Lilin
|
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya miturut marang standhar Wikipédia |
Lilin iku nduweni manfaat kanggo penerangan. Biyasané kanggo madhangi lampu ing panggonan kang peteng.[1] Ananging ana uga lilin kanggo aromaterapi.[1] Lilin iki ambuné wangi lan bisa ndadékaké swasana kang nyenengaké awit ambuné kang nggawé rileks.[1] Lilin akeh maceme, biyasané bentuké lonjong utawa silinder.[1] Ananging ana uga lilin kang bentuké werna-werna lan unik.[1]
Balikpapan, Sorong lan Plaju kalebu dhaérah penyuplai bahan baku minyak bumi kanggo nggawé lilin.[2] Saliyané iku bahan baku kanggo nggawé lilin uga bisa diimpor saka negara Cina.[2] Bahan baku kanggo nggawé lilin digawé saka olahan minyak bumi kang diarani paraffin.[2]
Lilin Natal [sunting]
Wis dadi tradisi tumprap umat Kristen nalika ibadhah Natal mesti ana penyalaan lilin kanthi massal.[3] Moment iki kalebu momen wajib ing acara Natal.[3] Lilin nglambangaké Kristus kang bisa dadi pepadhanging donya.[3] Nalika penyalaan lilin, lampu-lampu dipateni. Swasana kang kaya mengkené sang saya gawé hikmat lan trenyuh tumprap ibadhah Natal.[3] Saliyané nguripake lilin para umat Kristen uga nyanyekaké lagu Malam Kudus.[3]
Geni [sunting]
Nalika kena panas paraffin kang ora kebakar bakal terurai. [4]Paraffin iki dadi partikel-partikel karbon kang cikil banget.[4] Partikel-partikel iki amarga kena panas saka pembakaran bakal berpendar, lan cahyané rupané kuning padhang. [4]Nalika partikel-partikel karbon lan ngetokaké cahya kang paling padhang, méh kabéh éntuk oksigen kang nggawé geni saya padhang.[4] Kadadéan iki padha karo lampu lenga liun utawa lenga gas, kertas kang dibakar, api unggun, alas kobong, omah kobong, kabéh iku mau nduwéni geni kang wernané kuning.[4] Ananging amarga udara ora bisa cepet ngalir kanggo nggawé bahan bakar kebakar mulané kabéh bakal dadi karbondioksida lan banyu.[4]
Lilin dianggep nduwéni makna éndah, romantis.[5] Ananging geni lilin uga bisa mbebayani.[5] Geni kang panas iki bisa ngobong omah, luwih-luwih yèn omahé digawé saka kayu lan ana angin gedhé.[5] Rong prekara iki kang njalari omah kebakar amarga geni lilin.[5] Lilin kena diuripké lan diséléhaké panggonan kang aman saengga ora njalari kebakaran.[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e (id)balihandicraft.web.id(dipunundhuh tanggal 24 Mei 2011)
- ^ a b c (id)bandung.detik.com(dipunundhuh tanggal 24 Mei 2011)
- ^ a b c d e (id)sosbud.kompasiana.com(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
- ^ a b c d e f (id)isidunia.com(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
- ^ a b c d e (id)metrotvnews.com(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)