Osteichthyes
| Osteichthyes Temporal range: 420–0 Ma |
|
|---|---|
![]() |
|
| Atlantic herring | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Subfilum: | Vertebrata |
| Infraphylum: | Gnathostomata |
| Superkelas: | Osteichthyes Huxley, 1880 |
| Kelas | |
Osteichthyes utawa disebut uga Iwak mawa balung sejati iku kelas saka anggota kéwan mawa balung buri sing minangka subfilum saka Pisces. [1] Osteichthyes asal saka basa Yunani, yaiku osteon sing maknané balung lan ichthyes sing maknané iwak. [2] Urip ing segara, rawa-rawa, utawa banyu tawa. [3]
Struktur awak[sunting]
Kabèh jinis iwak sing kalebu jroning kelas Osteichthyes anduwèni sebagéan balung atos, cucuk lan bolongan irungé ventral, celah-celah pharyngeal katutup (ora katon saka jaba) lan jantungé mung nduwèni siji ventrikel. [2] Jantung mawa ruang loro, getih awarna pucet, ngandhut eritrosit sing mawa inti lan leukosit. Iwak iki uga duwé sistem limfa dln sistem porta renalis. Nduwèni ati mawa kantong empedu. Lambung dipisahaké saka usus déning katup, nduwèni kloaka, ananging ora jelas anané pankréas.
Conto[sunting]
- Iwak lélé (Ameiurus melas) [2]
- Welut (Anguilla sp.) [3]
- Iwak bader (Perca sp.) [3]
- Kuda laut (Hippocampus sp.) [3]
- Salmon (Oncorhynchus sp.) [3]
- Sardhèn (Sardinops caerulea) [3]
- Ikan paru (Noeceratodus sp.) [3]
- Tuna (Scomber scombrus) [3]
- Iwak terbang (Cypselurus sp.) [3]
- Iwak mas (Carassius auratus) [3]
- Iwak pérak (Cymatogaster aggregatus) [3]
- Iwak bandeng [2]
- Iwak gurami [2]
Rujukan[sunting]
- ^ Buku sekolah elektronik [|Moch Anshori, Djoko Martono] (2009). Biologi 1 : Untuk Sekolah Menengah Atas (SMA)-Madrasah Aliyah (MA) Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN : 978-979-068-129-3 ( no.jil.lengkap) / ISBN : 978-979-068-130-9.
- ^ a b c d e Buku sekolah elektronik [|Idun Kistinnah, Endang Sri Lestari] (2009). Biologi 1 : Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MA Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no. jilid lengkap) / ISBN 978-979-068-131-6.
- ^ a b c d e f g h i j k [|D. A. Pratiwi, Sri Maryati, Srikini, Suharno, Bambang S.] (2007). BIOLOGI SMA Jilid 1 untuk Kelas X Berdasarkan Standar Isi 2006. Jakarta: Penerbit Erlangga. ISBN : 979-781-726-1.
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
