Menyang kontèn

Wong Pamona

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Suku Pamona ing Kabupatèn Poso

Suku Pamona, utawi asring dipunsebut ugi Suku Poso utawi Tiyang poso, dumunung ing sapérangan ageng wewengkon kabupatèn Poso, sapérangan wewengkon Kabupatèn Tojo Una-Una, sapérangan ing wewengkon Kabupatèn Morowali, ugi wonten ing provinsi Sulawesi Kidul inggih punika ing wewengkon Luwu Timur, déné sapérangan alit sami ngrantau ing laladan Indonésia. Nenek Moyang Suku Pamona piyambak asalipun saking dataran SaluMoge (luwu Timur) ingkang amargi dumunung ing nginggil gunung ingkang tebih saking punjer papréntahan saéngga dipunandhapaken déning Macoa Bawalipu nyelaki punjer papréntahan inggih punika ing sakitaran wewengkon Mangkutana (luwu Timur).[1] Dumugi kadadosanipun pemberontakan DI/TII suku punika nyebar dumugi sulawesi tengah lan laladan sanèsipun. Manawi ing sawijnining laladan wonten suku Pamona, limrahipun pesthi wonten Rukun Poso, inggih punika wadhah perkumpulan tiyang-tiyang satunggal suku saperlu nindakaken sawijining kagiyatan ing laladan mau. Agama ingkang dipunanut sapérangan ageng anggota suku punika inggih agama Kristen. Agama Kristen mlebet laladan antawis 100 taun kapungkur lan dumugi sapunika dipuntampi minangka agama rakyat. Sapunika sadaya gréja-gréja ingkang satunggal ilèn kaliyan gréja punika wonten ing sangandhapipun organisasi Gréja Kristen Sulawesi Tengah (GKST) ingkang pusatipun ing Tentena, kabupatèn Poso, Sulawesi Tengah. Sapérangan ageng masarakat saben dinten migunakaken basa Pamona (Bare'e) lan basa Indonésia kanthi gaya basa setempat. Suku punika pakaryanipun dados tani, punggawa nagari, pendheta, wiraswasta, lan sanès-sanèsipun.[2]

Antawis Pamona & Poso

[besut | besut sumber]

Sajatosipun suku Pamona boten identik kaliyan suku Poso, amargi ing prinsipipun suku Poso boten wonten, ingkang wonten inggih punika laladan kanthi nama Poso, dipundunungi déning suku Pamona. Wonten pamanggih bilih poso asalipun saking tembung "maPoso", tembung punika piyambak ing basa Pamona ateges "pecah". Déné miturut sapérangan tokoh poso, tembung poso sajatosipun asalipun saking tembung poso'o ingkang ateges pangieat, dipunsukani nama minangka kutha poso amargi ancasipun minangka pangiket antawisipun tiyang pamona ingkang aslipun saking gunung (pinggir tlaga, lan ugi kaliyan suku pamona ingkang asalipun saking pinggir pasisir). Déné asal nama Poso ingkang ateges pecah, jaréné dipunwiwiti saking kabentukipun Tlaga Poso. Konon, tlaga Poso dumadi saking sawijining lempengan tanah bukit, ing pundi sangandhapipun lempengan bukit mau wonten sumber tirtanipun. Ing sakitaripun bukit minangka dataran cendhèk, saéngga ilèn tirta saking pagunungan kakumpul ing sakitaring bukit mau. Genangan tirta mau nggerus lemah ing sakitaripun bukit saéngga saya dangu tirta ingkang nyisip ing salebeting lemah, kapanggih kaliyan tirta ingkang wonten ing perut bumi. Akibatipun kadadosan abrasi ingkang dados jalaran labilipun struktur lemah ingkang panci radi ngandhut pasir. SAya dangu pinggiran bukit boten kiyat nahan bobot bukit ing sanginggilipun, saéngga njalari pecahipun bukit. Kangge wong Pamona jaman kedadosanipun mau dipuntuturaken minangka pecahipun gunung ingkang minangka tlaga mau, saéngga dipunsukani nama "Tlaga Poso".[3] Tlaga ingkang nembé dumadi mau, saya dangu samsaya jembar, amargi sumber tuk saking pagunungan sakitaripun ngalir tumuju ing tlaga mau. Akibatipun debit tirta tlaga saking wekdal ing wekdal samsaya minggah, saéngga jembaripun samsaya jembar sanget. Kanthi sipatipun tirta ingkang pesthi pados dataran cendhèk, saéngga ingg papan mau dumadi sawijining kali ingkang ngarah tumuju ing pasisir. Amargi kali mau asalipun saking tlaga Poso, saéngga dipunsukani nama Poso (kali Poso). Laladan muara kali énggal mau lajeng dados papan dunungipun penduduk, amargi ing kali mau nyata kathah iwak. Tembung poso piyambak minangka Kumpulan penduduk pemukim énggal ingkang salajengipun dipunsukani nama Poso.

Sapérangan suku ingkang dumunung ing Poso:

1. Suku Pamona

2. Suku Mori

3. Suku Bada utawi Badar

4. Suku Napu

5. Suku Tojo

6. Suku Kaili

7. Suku Padoe

8. Suku Lore

9. Suku Taa

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1]
  2. [2][pranala mati permanèn]
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-19. Dibukak ing 2013-01-11.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)