Porifera
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Poraminifera | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Porifera Grant in Todd, 1836 |
| Kelas | |
|
|
Porifera iku asale saka tembung porus kang duwé arti bolongan cilik lan ferre kang artine duwé. Porifera iku kéwan kang duwé bolongan-bolongan cilik utawa kéwan kang duwe pori-pori. Porifera duwé saluran banyu kang ngatur sirkulasi banyu ing awaké. Rupané kéwan saka jinis iki rupa-rupa ana kang kaya piala, terompet, lan ana kang akeh pangé kaya tanduran.[1] Awaké némpél ing dhasar banyu, ana kang ana warnané lan uga ana kang ora duwé warna. [1] Porifera ora duwé organ pencernaan, sistem saraf, lan sistem perédharan getih. [1] Sistem réprodhuksiné ana loro yaiku séksual lan aséksual. [2] Lapisan kang nyusun awak Porifera saka jaba mara jero yaiku:
- Epidhérmis utawa lapisan kang paling jaba. Lapisan iki disusun saka pinakosit (sél epitelium pipih). [1]
- Mesoglea(gelatin) lapisan iki dadi lapisan kanggo watesé sél epidhérmis lan lapisan éndhodhérmis. [1] Lapisan iki dibagi manéh dadi loro, yaiku:
- sél-sél ameboid, fungsiné sél iki kanggo ngangkut zat panganan lan zat luwihan metabolisme saka sél kang siji mara sel liyané[1]
- sel skleroblas, fungsiné kanggo gawé spikula. [1] Spikula iku ri kang fungsiné kanggo nguataké sel dhinhing kang amoh.[1] Spikula rupané rupa-rupa kang komposisiné saka zat kapur, zat kersik, lan ana uga spongin kang saka protéin. [1]
- Éndhodhérmis utawa lapisan jero, lapisan iki saka koanosit kang duwé flagela lan fungsiné kanggo mencerna panganan. [1]
[sunting] Cathetan Suku
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||