Anggur (woh)
Ajiné nutrisi saben 100 g (3.5 oz) | |
---|---|
Ènergi | 288 kJ (69 kkal) |
18.1 g | |
Gula | 15.48 g |
Serat panganan | 0.9 g |
0.16 g | |
0.72 g | |
Vitamin | |
Tiamin (B1) | (6%) 0.069 mg |
Riboflavin (B2) | (6%) 0.07 mg |
Niasin (B3) | (1%) 0.188 mg |
Asem pantotènik (B5) | (1%) 0.05 mg |
Vitamin B6 | (7%) 0.086 mg |
Folat (B9) | (1%) 2 μg |
Vitamin B12 | (0%) 0 μg |
Vitamin C | (13%) 10.8 mg |
Vitamin K | (21%) 22 μg |
Mineral | |
Kalsium | (1%) 10 mg |
Wesi | (3%) 0.36 mg |
Magnésium | (2%) 7 mg |
Mangan | (3%) 0.071 mg |
Fosforus | (3%) 20 mg |
Potasium | (4%) 191 mg |
Sodhium | (0%) 3.02 mg |
Sèng | (1%) 0.07 mg |
| |
Persèntase sadarma pangira-ira sarana pamrayoga ing AS tumrap wong diwasa. Sumber: Sasana Dhata Gizi USDA |
Wit anggur iku kalebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman). Tuwuh minangka tuwuhan kang tahan urip mataun-taun (perennial) lan wujud wit grumbul kang mrambat (deciduous woody vine), saka génus Vitis.[1] Woh anggur bisa dipangan mentahan utawa digawé jam, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur.[2] Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané bisa ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan), utawa putih.[1] Senajam mangkono, anggur "putih" sajatiné warna ijo, nanging kanthi alon-alon malih rupa sing asalé saka anggur abang.[2] Mutasi saka loro gèn kang temata ngendhegaké produksi anthocyanin, yaiku zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[3].
Habitat
[besut | besut sumber]Anggur kalebu tuwuhan kang dimanfaatké wohé.[4] Anggur wujud tuwuhan perdu kang mrambat. Yèn nandur anggur biyasané dirambataké ing anjang-anjang utawa ing wit liyané.[4] Tuwuhan anggur bisa urip subur ing laladan dhataran cendhèk.[4]
Wit Anggur
[besut | besut sumber]Akèh-akèhé anggur asal saka cultivars Vitis vinifera, yaiku wit anggur Éropa sing asalé saka tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tuwuhan anggur jinis kang sumebar ing Amérika land Asia, kaya ta:
- Vitis labrusca, wit anggur kanggo anggur méja lan anggur jus saka Amérika Lor, kadhangkala kanggo ombènan anggur (wine). Asalé saka Amérika sisih wétan lan Kanada.[4]
- Vitis riparia, wit anggur alasan saka Amérika Lor, kadhangkala digawé ombènan anggur lan jam. Asalé saka Amérika sisih wétan lan loré Quebec.[4]
- Vitis rotundifolia, utawa muscadine, digawé ombènan lan jam. Asalé saka Amérika kidul-wétan wiwit Delaware nganti Lempongan Meksiko.[4]
- Vitis vulpina Anggur beku. Asal saka Amérika Sarékat wiwit saka tlatah tengah-kulon wétané pasisir nganti tekan New York.
- Vitis amurensis jinis paling wigati saka Asia.[4]
Anggur Sagara Coccoloba uvifera iku sajatiné kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé saka pulo-pulo ing sagara Karibia.[4]
Kebak ing Guna
[besut | besut sumber]Anggur bisa dimanfaataké kanggo nggawé produk minuman férméntasi.[4] Asil fèrmèntasi anggur kang nagndhut alkohol lumrahé diarani Wine, anggur uga bisa digaringké dadi kismis lan kanggo indhustri selai lan jeli.[4] Anggur uga bisa dipangan kanggo buah.[4]
Distribusi lan prodhuksi
[besut | besut sumber]Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tuwuhan anggur.[2] Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringaké.[2] Sapérangan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng kang tanpa tambahan gula lan "100% alami".[2] Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.[2]
Tabel ing ngisor iki minangka pratélan prodhusèn anggur kang pinunjul ing donya.:
Nagara | Ambané tlatah kebon anggur |
---|---|
Spanyol | 11.750 km² |
Prancis | 8.640 km² |
Italia | 8.270 km² |
Turki | 8.120 km² |
Amérika Sarékat | 4.150 km² |
Iran | 2.860 km² |
Rumania | 2.480 km² |
Portugal | 2.160 km² |
Argentina | 2.080 km² |
Australia | 1.642 km² |
Inggris | 10,53 km² |
Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation Archived 2008-07-22 at the Wayback Machine..
Jinise
[besut | besut sumber]Jinise anggur yaiku kaya kang katulis ing ngisor iki.[5]
- Anggur abang
- Anggur ijo
- Anggur kuning
- Anggur ireng
- Anggur Australia
- Anggur Bali
- Anggur Chifung
- Anggur Chinsiang
- Anggur Delaware
- Anggur Gros Colman 12
- Anggur Isabela 1
- Anggur Probolinggo Biru 81
- Anggur Probolinggo Putih 14
- Anggur Turki
- Anggur White Malaga
Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Grapes. |
- Integrated Taxonomic Information System entry for Grape family
- Area under vine (pdf)
- Wild Grapes Archived 2007-09-07 at the Wayback Machine.
- 300 Grape Varieties for Wine Archived 2007-08-10 at the Wayback Machine.
- Wine Wiki Archived 2008-08-20 at the Wayback Machine.
- SAFECROP - Proceedings of the 5th International Workshop on Grapevine Downy and Powdery Mildew
- World's Healthiest Foods, in-depth nutrient profile for grapes Archived 2009-07-17 at the Wayback Machine.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b [1](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
- ↑ a b c d e f [2] Archived 2011-04-02 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
- ↑ Walker AR, Lee E, Bogs J, McDavid DA, Thomas MR, Robinson SP (2007). "White grapes arose through the mutation of two similar and adjacent regulatory genes". Plant J. 49 (5): 772–85. PMID 17316172.
{{cite journal}}
: CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ a b c d e f g h i j k - Similar Archived 2012-03-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
- ↑ [3] Archived 2012-01-15 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing wuluh | |||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu | |||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka | |||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |