Platyhelminthes

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Platyhelminthes
Klasifikasi èlmiah
Domain: Eukaryota
krajan: Animalia
filum: Platyhelminthes
Kelas

Platyhelminthes yaiku filum ing Kerajaan Animalia (kéwan). [1] Filum iki nyakup kabeh cacing pipih kejaba Nemertinea, kang biyen minangka salah sawijining kelas Platyhelminthes, kang wis kapisah.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Ciri-ciri

Awake pipih dosoventral lan ora duwe segmen.[2] Umume, golongan cacing pipih urip ing kali, tlaga, segara, utawa minangka parasit ing jero organisme liyane.[2]. Cacing golongan iki sensitif banget karo cahya.[2] tuladhane Platyhelminthes yaiku Planaria kang kerep ditemokake ing ngisor watu (dawane 2-3 cm), Bipalium kang urip ing ngisor lumut lembab (kira-kira dawane 60 cm), Clonorchis sinensis, cacing ati, lan cacing pita.[2]

[sunting] Struktur lan fungsi awak

Platyhelminthes minangka cacing kang kagolong triploblastik aselomata amarga duweni 3 lapisan embrional kang kasusun saka ektoderma, endoderma, lan mesoderma. [3]Nanging mesoderma cacing iki ora ngalami spesialisasi mula sel-selnya tetep seragam lan ora mbentuk sel kusus.[3]

[sunting] Sistem pencernaan

Sistem pencernaan cacing pipih diarani sistem gastrovaskuler.[3]Ing kono peredaran panganan ora lumantar getih nanging lumantar usus.[3] Sistem pencernaan cacing pipih dimulai saka cangkem, faring, lan dterusake ing krongkongan.[3] Ing mburi krongkongan iki ana usus kang duweni cabang ing sakojur awak.[3] mula saliyane selain nyerna panganan, usus ga ngedarake panganan tekan sakojur awak.[3]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b (en)Torsten H. Struck, Frauke Fisse (2008). "Phylogenetic position of Nemertea derived from phylogenomic data". Molecular Biology and Evolution. DOI:10.1093/molbev/msn019.
  2. a b c (Inggris)Marty Snyderman, Clay Wiseman (1996). Guide to marine life: Caribbean, Bahamas, Florida. Aqua Quest Publications, Inc.. ISBN 978-1-881652-06-9. Hal.83-87
  3. a b c d e f g (Inggris)Wojciech Pisula (2009). Curiosity and Information Seeking in Animal and Human Behavior. Brown Walker Press. ISBN 978-1-59942-498-9. Hal.37-41
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Platyhelminthes&oldid=639041"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès