Ayam alas ijem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ayam alas ijem
Stavenn Gallus varius 0.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Génus: Gallus
Spésies: G. varius
Jeneng binomial
Gallus varius
(Shaw, 1798)

Ayam alas ijem (basa Jawa ngoko = Pitik alas ijo, basa Latin = Gallus varius) inggih punika nami jinisipun peksi ingkang kalebet golongan unggas saking suku Phasianidae, inggih punika kulawarga ayam, puyuh, merak, saha sempidan. Ayam alas dipunpitados minangka simbah moyangipun sapérangan ayam ingkang wonten ing Nuswantara. Ayam punika dipunsebat kanthi manéka nami ing manéka papan, kados ta canghegar utawi cangehgar (Sd.), ayam alas (Jw.), ajem allas utawi tarattah (Md.).

Kagungan nami èlmiah Gallus varius (Shaw, 1798), ayam punika ing basa Inggris misuwur minangka Green Junglefowl, Javan Junglefowl, Forktail, utawi Green Javanese Junglefowl, ngrujuk saking werni saha asal papanipun.

Pemerian[besut | besut sumber]

Peksi kanthi ukuran ageng, panjangipun badan total (dipunukur saking pucuk cucuk dumugi buntut) antawis 60 cm ingkang ayam jago, lan 42 cm ingkang babon.

Jènggèr ing ayam jago boten “mawi grigi, ananging mbunder ing pipiripun”; abrit, “kanthi werni semu biru ing tengahipun”. Wulu-wulu ing jangga, tengkuk saha mantel ijem kanthi pipiranipun cemeng, kados déné sisik ulam. Panutup pinggul arupi wulu-wulu panjang lancip kuning emas kanthi tengahipun awerni cemeng. Sisih andhap badan cemeng, saha buntutipun cemeng semu ijem. Ayam babon langkung alit, kuning semu coklat, kanthi garis-garis lan bintik cemeng. Iris abrit, cucuk klawu semu pethak, saha suku kuning utawi semu abrit.

Panyebaran lan kabiyasaan[besut | besut sumber]

Ayam ingkang remen kaliyan papan ingkang kabikak bébas saha arupi ara-ara, pinggir alas saha papan kanthi bukit-bukit andhap ing caket pasisir. Ayam alas ijem dipunmangertosi nyebar winates ing Jawi saha Kapuloan Nusa Tenggara kalebet ugi Bali. Ing Jawi Kilèn kacathet gesang ing papan dumugi kainggilan 1.500 m dpl, ing Jawi Wétan dumugi 3.000 m dpl saha ing Lombok saged dumugi 2.400 m dpl.

Énjing lan sonten ayam punika biyasa pados tetedhan ing papan-papam kabikak saha kathah suket, déné nalika siyang wonten ing sangandhapipun tajuk alas. Ayam alas ijem nedha manéka wiji, pucuk suket saha gegodhongan, manéka srangga, sarta manéka jinis kéwan ingkang langkung alit, kados ta angga-angga, cacing, kodhok saha kadhal alit.

Ayam punika asring katingal wonten ing salebetipun golongan-golongan, cacah 2-7 utawi langkung, pados tetedhan ing pasuketan ing caketipun kebo, sapi utawi banthèng. Kajawi mburu srangga ingkang kaganggu déning kéwan-kéwan ageng punika, ayam alas ijem dipunmangertosi remen nyèkèri telèk herbivora mau saperlu pados wiji-wijian ingkang dèrèng kacerna, utawi srangga ingkang nedha telèk-telèk punika.

Nalika ndalu, golongan ayam alas punika tilem boten tebih saking rumpun bambu, perdhu, utawi gegodhongan palem alas kanthi inggil antawis 1,5 – 4 m ing nginggil siti.

Ayam alas ijem tangkar-tumangkar antawis wulan Oktober-November ing Jawi Kilèn saha antawis Maret-Juli ing Jawi Wétan. Susuhipun kadamel prasaja ing nginggil siti kanthi lapisan suket, wonten sawingkingipun semak utawi suket ingkang inggil. Tigan cacahipun 3-4 kanthi werni semu pethak.

Boten kados katurunan ayam kampung, ayam alas ijem pinter miber. Anak ayam alas punika sampun saged miber ngèndhani bebaya nalika umuripun taksih ètangan minggu. Ayam ingkang diwasa saged miber dumugi 7 mèter langkung. Miber rata, ayam alas ijem saged miber lurus dumugi atusan mèter, ugi dipunpitadosi saged miber saking satunggalipun pulo dumugi pulo sanèsipun ingkang caket.

Bahan waosan[besut | besut sumber]

  • Coates, B.J. and K.D. Bishop. 2000. Panduan lapangan Burung-burung di Kawasan Wallacea. BirdLife IP & Dove Publication. Bogor. ISBN 979-95794-2-2
  • MacKinnon, J. 1993. Panduan lapangan pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada University Press. Jogyakarta. ISBN 979-420-150-2
  • MacKinnon, J., K. Phillipps, and B. van Balen. 2000. Burung-burung di Sumatera, Jawa, Bali dan Kalimantan. LIPI dan BirdLife IP. Bogor. ISBN 979-579-013-7

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Gallus varius pada IUCN Red List Database, dipunundhuh tanggal 7 Dhésèmber 2012
Gallus varius pada ITIS Database, dipunundhuh tanggal 7 Dhésèmber 2012