Pitik alas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pitik Alas
Gallus gallus.jpg
Pitik alas abang Gallus gallus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Génus: Gallus
Brisson, 1766
Spesies
  • Gallus gallus
  • Gallus lafayetii
  • Gallus sonneratii
  • Gallus varius

Pitik alas iku jeneng umum kanggo jinis-jinis pitik alasan sing urip ing alas. Ing basa Madura ajem alas lan ing basa Inggris junglefowl; kabèh ngrujuk ing papan uripé lan sifaté sing alasan.

Pitik-pitik iki saka segi wangun awak lan prilaku sarupa banget karo pitik-pitik ingon, amarga pancèn arupa leluhur saka pitik ingon. Jantan karo wadon béda wangun awaké, warna lan ukurané (dimorfisme sèksual, sexual dimorphism). Pitik alas lanang duwé wulu sing manéka warna lan éndah, béda karo pitik betinané sing cenderung duwé warna monoton lan kusem.

Ragam jinis lan Penyebaran[besut | besut sumber]

Kabèh, ana patang spésies pitik alas sing nyebar wiwit saka India, Sri Lanka nganti Asia Kidul-Wétan kalebu Kapuloan Nusantara. Papat spésies iku:

Rong jinis ana ing Indonésia, nyebar alami mligi ing pérangan kulon kapuloan. Rong jinis pitik iku: (1) Pitik-alas abang, sing seneng pérangan alas sing rélatif katutup; lan (2) Pitik-alas ijo, sing luwih seneng alas-alas kabukak lan tlatah mawa bukit-bukit.

Kabiasaan[besut | besut sumber]

Pitik alas iku mangan apa waé, sanajan cenderung minangka pamangan wiji-wijian. Nanging kaya déné pitik lumrahé, pitik alas uga mangan pucuk-pucuk suket, srangga lan manéka kéwan cilik sing ditemoni.

Manuk iki racaké urip pasangan utawa sajeroning kelompok cilik. Turu ing dhuwur pang perdu utawa semak, ora adoh banget saka dhuwur lemah. Nalika usum ngendhog, wadon gawé susuh prasaja ing sadhuwuré lemah lan ngengkremi endhogé nganti netes. Anak-anak pitik alas dimong déning baboné.

Ora kaya pitik ingon, pitik alas pinter mabur; ora suwé sawisé ninggal susuh papané netes.

Dhomèstikasi[besut | besut sumber]

Pitik alas arupa salah siji jinis unggas sing wis didhomèstikasi manungsa wiwit èwonan taun kapungkur. Pitik alas abang dikawruhi minangka nenek-moyang langsung saka anéka jinis pitik ingon. Éwadéné pasilangan pitik alas ijo karo pitik ingon ngasilaké pitik bekisar, sing misuwur banget ing Jawa Wétan amarga swara kluruké sing apik lan wuluné sing éndah.

Pitik alas sajeroning dongèng[besut | besut sumber]

Sapérangan carita rakyat tradhisional nampilaké pitik alas minangka salah siji tokohé. Dongèng rakyat kaya déné Ciung Wanara saka tlatah Sunda, utawa vèrsi Jawané sing mawa judhul Panji Laras utawa Cinde Laras, nyritakaké tokoh utama sing duwé pitik jago utawa pitik alas jago sing pinter tarung lan kluruk.

Lan kluruké iku dudu kluruk biyasa, nanging isi carita ngenani nasib bendarané iku. Minangka conto, kluruké pitik jago Ciung Wanara muni:

Blak ! Blak ! kukuruyuuuuk
Bapa raja Ibu uga ratu !
Suwé kandhutan setaun !
Paraji ibu ratu !
Sanajan manis nanging madu !”
Kanthi wengi mata ditutup !
Kanthi wengi kuping ditutup !
Kaloro tangan dibanda !
Nalika lair sajeroning kandaga kèli !
Bebarengan sabutir endhog... !

(Saka Ciung Wanara, sawijining carita pantun Sunda, déning Ajip Rosidi. Jakarta: Gunung Agung, 1985)