Cnidaria
| Cnidaria Temporal range: Ediakara - Saiki |
|
|---|---|
| Jelatang laut, Chrysaora quinquecirrha | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Eukaryota |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Cnidaria Hatschek, 1888 |
| Kelas | |
Cnidaria iku salah siji divisi saka kingdom plantae [1]. Dijenengi Cnidaria merga kéwan iki duwe sel knidoblast kang isine organel antup.[2] Ana paling ora 10.000 spesies melbu ing filum Cnidaria. [2] Akeh-akehe spesies kang mlebu ing filum iki uripe ing laut. [2] Ana sebagéyan Cnidaria kang uripe dhéwékan utawa soliter lan sebagiéyan manéh uripe koloni. [2] Cnidaria mung duwe bolongan siji kang gunane kanggo tutuk lan kanggo anus. [2] Cnidaria njupuk buruané nganggo téntakelé. [2] Rupane Cnidaria iku ana loro kang kapisan iku polip lan kaping pindho iku médhusa. [2] Polip iku maksudé rupané kaya tabung lan duwé cangkem ing bagéyan dorsal kang ana tentakelé, cangkeme ana ing sisih ngisor. [2] Médhusa iku maksudé rupané kaya cakram lan diubengi tentakel. [2]
Jinisé Cnidaria [sunting]
- Hydrozoa : akéh-akéhé Hydrozoa urip ing laut lan cara uripé kelompokan utawa koloni. Contoné hydrozoa iku Hydra. [2]
Hydra yaiku Hydrozoa soliter (urip dhéwé-dhéwé) sing uripé ing banyu tawa.
- Scyphozoa : Scyphozoa iku asalé saka tembung skyphos kang artiné tutup lan zoon kang artiné kéwan. Contoné Scyphozoa iku Aurelia Aurita utawa ubur-ubur. [3]
- Anthozoa : Anthozoa iku asalé saka tembung Anthos kang artiné kembang lan zoon kang artiné kéwan. Dadi arti Anthozoa iku kéwan kang kaya kembang. Contoné Anthozoa iku Anemon llaut lan kembang-kembang karang. [3]
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||