Anthozoa
Anthozoa yaiku kelas saka kaluwarga Avertebrata utawa kéwan ora nduwéni balung mburi kagolong ing filum Cnidaria. Anthozoa asalé saka basa Yunani, anthos kang artiné kembang , lan zoon artiné kéwan . Anthozoa artiné kéwan kang wujudé kaya kembang utawa kéwan kembang, kayata anemon segara lan kéwan-kéwan karang. Anthozoa ndhuwéni asifat polip. Tuladha anemone segara yaiku Metridium. [1]
[sunting] Awak
Awak Anthozoa wujudé bunder cekak. Ing salah sijiné pucuk ana cangkem arupa bolongan kang diubengi tentakel kang ngandut nematosista. Pucuk kang liyané arupa lempeng kanggo nemplekake awak ing karang lan wujud liyané kang ana ing segara.Sakngisoré cangkem ana krongkongan asring kasebut stomodeum. Ing stomodeum, ing salah sijiné pinggir utawa ing lapisan kiwa tengené ana bolongan cilik mumpangate kang kasebut sifonoglifa arupa piranti kanggo ambegan . Ing ngisoré stomodeum kapengkar gastrovaskuler.Bolongan kang ana nematosista bisa uga ngetokake upas kanggo musuhé . Panganané arupa urang cilik lan invertebrata. [2]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ D. A. Pratiwi; Maryati, Sri; Srikini; Suharno; S, Bambang. 2007. Biologi Jilid 1 untuk SMA Kelas X hal 177. Jakarta. Penerbit Erlangga Diungguh ing tanggal 23 Maret 2011
- ↑ D. A. Pratiwi; Maryati, Sri; Srikini; Suharno; S, Bambang. 2007. Biologi Jilid 1 untuk SMA Kelas X hal 178. Jakarta. Penerbit Erlangga
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||