Lobster
| Nephropidae | |
|---|---|
| Homarus americanus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| Subfilum: | Crustacea |
| kelas: | Malacostraca |
| ordo: | Decapoda |
| Suborder: | Pleocyemata |
| Infraorder: | Astacidea |
| kulawarga: | Nephropidae Dana, 1852 |
| Subfamilies and Genera | |
Lobster banyu tawar utawa Freshwater Crayfish kalebu salah siji jinis kewan akuatik saka keluarga Astacidae, Cambaridae lan Parastacidae. [1][2][3] Ing Indonesia, wiwit tahun 1991 Lobster banyu tawar digunakaké kanggo hiasan. [4]
Bab lan Paragraf |
Anatomi utawa Bagian Tubuh[sunting]
Miturut morfologi, spesies- spesies lobster banyu tawar kalebu genus Cherax, [[famili parastacidae]], ordodecapoda, kelas malacostraca, subfilum crustacea, lan filum arthopoda.[2] Umumé lobster banyu tawar nduweni titikan morfologi tubuh kang kapérang dadi loro, yaiku sirah (chepalothorax) lan awak(abdomen). [2] Antarané sirah ngarep lan sirah buri dikenal kanthi sebutan sub-chepalothorax.[2] Cangkang kang nutupi sirah diarani karapak (carapace) kang tugasé ngayomi organ tubuh kayata utek,insang, ati, lan lambung.[2] Titikan liyané yaiku rostrum kang mèmper segitiga papak, amba, lan ana eri ing kiwa tengené rostrum.[2]
Jinis Lobster[sunting]
- Cherax Dustructor, yaiku salah siji jinis lobster sing paling misuwur ing Australia.[1][2] Lobster jinis iki bisa urip kanthi cara nggawé bolongan kang jeroné bisa nganti 5 mèter.[1][2]
- Cherax Quadricarinatus, luwih misuwur kanthi jejuluk Redclaw. Diarani Redclaw amarga capité rupa abang. [1][2]Nduweni jeneng latin Quadricarinatus kang tegesé patang lunas utawa papat lunas (quadri=papat, carinatus=carinae, bentuke kaya lunas) [1][2]
- Procambarus Claarkii, Lobster jinis iki asalé saka dhaérah Amerika Utara, Lousiana, Delta Missisippi. [1][2]Warna dominan saka lobster iki arupa abang. [1][2]Lobster jinis iki nduwèni sipat agresif,teritorial lan doyan mangan.[1][2]
Lobster Lanang lan Lobster Wadon[sunting]
Ana sapirang titikan kanggo mbédakaké lobster lanang lan lobster wadon:[5]
-
- Lobster Lanang, (1) nduwèni tandha abang ing capite, (2) alat kelamin ana ing tengah-tengahé sikil kang nomor lima, (3) yèn umuré padha, padatan lobster lanang nduwèni ukuran kang luwih gedhé tinimbang liyané.[5]
-
- Lobter Wadon, (1) ora nduwé tandha abang ing capité, (2) alat kelamin ana ing sikil nomer telu (3) yèn umuré padha, lobster wadon nduwèni ukuran luwih cilik.[5]
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h (id)Lobster Air Tawar(dipununduh tanggal 8 April 2011)
- ^ a b c d e f g h i j k l m (id)Habitat & Penyebarannya Lobster Air Tawar(dipununduh tanggal 11 April 2011)
- ^ (id)anneahira.com(dipunundhuh tanggal 11 april 2011)
- ^ (id)Udang Lobster(dipununduh tanggal 11 April 2011)
- ^ a b c (id)infoagrobisnis.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)