Pitik alas abang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pitik alas abang
Red junglefowl hm.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Génus: Gallus
Spésies: G. gallus
Jeneng binomial
Gallus gallus
(Linnaeus, 1758)

Pitik alas abang utawa kanthi jeneng èlmiyah Gallus gallus iku sajinis manuk kanthi ukuran sedheng, dawané watara 78 cm, saka suku Phasianidae. Pitik wadon ukurané luwih cilik, dawané watara 46 cm. Pitik alas lanang duwé wulu-wulu gulu, tengkuk lan mantel sing dawa luncip werna kuning coklat keemasan kanthi kulit rai abang, iris coklat, wulu geger ijo peteng lan sisih ngisor awak werna ireng ngilap. Ing endhasé ana jènggèr mawa gerigi lan gelambir werna abang. Bututé kapérang saka 14 nganti 16 wulu werna ireng ijo métalik, kanthi wulu tengah buntut sing dawa lan mlengkung mudhun. Sikilé werna klawu ana jaluné siji. Pitik wadon sikilé ora ana jaluné, wulu-wuluné cendhak, werna coklat tuwa semu kuning mawa garis-garis lan bintik peteng.

Pitik-alas abang kasebar wiyar ing alas tropis lan dhataran asor ing bawana Asia, saka Himalaya, Républik Rakyat Cina kidul, Asia Kidul-Wétan, tekan Sumatra lan Jawa. Ana lima subspesies sing ditepungi. Ing Indonésia, subspesies G. g. bankiva tinemu ing Jawa, Bali lan Sumatra.

Pitik-alas abang urip nglompok, pitik lanang karo sapérangan pitik wadon. Ing ésuk lan soré, pitik metu golèk pangan ing salumahing lemah. Pakan pitik-alas abang kapérang saka anéka wiji-wijian, pucuk suket lan gegodhongan, srangga sarta manéka jinis kéwan cilik.

Pitik wadon racaké netesaké watara lima nganti enam butir endhog werna coklat enom pucet utawa coklat semu abang. Anak pitik bisa mabur sawisé umur seminggu.

Pitik-alas abang diyakini minangka leluhur saka pitik ingon. Wiwit kapan pitik-alas iki didhomestikasi ora cetha, nanging pitik-pitik iku diternakaké wiwit peradaban Lembah Indus watara 5.000 taun kapungkur.

Salah siji manuk sing paling akèh ditemoni lan diternakaké, pitik-alas abang diévaluasikaké minangka kanthi résiko asor sajeroning IUCN Red List.

Pranala njaba[besut | besut sumber]