Crustacea
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Crustacea Temporal range: Kambrium nganti saiki |
|
|---|---|
| Manéka Crustacea | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| Subfilum: | Crustacea Brünnich, 1772 |
| Kelas lan Subkelas | |
Crustacea iku saklompok gedhé saka Arthropoda, kapérang saka kurang luwih 52.000 spesies sing kadhèskripsi, lan biasané dianggep minangka sawijining subfilum. Klompok iki nyakup kéwan-kéwan sing cukup dikenal kayata lobster, yuyu, urang, urang karang, sarta remis. Mayoritas arupa kéwan akuatik, urip ing banyu tawar utawa laut, senadyan sapérangan klompok wis adhaptasi karo kauripan dharat, contoné yuyu dharat. Mayoritas bisa bébas obah, senadyan sapérangan takson asifat parasit lan urip kanthi numpang marang inangé.