Wong Dayak Tunjung
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(kurang lebih 76.000,.) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Kabupatèn Kutai Kartanagara lan Kabupatèn Kutai Kulon, Kalimantan Timur: 76.000 | |
Basa | |
Tunjung (tjg), Indonésia | |
Agama | |
Kristen Protèstan,Katulik,Islam. | |
Golongan ètnik magepokan | |
suku Dayak(Rumpun Ot Danum) ,suku kutai) |
Suku Tunjung utawi Dayak Tunjung inggih punika bebrayan ingkang dumunung ing Kabupatèn Kutai Kartanagara lan Kabupatèn Kutai Kulon (24,2%), Kalimantan Timur.[1] Suku Tunjung mapan ing laladan kacamatan[2]:
- Long Iram, Kabupatèn Kutai Kulon
- Tering, Kabupatèn Kutai Kulon
- Linggang Bigung, Kabupatèn Kutai Kulon
- Barong Tongkok, Kabupatèn Kutai Kulon
- Melak, Kabupatèn Kutai Kulon
- Sekolaq Darat, Kabupatèn Kutai Kulon
- Muara Pahu, Kabupatèn Kutai Kulon
- Kacamatan Mook Manor Bulatn, Kabupatèn Kutai Kulon
- Désa Enggelam, Muara Wis, Kabupatèn Kutai Kartanagara
- Désa Kelekat, Kembang Janggut, Kabupatèn Kutai Kartanagara
- Désa Bukit Layang, Kembang Janggut, Kabupatèn Kutai Kartanagara
- Désa Pulau Pinang, Kembang Janggut, Kabupatèn Kutai Kartanagara]
- Désa Lamin Telihan, Kenohan, Kabupatèn Kutai Kartanagara
- Désa Teluk Bingkai, Kenohan, Kabupatèn Kutai Kartanagara
- Désa Lamin Pulut, Kenohan, Kabupatèn Kutai Kartanagara
Tonyoy-Bawanaq minangka nama sanès sakingi Tunjung-Bawanaq. Kekalih Suku Dayak punika ngraos boten saged crah saking segi sosial lan budaya. Nanging, asring ugi dipunsebutaken kanthi kapisah, inggih punika Suku Dayak Tunjung lan Suku Dayak Bawanaq.
Sajarah lan Asal-usul Nama Dayak Tunjung
[besut | besut sumber]Boten wonten data kaserat babagan asal usul Suku Dayak Tunjung punika. Kita saged mangertosi asal usulipun naming saking cariyos-cariyos rakyat saking tiyang-tiyang sepuh ingkang dipunwarisaken kanthi turun-temurun.[3]
Konon miturut cariyos Suku Dayak Tunjung punika asalipun saking déwa-déwa ingkang njalma dados manungsa saperlu ndandani dunya ingkang sampun risak ingkang kawentar kanthi sebutan “Jaruk’ng Tempuq”. Jaruk’ng minangka nama déwa ingkang dados manungsa lan Nempuuq utawiTempuuq ateges miber. Nama suku Dayak Tunjung punika miturut rakyat minangka Tonyooi Risitn Tunjung Bangkaas Malikng Panguruu Ulak Alas ingkang tegesipun Suku Tunjung minangka pahlawan ingkang fungsinipun minangka déwa pelindung.[3]
Nama asli suku Tunjung punika inggih Tonyooi. Déné tembung Tunjung piyambak ing basa dayak Tunjung inggih punika “Mudik” utawi nuju ing arah kali. Cariyosipun makaten. Ing sawijining dinten sawijining Tonyooi Mudik lan kepanggih kaliyan tiyang Haloq (Sebutan Suku Dayak dhumateng sawijining tiyang ingkang nilaraken adat dayak) lajeng Haloq mau pirsa kaliyan Tonyooi badhé tindak pundi, lajeng Tonyooi mangsuli “Tuncuuk’ng”, tegesipun mudik. Tiyang Haloq lajeng biyasa ningali tiyang ingkang kados dipunpanggihi wau dipunsebut “Tunjung” lan dumugi sapunika namanipun taksih dipun-ginakaken.[3]
Paguyuban
[besut | besut sumber]Wekdal punika wonten paguyuban/ormas kanggé manungalaken kekalih sub-ètnis punika, inggih Sempekat Tonyoi Bawanaq. STB ugi minangka anggota Persekuthuan Dayak Kalimantan Timur (PDKT). STA (Sempekat Tonyoi ASA), gabungan sedasa kampung kanthi nama pungkasan asa kados ta:
- Balok Asa
- Juhan Asa
- Ngenyan Asa
- Muara Asa
- Pepas AsA
- Asa
- Ombau Asa
- Geleo Asa
- Gemuhan Asa.
Dialék
[besut | besut sumber]Éwadéné Dayak Tunjung minangka sawijining sub saking Dayak, nanging ing Dayak Tunjung piyambak wonten bedanipun logat basa lan wujud kabudayan, nanging boten saking dhasar. Akibat penyebaran punika saéngga kadadosana manéka jinis, inggih punika:[4]
- Tunjung Bubut,dumunung ing laladan Asa, Juhan Asa, baloq Asa, Pepas Asa, Juaq Asa, Muara Asa, Ongko Asa, Ombau Asa, Ngenyan Asa, Gemuhan Asa, Kelumpang lan sakanan kiringipun.
- Tunjung Asli, dumunung ing laladan Geleo (énggal lan dangu)
- Tunjung Bahau, dumunung ing Barong Tongkok, Sekolaq Darat, Sekolaq Muliaq, Sekolaq Oday, Sekolaq Joleq lan sakanan kiringipun.
- Tunjung Hilir, dumunung ing wewengkon Empas, Empakuq, Bunyut, Kuangan lan sakanan kiringipun.
- Tunjung Lonokng, dumunung ing laladan seberang Mahakam inggih punika Gemuruh, Sekong Rotoq, Sakaq Tada, Gadur lan sakanan kiringipun.
- Tunjung Linggang, dumunung ing laladan dataran Linggang kados ta Linggang Bigung, Linggang Melapeh, Linggang Amer, Linggang Mapan, Linggang Kebut, Linggang Marimun, Muara Leban, Muara Mujan, Tering, Jelemuq, lakan bilem, into lingau, muara batuq lan wewengkon sakanan kiringipun.
- Tunjung Berambai, dumunung ing Wewengkon hilir kali Mahakam kados Muara Pahu, Abit, Selais, Muara Jawaq, Kota Bangun, Enggelam, Lamin Telihan, Kemabgn janggut, Kelkat, lan Pulau Pinang.
Tokoh-tokoh Suku Dayak Tunjung
[besut | besut sumber]- DR. Yurnalis Ngayoh MM, Mantan Gubernur Kalimantan Timur.
- Ismail Thomas SH,M.Si Bupati Kabupatèn Kutai Barat 2006 – 2011, 2011 – 2016.
- Y. Dullah, Ketua Presidium Dewan Adat, Kutai Barat.
- Drs Thomas Edison M.Si Dirjen Bimas Kristen Protèstan Depag RI Jakarta.
- Prof DR Louren Edison Dosen Pasca Sarjana UNAIR Surabaya.
- Kolonel Yohanes Ubad Mantan Mawil hansip Bankalan Madura (swargi).
- DR.Elyas Malat Dekan Fakultas Ékonomi Universitas Pelita harapan Jakarta.
- Samsudin Saudagar/Pengusaha diJakarta (swargi).
- Yahya Ibung SH tokoh dayak tunjung ing Balikpapan.
- Dr. Melki Kamuntik, M.Pdk Kepala Bimas Kriten Protèstan Kalimantan Timur.
- DR.Samson Dosen Fakultas Perikanan Unmul Samarinda.
- DR.Theresia Malat Dosen unmul Samarinda.
- Maria Margareta Puspa Rini SE Anggota DPRD Kalimantan Timur.
- Drs. Thamus Bodjer MM Wakil Ketua STB Kalimantan Timur.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Kamus Basa Tunjung Archived 2008-02-19 at the Wayback Machine.
- Tunjung[pranala mati permanèn]
- [3] Archived 2021-12-14 at the Wayback Machine.
- http://ceritarakyatnusantara.com/id/folklore/240-Asal-Usul-Raja-Raja-Suku-Tunjung Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.