Welut
| Welut | |
|---|---|
| Welut sawah Monopterus albus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Synbranchiformes |
| Suborder: | Synbranchoidei |
| kulawarga: | Synbranchidae |
| Genera | |
Welut iku saklompok iwak awujud memper ula sing kalebu jroning suku Synbranchidae. Suku iki dumadi saka patang genera kanthi total 20 jenis. Jinis-jinisé akèh sing durung dirinci kanthi pepak saéngga angka-angka iku bisa owah. Anggotané asipat pantropis (ditemokaké ing kabèh dhaérah tropika).
Welut béda karo sidat, sing kerep dianggep padha. Welut imung nduwèni sirip ing buntut sing uga karedhuksi, déné sidat isih nduwèni sirip sing cetha. Ciri khas welut liyané yaiku ora mawa sisik (utawa mung sethithik), bisa ambegan saka udhara, bukaan insang ciut, ora nduwèni kanthong langi lan balung iga. Welut praktis minangka kéwan banyu tawa, déné akèh-akèhé sidat urip ing segara senadyan ana uga sing urip ing banyu tawa. Mata welut akèh-akèhé ora bisa fungsi kanthi apik; jinis-jinis sing manggon ing guwa malahan wuta.
Ukuran awak werna-werna. Monopterus indicus mung ukuran 8,5 cm, déné welut marmer Synbranchus marmoratus diweruhui bisa nganti 1,5m. Welut sawah, sing biasa ditemokaké ing sawah lan didol kanggo mangan, bisa dawané nganti watara 1m (jroning basa Betawi disebut moa).
Akèh-akèhé welut ora seneng nglangi lan luwih seneng ndhelik ing sajroning lumpur. Kabèh welut iku pamangsa. Dhaptar mangsané biasané arupa kéwan-kéwan cilik ing rawa utawa kali, kayata iwak, kodhok, srangga, sarta krustasea cilik.
Anggota [sunting]
- Genus Macrotrema
- M. caligans
- Genus Monopterus
- M. albus, welut sawah
- M. boueti, welut Liberia
- M. cuchia, welut cuchia
- M. desilvai
- M. digressus
- M. eapeni
- M. fossorius, welut Malabar (India)
- M. hodgarti, welut India
- M. indicus, welut Bombay
- M. roseni
- Genus Ophisternon
- O. aenigmaticum
- O. afrum, welut Guinea
- O. bengalense, welut Benggala
- O. candidum, welut gua
- O. gutturale, welut Australia
- O. infernale, welut gua (buta)
- Genus Synbranchus
- S. lampreia
- S. madeirae
- S. marmoratus, welut marmer