Ophiuroidea
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 97 dinten 881 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Bintang ular Temporal range: 488.2–0 Ma Ordovician sampai Holocene |
|
|---|---|
| "Ophiodea" dari Kunstformen der Natur oleh Ernst Haeckel, 1904 | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Eukarya |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Echinodermata |
| Subfilum: | Asterozoa |
| kelas: | Ophiuroidea Gray, 1840 |
| Ordo | |
Ophiuroidea utawi Bintang ular menika kéwan saking filum Echinodermata ingkang kagungan hubungan kaliyan bintang laut. Kelompok Ophiuroidea asring dipunwastani bintang ular amargi kagungan lengen ingkang dawa lan gerakanipun kados obahing ula [1] . Kewan kasebut mlmapah ing dhasar segara ngginakaken lengen fleksibel kanggé obah. Padatanipun bintang ular kagungan gangsal lengen ingkang awujud kados cambuk ingkang dawanipun saged dumugi 60 cm (2 kaki) ing spèsimèn paling ageng. Wonten kirang langkung 1.500 spèsimèn bintang ular ingkang wonten sakmenika lan kathahipun dipunpanggihaken wonten ing jero langkung saking 500 meter (1.620 kaki).
Bab lan Paragraf |
Habitat lan sebaran[sunting]
Bintang ular saged mapan wonten ing ékosistem terumbu karang utawi saged ugi gesang kanthi bebas wonten ing dhasaring perairan lepas panté. Ing dhaérah ékosistem kewan menika mapan dados habitat kados karang urip, karang mati, pecahan karang, lan dhaérah lamun. Biota menika kagungan sipat fotoaksis négatif ingkang padatanipun gesang kanthi ndelik wonten ing dhaérah sebaranipun [2].
Panganan[sunting]
Bintang ular menika kagolongaken karnivora ingkang mangan biota sanèsipun lan pemakan partikel-partikel alit ( mikrofagus ). kelompok kapisan inggih menika karnivora kagungan tangan ingkang wonten erinipun lan cendhèk, sikil tabung ingkang kagungan tugas mindahaken mangsa ingkang sampun dipuntangkep dhateng tutuk. Tuladha saking kelompok menika saking suku Ophiomyxidae, Ophiodermatidae, lan Ophiuridae. Kelompok kalih menika kelompok paling umum, ingkang anggènipun mendhet panganan langsung mendhet partikel-pertikel alit saking subsrat ( surface deposit feeder ) utawi mendhet partikel-partikel saking massa toya ing sekitaripun. Wonten ing kelompok menika tangannipun langkung dawa kanthi kajangkan kaliyan eri-eri ingkang langkung dawa ugi. Kanggé mendhet partikel-partikel alit kejawi sikil tabung ugi dipunbantu déning mukus ingkang wonten ing sepanjang alur panganan ing sisih ventral saking tangan-tanganipun. Tuladha ingkang mlebet kelompok kalih inggih menika suku Ophiocomidae, Ophiactidae, Amphiuridae, lan Ophiothricidae.
Daur Urip[sunting]
Ophiuroidae kagungan kelamin ingkang kapisah. Antawisipun kewan ingkang jantan lan betina piyambak-piyambak medalakem endog lan spérma dhateng massa toya ing sakiwa tengenipun nalika mangsa mijah. Fertilisasi menika kedadosan wonten ing toya sedara. Endog ingkang kabuahi banjur tuwuh dados zigot, lajeng tuwuh dados larva ingkang dipunsebut ophiopluteus. Larva ophiopluteus menika gesang kanthi bebas dados plankton lan badhé nglampahi metamorfosa dados juvenile utawi biota enèm ingkang kagungan sipat bentomik. Dangu lan botenipun mangsa larva menika gumantung jinis, papan geografis lan kahanan lingkungan menika.
Cathetan suku[sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||