Anémon segara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Anémon segara
Anemon segara
Klasifikasi èlmiah
Krajan: Animalia
Filum: Cnidaria
Kelas: Anthozoa
Subkelas: Hexacorallia
Ordo: Actiniaria
Suborders

Endocoelantheae
Nyantheae
Protantheae
Ptychodacteae

Diversity
46 families

Anémon segara punika kéwan segara saking kelas Anthozoa ingkang katingal kados tuwuhan ananging sejatinipun punika kalebet kéwan segara. Anémon segara punika salah sawijining karang saking filum Cnidaria. Karang lan anémon segara kalebet anggota taksonomi kelas ingkang sami, ya iku Anthozoa. Ingkang béda punika karang ngasilaken krangka njawi saking kalsium karbonat, menawi anémon segara boten [1]. Langkung saking 1.000 spesiès anémon segata dipunpanggihaken wonten ing perairan pasisir, perairan dangkal (terumbu karang), lan perairan segara ing donya.

Anémon segara punika kéwan ingkang sadaya awakipun lunak lan kagungan sungut utawi tentakel ing bagéyan nginggil saha atos ing bagéyan ngandhap minangka piranti kanggé nèmpèl ing papan sanès [2][3]. Anémon ingkang asring dipunwastani mawar segara punika kéwan invertebrata saking golongan coelenterate [4]. Katandingan kaliyan invertebrata sanès, anémon gadhah ukuran awak ingkang langkung ageng.

Wujuding kados kembang mawar [5] ingkang nembé mekrok kanthi warni broken white utawi krem. Anemon asring nèmpèl wonten ing watu lan sakwayah-wayah nilaraken watu menawi wonten mungsuh lajeng meneng tumut aliran toya [6].

Klasifikasi anémon segara[besut | besut sumber]

Panaliti damel klasifikasi anémon segara kados punika :

  • Polip inggih punika jinising anémon segara ingkang nèmpèl wonten ing dhasaring perairan.
  • Medusa inggih punika jinising anémon segara ingkang langkung remen renang kanthi bébas ndhèrèk aliraning toya [4][7].

Kaéndahan anémon segara[besut | besut sumber]

Kombinasi warni lan bentuk awak ingkang éndah kanthi hollow tentacle utawi tentakel ingkang kaisi udara ingkang saged narik ulam hias supados dugi lan dolanan wonten ing sakiwa tengenipun. Badaning anémon segara punika kapérang dados 4 bagéyan inggih punika keping tutuk, badan, pangkal utawi dhasar, lan sungut utawi tentakel.

Keping tutuk ipun bentukipun datar, nglingkar, lan kadang-kadang mengkerut. Tentakel anémon wujudipun kados driji. tentakelipun wonten ingkang kagungan sèl panyengat utawi nematokis ingkang ginanipun kanggé nglindungi awakipun piyambak saking predator [4] .

Morfologi[besut | besut sumber]

anatomi anémon segara

Kanthi umum awaking anémon segara kapérang dados tigang bagéyan inggih punika :

  1. oral disc utawi keping tutuk punika bagéyan paling inggil saking anémon.
  2. coloum utawi awak.
  3. pedal disk utawi pangkal (base) [2]

Wonten ing keping tutuk punika wonten tutuk ingkang ginanipun minangka anus. Wonten ing sekitar tutuk wonten tentakel ingkang ginanipun kanggé nyekel panganan. Ing saben tentakel wonten sel knidosit utawi sel penyengat minangka ciri khasipun saking filum Cnidaria. Sel punika ginanipun kanggé ngentup mangsa. Pancernaan meika dipunwiwiti saking tutuk lajeng stomodaeum ingkang langsung ngubungaken kaliyan coelenteron utawi rongga weteng. Ing rongga weteng punika wonten mesentri filament minangka usus [1].

Reproduksi anémon segara punika kanthi cara sèksual lan asèksual. Proses reproduksi sèksual kawiwitan kanthi gametogenesis inggih punika dhapukan calon gamet dumugi gamet punika mateng. Gamet ingkang sampun mateng dipun-culke kanthi wujud larva pranula. Planula ingkang sampun bébas wonten perairan. Menawi pranula sampun manggihaken papan ingkang cocog banjur nèmpèl wonten substrat kanggé netep lajeng nglampahi perkembangan. Reproduksi asèksual kalampahan kanthi cara ndamel tunas. Tunas énggal tuwuh ing permukaan bagéyan ngandhap utawi wonten ing sisih nèmpèl dumugi ukuran tartamtu. Lajeng icul lan tuwuh dados individu énggal [1] .

Jinis anémon segara[besut | besut sumber]

Sapunika anémon segara sampun kathah ingkang dipun-budidayaaken kadosta :

  • Anémon karang utawi kawéntar kanthi nama karang anémon. Anémon ingkang wujuduipun lonjong ing bagéyan dhasaripun. Awakipun kebak kaliyan jari-jari warni coklat tua. Wonten ing pucuking jari-jari wonten bintik ireng kados mata. Anémon karang punika nempel wonten ing karang ingkang dipunbentuk. Kejawi punika anémon jinis punika mangan plankton ingkang wonten ing toya. Menawi mati anémon karang punika mbentuk karang ingkang atos.[8].
  • Anémon srengéngé, anémon srengéngé wujudipun bunder lan kathah jaro-jari. Anémon matahari warninipun belang putih lan coklat enèm. Anémon punika dipunwastani anémon srengéngé awit saking menawi jari-jarinipun medal kados srengéngé. Anemon srengéngé mangan plankton lan boten mbebayani tumrap manungsa lan ulam sanèsipun. Ananging menawi anemon jinis punika mati kedah dipun-angkat amargi saged damel mambu.[8].
  • Anémon pasir utawi wedhi, wujudipun kados piringan ingkang kebak wedhi. Anémon wedhi warninipun coklat enèm dumugi coklat peteng. Anemon jinis punika dados papan minangka kempaling para ulam-ulam.[8].
  • Anémon clown. Inggih punika salah satunggaling jinis anémon ingkang dipunremeni déning pecula clownfish (nemo). Anémon jinis punika kalebet jinising anémon ingkang akfit pindah papan. Kadangkala boten dipunremeni déning akuaris amargi anémon clown punika boten saged tetep anggènipun mapan amargi saged nèmpèl wonten ing watu karang ugi saged nèmpèl wonten ing watu koral sanèsipun [9].
  • Anémon jagung punika jinising anémon ingkang pucukipun awujud jagung. Anémon jinis punika dipunremeni déning clownfish kanthi jinis balong (maroon clownfish) [9].
  • Anémon pantat abang punika jinising anémon ingkang dipunremeni déning jinis skunk clownfish (giro pelet) ugi dipunremeni déning ulam jinis clownfish sanèsipun.

Anémon kagungan racun (wisa)[besut | besut sumber]

Anémon punika wonten ugi ingkang ngandhut racun, ing antawisipun :

  • Ammonia sulcata, ingkang kawéntar kanthi nama anémon penyengat saking Éropah gesang wonten Lautan Atlantik sisih wétan lan Mediterania kalebey jinis umum saking perairan dangkal[2].
  • Actinodendron plumosum dipunwastani anémon api neraka gesang wonten ing perairan tropis, Pasifik[2].
  • Rhodactis howesi dipunwastani anémon Mata-mutu. Ananging wonten ing Polensia asring dipundhahar kanthi dipunmasak rumiyin. Menawi boten dipunmasak wisanipun boten ical. Jinis punika gesang wonten ing perairan tropis Pasifik lan Samodra Hindia[2].

Gerahing akibat kénging anémon jinis punika damel bintik-bintik abang ing kulit kanthi raos panas lan gatel. Lajeng melepuh kados ditusuk barang runcing, ananging saged mari piyambak saksampunipun pinten-pinten dinten.

Kualitas toya kanggé anemon segara[besut | besut sumber]

Menawi miara anémon segara punika kedah nggatosaken kualitas toya optimum, inggih punika : suhu toya 24 – 29 0C, oksigèn terlarut 2,4 – 6 mg/l, utawi 4 – 7 mg/I, nitrit 0,551 – 0,552 mg/I atau 0,5 mg/I, Ammonia 0,01 – 0,021 mg/l utawi 0,1 mg/l lan pH 7,2 – 8,3 utawi 8 – 8,3 [8].

Syarat supados anémon segara saged gesang kanthi saé punika mapan wonten ing suhu kirang langkung 29-32 0C kanthi kadar salinitas ing antawisipun 31 – 33 ‰. Anemon badhé optimum gesang wonten ing toya ingkang kagungan intensitas srengéngé ingkang anget ugi nutrient ingkang kathah kados wonten ing ekosistem terumbu karang ingkang kagungan asupan nutrient ingkang kathah lan intensitas srengéngé ingkang saé [8].

Panganan[besut | besut sumber]

panganan anémon : plankton
panganan anémon : crustacea

Adhédhasar panganan, anémon punika dipunpérang dados kalih, inggih punika  :

  • fisher inggih punika kelompok anémon ingkang mangan ulam-ulam alit, crustacea, lan plankton. Mangsa ingkang kasengat déning nematoksis lajeng dipunjeret ngginakaken tentakel banjur dipunbeta dhateng tutuk. Kanggé anemon ingkang kagungan simbiosis mutualisme kaliyan ulam Amphiprion, ulam punika paring pambiyantu anémon nugel panganan lan mbantu mlebetaken dhateng tutuk anémon [1] .
  • particle feeder inggih punika kelompok anémon ingkang pikantuk panganan ngginakaken mucus. Partikel ingkang nèmpèl wonten ing mucus lajeng dipunbeta dhateng tutuk kanthi ngginakaken silia ingkang wonten ing sadaya permukaan awak [1] .

Pengaruhing cahya tumrap metabolisme anémon segara[besut | besut sumber]

Cahya srengéngé kalebet faktor wigati wonten ing metabolisme anémon amargi cahya srengéngé kagungan peran wonten ing prosesing fotosintesis. Organisme ingkang nglampahi simbiosis mutualisme kaliyan anémon segara inggih punika zooxanthellae. Zooxanthellae kagolong faktor ingkang ngendalikaken metabolisme anémon laut ateges saya alit intensitas cahya srengéngé ingkang mlebet perairan dumados proses fotosintesis punika kirang. Déné zooxanthellae sansaya kirang populasinipun awit kathah ingkang mati amargi penetrasi cahya srengéngé ingkang kirang saéngga organisme kasebut angèl anggènipun damel panganan utawi fotosintesis. Kedadosan kasebut damel kalimpahan lan metabolisme anémon segara keganggu [8].

Manfaat anémon segara[besut | besut sumber]

  • Gesanging anémon segara ingkang nèmpèl ing terumbu karang ndadosaken pemandangan segara katon éndah [2].
  • Anémon segara punika dados papan gesangipun 26 jinis iwak hias Amphiprion kalebet satunggal jinis Premas biaculeatus[2].
  • Wonten ing Kepulauan Seribu anémon-anémon punika saged dipun-dhahar saking jinis ingkang kagungan tentakel dawa ugi tentakel cendhak. Ananging anggènipun ngolah kedah dipun-kumbah kanthi resik lendir-ipun amargi menawi boten resik lan pinter anggènipun ngolah ngakibataken gatel-gatel[2].
  • Manfaat sanèsipun inggih punika dipunpendhet kanggé ngisi akuarium laut[2].

Cara mendhet anémon[besut | besut sumber]

Anémon punika kéwan ingkang nèmpèl wonten ing piranti kasar ing dhasaring laut. Awakipun lunak awit saking menawi dipunpendhet kanthi dipeksa wonten bagéyan awak ingkang tugel lan ketinggal. Miturut katerangan saking nelayan Pulo Seribu mendheting anémon punika gumanthung kaliyan ancasipun, badhé dipunmasak menapa kanggé hiasan. Menawi badhé dipunmasak caranipun gampil namung ngginakaken ladèng (pisau) utawi pring kanggé ngungkit dhasaring anémon ingkang nèmpèl wonten ing papan sanès[2].

Mendhet anémon kanthi ancas hiasan ngisi akuarium punika kedah ngatos-atos lan ngginakaken piranti kados pahat lan palu. Kejawi punika mbetanipun ngginakaken dondang inggih punika keranjang ingkang kiwa tengenipun dipunsukani pelampung supados anémonipun boten numpuk[2].

Galeri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e [1], (id) http://repository.ipb.ac.id (dipun-akses tanggal 25 November 2012).
  2. ^ a b c d e f g h i j k [2], (id) http://www.oseanografi.lipi.go.id (dipun-akses tanggal 25 November 2012).
  3. ^ Situs Greenfins Indonésia: Anemon Laut Yang Sudah Dibudidayakan
  4. ^ a b c [3], (id) http://www.anneahira.com (dipun-akses tanggal 03 November 2012).
  5. ^ (en) HICKMAN, C.P. 1967. Biology of the in-vertebrata C.V. Mosby Company. Hal 123
  6. ^ (en) CARLGREN, 0. 1956. Actiniaria from depth exceeding 6000 m In. Scientific Result of The Danish Deep Sea Expedition Round the World 1950
  7. ^ [4], (id) http://www.jendela-alam.com (dipun-akses tanggal 25 November 2012).
  8. ^ a b c d e f [5], (id) http://risnotes.com (dipun-akses tanggal 03 November 2012).
  9. ^ a b [6], (id) http://www.fishloverclub.com (dipun-akses tanggal 25 November 2012).

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Anémon_segara&oldid=1075686"