Hermann Joseph Muller

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Hermann Joseph Muller
Hermann Joseph Muller.jpg
Lair (1890-12-21)Dhésèmber 21, 1890
New York City, New York, AS
Pati April 5, 1967(1967-04-05) (umur 76)
Indianapolis, Indiana, AS
Bangsa Amérika Sarékat
Kondhang ing The genetic effects of Radiation
Wong tuwa(s) Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:TableTools' not found.
Bebungah

1946 Penghargaan Nobel dalam Fisiologi atau Kedhokteran
Linnean Society of London's Darwin-Wallace Medal (1958).
Fellow of the Royal Society[1]


1963 Humanist of the Year (American Humanist Association)
Karièr ngèlmiah
Babagan Genetics, molecular biology
Juru pamrayogya dhoktoral Thomas Hunt Morgan
Mahasiswa dhoktoral H. Bentley Glass

Herman Joseph Muller (lair 21 Dhésèmber 1890 – pati 5 April 1967 ing yuswa 76 taun) inggih punika ahli genetika Amérika Sarékat ingkang manggihaken ing taun 1926 bilih mutasi saged kanthi damelan dipunsebabaken sinar X. Punika nedahaken bilih mutasi boten bènten kaliyan éwah-éwahan kimiawi. Piyambakipun pikantuk Penghargaan Nobel kanggé babagan kadhokteran nalika taun 1946.[2]

Muller dipunlairaken wonten ing New York City lan ngangsu kawruh wonten ing Universitas Columbia. Nalika taun 1919 Muller manggihaken bilih tingkat mutasi minggah amargi panas, lan bilih panas punika boten mesthi kagungan prabawa tumrap kromosom wonten ing sawijining pasangan kromosom. Saking punika piyambakipun mendhet dudutan bilih mutasi nglibataken éwah-éwahan wonten ing tingkat molekul utawi submolekul.[3]

Panalitén[besut | besut sumber]

Salajengipun, piyambakipun nindakaken éskpérimén kanthi sinar X minangka cara kanggé "menginduksi" mutasi. Nalika taun 1926 piyambakipun sampun mbuktikaken kasuksésanipun metode punika. Panalitén Muller ngyakinanek piyambakipun bilih méh sadaya mutasi kagungan sipat ingkang bebaya. Wonten ing prosès evolusi ingkang normal, mutan ingkang bebaya badhé mati lan namung sakedhik kémawon ingkang migunani ingkang badhé tetep urip, ananging piyambakipun pitados bilih manawi tingkat mutasi langkung inggil, jumlah individu boten sampurna mbok manawi langkung ageng kanggé spésies minangka sadayanipun kanggé saged "bertahan".[3]

Nalika taun 1920 piyambakipun kagabung kaliyan Universitas Texas, Austin, lajeng dados profesor zoologi. Muller ébah babagan boten wontenipun pigunan sinar X wonten ing diagnosis lan perawatan, lan "menekankan" wonten ing peraturan kaslametan kanggé mesthékaken tiyang ingkang kadang kala kénging sinar X cekap kalindhungi. Piyambakipun ugi nentang uji bom nuklir.[4]

Kedhala-kendhala ingkang dipunraosaken saperlu ngungkapaken pandangan-pandangan pulitik sosialisipun njalari piyambakipun ninggalaken Amérika Sarékat nalika taun 1932. Saking 1933 piyambakipun kerja wonten ing Institut Genetika wonten ing Uni Soviet. Ananging pamikiran ingkang lepat saking Trofim Lysenko wiwit "mendominasi" panalitén biologi Uni Soviet. Piyambakipun kanthi prasaja nyikapi kanthi kritis tumrap Lysenkoism, lan akibatipun Muller kapeksa tindak (saking Uni Soviet) nalika taun 1937.[4]

Sabibaripun dinas wonten ing "Perang Saudara Spanyol", piyambakipun makarya ing Institut Genetika Hewan wonten ing Edinburgh. Nalika taun 1940 piyambakipun kondur malih ing Amérika Sarékat, dados guru besar Universitas Indiana nalika taun 1945.[4]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Muller nikah dkaliyan Jessie M. Jacobs, nalika taun 1923. Saking palakrama punika pikantuk 1 putra, David Eugene. Wonten ing 1939 piyambakipun palakrama kaliyan Dorothea Kantorowicz lan pikantuk 1 putri, Helen Juliette.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Wigati: Cithakan iki ({{cite doi}}) wis lawas. Saperlu nyitir terbitan sarana doi:10.1098/rsbm.1968.0015, anggonen waé {{cite journal}} kanthi wuwuhan |doi=10.1098/rsbm.1968.0015. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "frs" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. ^ a b [1]
  3. ^ a b [2]
  4. ^ a b c [3]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Ĝ