Wong Laut
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Suku Laut utawi asring ugi dipunsebut Tiyang Laut inggih punika suku bangsa ingkang dumunung ing Kapuloan Riau, Indonésia.
Langkung luas, istilah Tiyang Laut nglingkupi "manéka suku lan golongan ingkang dumunung ing pulo-pulo lan muara kali ing Kapuloan Riau-Lingga, Pulo Tujuh, KapuloanBatam, lan pasisir lan pulo-pulo ing lepas pasisir Sumatera Timur lan Ujung Malaya pérangan selatan." [1]
Sebutan sanès kanggé Tiyang Laut inggih punika Tiyang Selat. Tiyang Laut kadang kala rancu antawis Tiyang Laut kaliyan bebrayan maritim sanèsipun, Tiyang Lanun.
Kanthi historis, Tiyang Laut kala rumiyin inggih punika perompak, nanging peranipun wigati ing Karajan Sriwijaya, Kesultanan Malaka lan Kesultanan Johor. Tiyang Laut njaga selat-selat, ngusir bajak laut,lan mandu para pedagang nuju ing pelabuhan Karajan-kraton mau, lan njaga hegemoninipun ing laladan mau.[2]
Basa Tiyang Laut
[besut | besut sumber]Basa Tiyang Laut mirib kaliyan Basa Malayu lan dipungolongaken minangka Basa Malayu lokal. Sapunika tiyang laut limrahipun makarya minangka warigaluh. Kados suku Bajau tiyang laut kadang kala jejuluk minangka "kelana laut", amargi anggénipun gesang pindhah-pindhah ing nginggil perahu.
Sajarah
[besut | besut sumber]Nalika jaman kejayaan Malaka, Tiyang Laut minangka pendhukung wigati tumrap krajan maritim mau. Nalika Malaka asor, Tiyang laut nglajengaken kesetiaanipun dhumateng keturunan sultan Malaka ingkang lajeng yasa Kesultanan Johor. Nalika Walanda badhé nyerang Johor ingkang nembé bangkit nyaingi Malaka—ingkang abad kaping 17 dipunrebut Walanda saking—Sultan Johor ngancem badhé maréntah Tiyang Laut saperlu boten malih maringi perlindhungan dhumateng kapal-kapal Walanda.[3]
Nalika 1699 Sultan Mahmud Syah, keturunan pungkasan wangsa Malaka-Johor, séda. Tiyang Laut nolak ngakoni wangsa Bendahara ingkang minggah singgasana minangka sultan Johor ingkang énggal, amargi kulawarga Bendahara dipuncurigani ndhèrèk rajapejah wau. Nalika taun 1718 Raja Kecil, sawijining petualang Minangkabau ngakoni hak saking singgasana Johor, Tiyang Laut maringi sengkuyungan. Nanging kanthi sengkuyungan saking prajurit-prajurit Bugis Sultan Sulaiman Syah saking wangsa Bendahara sukses ngrebut malih singgasana Johor. Kanthi bantuan saking tiyang-tiyang Laut (Tiyang suku Bentan lan tiyang Suku Bulang) mbiyantu Raja Kecil yasa Kesultanan Siak, sabibaripun kausir saking Johor.[3]
Nalika abad kaping 18 peranan Tiyang Laut minangka penjaga Selat Malaka tumrap Kesultanan Johor-Riau dangu-dangu dipungantosaken déning suku Bugis.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ "The Malay Peninsula and Archipelago 1511–1722" The Encyclopedia of World History 2001;
- ↑ Mary Somers Heidhues. Southeast Asia: A Concise History. London: Hudson and Thames, 2000. Halaman 27
- ↑ a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-28. Dibukak ing 2016-03-02.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)