Camillo Golgi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Camillo Golgi, 1906.

Camillo Golgi (7 Juli 184321 Januari 1926) inggih punika salah satunggaling tiyang dhokter lan ugi ilmuwan ingkang asalipun saking nagara Itali.

Golgi lair wonten ing laladan Córteno Golgi, provinsi Brescia, Itali. Bapakipun inggih punika salah satunggaling dhokter lan punggawa keséhatan wonten ing laladan mau. Golgi ngangsu kawruh kadhokteran wonten ing Universitas Pavia, ing pundi piyambakipun makarya wonten ing picoba laboratoriyum patologi sesarengan kaliyan Giulio Bizzozero, paraga ingkang ngandharaken babagan sumsum balung. Golgi lulus nalika taun 1865. Piyambakipun langkung kathah nelasaken mangsa "kariéripun" saperlu nindakaken panalitèn babagan sistem saraf punjer.[1]

Nalika piyambakipun makarya minangka kepala punggawa kadhokteran wonten ing salah satunggaling griya sakit jiwa, piyambakipun nyobi nglebetaken sawijining logam wonten ing jaringan saraf, ingkang utama kaliyan logam pérak ("pangreged pérak " utawi silver staining). Piyambakipun manggihaken sawijining métodhe "pangreged jaringan saraf" ingkang badhé njalari reregedan sapérangan sèl kanthi acak. Bab punika damel piyambakipun saged ngamati jalur-jalur wonten ing sèl-sèl saraf ing utak ingkang sing pisanan ing donya. Piyambakipun nyebut tetemonipun punika minangka "réyaksi ireng" (wonten ing basa Itali: reazione nera). Métodhe punika misuwur minangka métodhe Golgi utawi "pangreged Golgi". Alesan kénging punapa kadadosan "pangreged acak" taksih déréng saged dipunandharaken.[2]

Hipokampus dipunregedi kanthi métodhe pérak nitart. Gambar déning Golgi.

Wonten ing "réyaksi ireng" kadadosan fiksasi partikel pérak kromat wonten ing membran neuron (sel saraf) ingkang dipunsebut neurilemma kanthi ngréaksikaken pérak nitrat kaliyan kalium dikromat. Réaksi punika ngasiln sawijining zat cemeng wonten ing badan sèl saraf, akson, lan ugi dendrit.[2]

Golgi ugi manggihaken organ sensorik téndhon ingkang samangké dipunwastani reseptor Golgi. Piyambakipun nyinaoni siklus gesang saking Plasmodium falciparum lan mbandhingaken mangsa demam ingkang kadadosam wonten ing pasien malaria kaliyan siklus gesang organisme punika. Kanthi migunakaken téknik "pangregedipun", Golgi saged sukses ngidéntifikasi sawijining pérangan wonten ing sèl nalika taun 1898. Pérangan punika sapunika misuwur kanthi nama bandha Golgi.[3]

Golgi lan Santiago Ramón y Cajal nampi bebunga wonten ing Bebungah Nobel ing Fisiologi utawa Kadhokteran nalika taun 1906 saking panalitèn babagan sistem saraf.

Golgi séda wonten ing laladan Pavia, Itali, nalika wulan Januari taun 1926.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1]
  2. ^ a b [2]
  3. ^ [3]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Bebungah Nobel ing Fisiologi utawi Kadhokteran