Payung

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Payung

Payung yaiku barang kanggo ncegah banyu udah nelesi awak. [1]Payung uga kena kanggo njaga awak saka panasé srengéngé.[1] Payung kanggo nahan cahya srengéngé diarani parasol.[1] Pabrik payung kang sepisanan digawé dening Baltimore, Maryland, nalika taun 1928.[1] Payung biyasané digawé saka kain utawa kertas lan diwénéhi gagang kanggo nyekel.[1] Payung uga kena ditekuk yèn wis bar dianggo.[1] Payung uga dadi tandha kebesaran.[1] Payung kang dadi tandha kebesaran iku payung kang digawé khusus.[1] Payung kang kanggo terjun payung nduweni bentuk setengah bunder lan ana tali ing pinggiré.[1] Payung kang kaya ngéné diarani payung udara, biyasané kanggo terjun saka montor mabur utawa balon udara, payung iki uga diarani parasut.[1] Payung bahasa Inggrisé diarani umbrella kang asalé saka basa latinumbra kang tegesé ayang-ayang.[2] Payung ditemokaké patang ewu taun kepungkur, awalé payung kuno didesain khusus mung kanggo njaga kang nganggo payung saka panas srengéngé.[2] Nganti akhiré bangsa China bisa nggawé payung kang gunané kanggo njaga awak supaya ora kodanan.[2] Bangsa China bisa bisa manfaataké lilin kanggo nglapisi kertas supaya payung bisa anti air.[2] Ing abad 16, payung dadi barang kang populér ing negara-negara Èropa Utara kang kerep kena udan.[2] Awalé payung mung dianggep aksesoris wong wadon.[2] Banjur ana petualang lan penulis saka Persia kang jenengé Jonas Hanway taun 1712-1786 kang mublikasiaké payung saengga payung uga dienggo wong lanang. [2]Payung dadi barang kang populér saéngga ing Inggris payung diarani teman jalan.[2]

[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f g h i j (id)artikata.com(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h (id)metrogaya.com(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Payung&oldid=657061"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès