Julius Axelrod
| Julius Axelrod | |
|---|---|
Julius Axelrod won a Nobel Prize in 1970 | |
| Lair | 30 Mèi 1912 New York City |
| Pati | 29 Dhésèmber 2004 (umur 92) Bethesda, Maryland |
| Padunungan | Bethesda, Maryland |
| Bangsa | American |
| Alma mater | City College of New York, George Washington University Medical School |
| Kondhang ing | Catecholamine metabolism |
| Bebungah | Nobel Prize in Physiology or Medicine in 1970 |
| Karièr ngèlmiah | |
| Babagan | Biochemistry |
| Institutions | National Institutes of Health |

Julius Axelrod urip nalika taun (1912-2004).[1] Julius Axelrod iku salah sijiné farmakolog lan ahli saraf Amérika Sarékat kang tau éntuk Penghargaan Nobel sajeroning Fisiologi utawa Kedhokteran nalika taun 1970.[1]Nobel iki amarga panemuané ing aksi neurotransmiter sajeroning ngatur metabolisme sistem saraf.[1] Julius Axelrod iku anak saka pasangan Isadore Axelrod salah sijiné tukang nggawe kranjang, lan Molly Liechtling Axelrod.[1] Nalika taun 1929 Julius Axelrod lumebu ing Universitas New York (NYU). Sawisé iku, nalika taun 1930 Julius Axelrod banjur pindah ing City College of New York (CCNY).[1] Ing Universitas iki, Julius Axelrod sinau babagan sajarah, filsafat, sastra, lan biologi.[1] Julius Axelrod lulus kanthi gelar S.Si. ing babagan biologi saka CCNY.[1] Julius Axelrod banjur dadi asisten laboratorium ing Harriman Laboratory.[1] Julius Axelrod kerja ing pérangan Bakteriologi, Fakultas Kedhokteran New York University.[1] Julius Axelrod dadi kimiawan inf Laboratory of Industrial Hygiene, New York City Department of Health nalika taun 1935 nganti 1946.[1] Nalika taun 1938 Julius Axelrod nikah karo wong wadon kang jenengé Sally Taub.[1] Saka pernikahané iki, Julius Axelrod nduwé anak kang cacahé loro.[1] Nalika taun 1941, Julius Axelrod nampa gelar M.Sc. ing babagan kimia saka NYU.[1] Gelar iki ditampa sawisé Julius Axelrod nglakoni pendhidhikan pascasarjana.[1] Sawisé iku Julius Axelrod banjur dadi kolega peneliti karo Bernard B. Brodie ing Goldwater Memorial Hospital kang manggon ing Welfare Island, New York.[1] Julius Axelrod banjur pindhah ing National Heart Institute (NHI), National Institutes of Health lan terus kerja karo Brodie nganti taun 1954.[1] Nanging taun 2004, Julius Axelrod mati ing omahé kang manggon ing Rockville, Maryland.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit June 2025
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Kaca sing nganggo infobox scientist kanthi paramèter sing ora dingertèni
- Pemenang Bebungah Nobel ing babagan fisiologi utawa kadhokteran
- Ahli saraf Amérika Sarékat
- Ilmuwan Yahudi
- Lair 1912