonten ing Universitas Brusel dumugi ing taun 1940.[3]
Ing sangandhaping prabawa juru damai Britania Hodgson Pratt, Henri La Fontaine ndhirikaken Kelompok Arbitrase lan Bedhamèn Bèlgi nalika taun 1883, lan dados sekretaris jenderalipun 2 taun candhakipun. Antawis taun 1907 lan 1943, piyambakipun njabat dados Présidhèn Biro Bedhamèn Internasional, lan pikantuk Nobel Bedhamèn nalika taun 1913. Piyambakipun minangka salah satunggaling anggota wakil Bèlgi dhateng Konferensi Bedhamèn Paris nalika taun 1919 lan wonten ing taun candhakipun, dados wakil Bèlgi dhateng Majelis Umum Liga Bangsa-bangsa. Sadangu gesangipun, piyambakipun aktif wonten ing salebeting masarakat perdamaian kalebet Masarakat Arbitrasi lan Bedhamèn Bèlgi. Internasionalismenipun saged kapanggihaken wonten ing sawijining esai ingkang dipunterbitaken wonten ing taun 1916 kanthi sesirah La Grande Solution, ing pundi piyambakipun nywantenaken dipunbentukipun Parlemen, Konstitusi, lan Bank Dunia, ugi pembentukan basa univesal.[4]
Hukum sanès namung satunggalipun babagan ingkang narik minatipun. Satunggaling bibliografer lan panliti dokumenter, nalika taun 1895, sesarengan kaliyan Paul Otlet, piyambakipun ndhrikaken Lembaga Bibliografi Internasional (saderengipun Federasi Informasi dan Dokumentasi Internasional utawi FID) ingkang gadhah ancas ngempalaken lan ngindekskaken sadaya informasi ingkang gegayutan kaliyan prakawis lan pemeliharaan perdamaian internasional.
Dinamisme Henri La Fontaine ingkang boten mandheg, damel piyambakipun njajahi kathah babagan. Satunggaling pemanjat ingkang cerdas, piyambakipun nyurahaken bibliografi internasional babagan ulah raga punika, lan minangka Présidhèn Klub Alpen Bèlgi. Piyambakipun ugi nerjemahaken pérangan-pérangan opera Wagner, nyerat esai wonten ing status wanita Amérikah Sarékat, lan ndhirikaken kalawarta La Vie Internationale.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ http://www.belgium.be/eportal/application?origin=indexDisplay.jsp&event=bea.portal.framework.internal.refresh&pageid=contentPage&docId=5869.0 Archived 2007-09-30 at the Wayback Machine. Biografi dari belgium.be
- ↑ http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/peace/laureates/1913/fontaine-bio.html
- ↑ http://global.britannica.com/EBchecked/topic/327724/Henri-Marie-Lafontaine
- ↑ http://www.enotes.com/henri-marie-la-fontaine-reference/henri-marie-la-fontaine[pranala mati permanèn]