Warigaluh
Praèn

The Fisherman (Sang Warigaluh) – déning Charles Napier Hemy, 1888

Warigaluh utawi indrajala utawi tiyang belahan utawi pamisaya iwak utawi juru misaya utawi juru-amek-iwak utawi pamayang (cara Indonésia: nelayan) inggih punika istilah kanggé tiyang ingkang padintenipun misaya ulam utawi sato bangsa kerang wonten ing angga tirta.[1] Ing saindenging donya, wonten udakawis 38 yuta warigaluh dagang lan warigaluh rakyat, sarta wong tani mina.[2] Istilah punika ugi angsal ateges warigaluh wisata. Misaya ulam sampun minangka caraning pados tedhan kawit mangsa Mésolitikum.[3] Wonten ing nagari-nagari tumuwuh, kathah warigaluh ingkang ngginakaken pirantos prasaja nedya misaya ulam. Warigaluh wonten ing nagari-nagari majeng limrahipun ngginakaken pirantos lan baita ageng atèknologi majeng.
Tegesing tembung-tembung
[besut | besut sumber]| Cara Jawa | Cara Indonésia | Cara Inggris | |
|---|---|---|---|
| krama | ngoko | ||
| warigaluh | nelayan | fisherman | |
| misaya ulam | amèk iwak | memancing | fishing |
| sato | binatang | animal | |
| angga tirta | badan air | body of water | |
| udakawis | udakara | kira-kira | approximately |
| warigaluh dagang | nelayan komersial | commercial fisher | |
| warigaluh rakyat | nelayan rakyat | artisanal fisher | |
| tani mina | tani ikan | fish farming | |
| warigaluh wisata | nelayan rekreasi | recreational fisher | |
| tedhan | panganan | makanan | food |
| nagari tumuwuh | nagara tumuwuh | nagara tumuwuh | developing country |
| pirantos | piranti | peralatan | equipment |
| prasaja | prasaja | simple | |
| nagari majeng | nagara maju | nagara maju | developed country |
| baita | prau | perahu | boat |
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ 45-3011 Fishers and Related Fishing Workers US Department of Labor
- ↑ FAO: Fishing people. Retrieved 7 July 2008.
- ↑ Early humans followed the coast BBC News articles