Ubur-ubur
| Ubur-ubur | |
|---|---|
| Chrysaora quinquecirrha | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Cnidaria |
| kelas: | Scyphozoa Goette, 1887 |
| Ordo | |
Ubur-ubur iku sajinis kéwan segara saka suku Scyphozoa. Awaké awangun kaya payung mawa rumbai, bisa agawé rasa gatel yèn kasénggol. Ubur-ubur ditemokaké sepisanan kurang luwih 650 yuta taun kapungkur.[1] Nalika iku, ubur-ubur ditemokaké ing saben segara. [1]Saliyane iku, ubur-ubur uga ditemokaké ing banyu kang tawa.[1] Ubur-ubur nduwéni istilah liya yaiku Medusa (Plural Medusae).[1] Medusa iku dadi istilah kanggo ubur-ubur kang urip ing Yunani, Finlandia, Portugis, Rumania, Ibrani, Serbia, Kroasia, Spanyol, Perancis, Italia, Hungaria, Polandia, Ceko, Slowakia, Rusia lan Bulgaria.[1] Ubur-ubur ora kalebu jinis iwak, mulané American Public Aquariumsk wis menehi jeneng jeli laut (sea jellies) kanggo ubur-ubur.[1] Umume sakelompok ubur-ubur biyasané diarani kanthi jeneng bloom utawa swarm.[1] Ubur-ubur ora nduweni sistem pernafasan awit kulité kang tipis lan awaké kang wis kaisi oksigen kanthi sistem difusi.[1] Ubur-ubur ora nduwé utek apadené sistem saraf pusat, ananging ubur-ubur nduwéni jaringan saraf kang longgar kang manggon ing epidermis kang uga diarani jaring saraf.[1] Awak ubur-ubur ngandhut banyu luwih saka 90%.[1] Payung ubur-ubur nduweni bahan kaya ager-ager utawa jeli.[1] Payung iki diarani mesoglea.[1] Payung iki nduweni lapisan sel kang cacahe loro kang manggon ing sandhuwuré payung.[1] Dene bageyan ngisor awaké diarani bel.[1] Ubur-ubur nduwéni sistem reprodhuksi kang unik yaiku ubur-ubur lanang bakal ngetokaké sperma lan ubur-ubur wadon bakal ngetokaké sel telur, sawisé iku sel telur bakal dibuahi sperma lan bakal urip dadi organisme anyar.[1] Ubur-ubur nduweni racun kang bisa nggawe mati.[1] Saben tentakel nduwéni kurang luwih 500.000 harpun sindasites kang bentuké kaya dom kang bisa disuntikaké ing mungsuhé.[1]
Ubur-ubur uga tau nganggu salah sijiné pembangkit listrik tenaga nuklir kang ana ing Skotlandia, Inggris.[2] Tumpukan ubur-ubur kang ana ing sakupengé PLTN nyumpeli saluran-saluran kang ana ing PLTN.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.